
Proses Kreatif Ing Sastra jawa
Share your love

Donyaning kepengarangan sajrone sastra
Jawa, sangertiku ora ana gegayutane karo
sekolahan sacara langsung, kejaba nalika
sepisanan ditepungake karo huruf-huruf,
aksara. Mula proses kreatif ing Sastra Jawa
mbokmenawa tinemu beneh kalayan ing
sastra liyane
PENGARANG sastra Jawa, saweruhku, luwih akeh ngendelake bakat alame. (Kaya kang daktulis ing Panjebar Semangat, No. 49, 3 Desember 2022). Ora mangkat saka bangku sekolah, nanging padha sinau sarana otodidak kanthi ngendelake intuisine kanggo nangkep fenomena, owah-gingsiring kahanan sarta tandha-tandhaning alam.
Awit saka iku aku yakin menawa pengarang crita cekak sakelas Djajus Pete ora tau nggepok senggol buku How Analize Fiction anggitane William Kenney kanggo nggarap cerkak-cerkake kang dibukokake ing antologi cerkak ‘Kreteg Emas Jurang Gupit’ kang banget narik kawigaten kuwi. Esmiet ora prelu maca luwih dhisik buku Aspects of the Novel-e EM Forster nalika nganggit novel ‘Tunggak-tunggak Jati’. Uga Poer Adhie Prawoto, penggurit tanggon saka tlatah Blora ing jagading puisi Jawa Modern, ora prelu nyilemi teori geguritan kang ditulis dening Jacques Maritain ing CreativeIntuition in Art and Poetry kanggo nglairake geguritan-geguritane kang mentes. Mengkono mitrane, uga panggurit ampuh, Soekarman Sastrodiwiryo, sing pendhidhikane mung tekan SMP.
Mbokmenawa mung panggurit Suripan Sadi Hutomo sing akeh nyinau buku-buku sastra, iku jalaran dheweke dadi dhosen sastra. Kuwi wae tetep amung panduga. Bisa uga literature saka para ahli sastra dunia sing disinau luwih kayadene kanggo modhal kerja kadidene dhosen lan kritikus sastra katimbang jejere minangka panggurit sastra Jawa. Kabukten saka racake guritan-geguritane luwih akeh ngrembug bab metafora karang padesan lan alaming sakiwatengene. Kayadene geguritane Suripaning ngisor iki.
NALIKA BUS
Nalika bis mangkat saka Bandung
Atikunratap njur dadi wujung
o, si kenja liwat katja djendhela
tutupen atimu
awit adoh ana ing desa
bangunredja
dasihku ngenteni wartaku
saputangan putih
nglentrih
mas har, mas ton, lan mas bin
mesem ngulungake balsem
aku ndhingkluk kaja keduwung
untung durung kadhung
jer dasihku setya nunggu
apa gunane gawe tatu ana katju
idaman lan kekarepan
ngrempjoke katresnan
tlatah pasundan
eloke njur mung ana sesawangan.
Bandung –Djakarta, 1970
Pancen ana kang ngakoni kanthi terus-terang sadurunge nggarap karyane luwih dhisik nindakake riset. Esmiet upamane, ngandharake anjangsanane menyang Thailand kanggo nggarap crita sambunge ing Panjebar Semangat kang sesirah ‘Lintang Wengi Dadi Ati” kang nyaritakake panguripane sawenehing biduanita anggone mburu sawenehing komponis kang marakake dadi penyanyi kawentar jalaran saka lagu-lagu reriptane.
Nanging ora akeh pengarang sastra Jawa kang nindakake riset kaya Esmiet. Mbokmenawa bisa ditambahi Suparto Brata kang pancen tekun memaca. Begawan Sastra Jawa kang novele ‘Donyaning Wong Culika’ nate gawe ‘geger’ ing sawijining dhiskusi ing Solo nalika semana, ngaku kanthi terang terangan menawa novel-novel dhetektife banget dipengaruhi dening buku-bukukarangane Conan Doyle, Alexandre Dumas, Mark Twain, Miguel de Cervantes, Jeffry Farnol, lan liya-liyanekang wis diwaca wiwit penjenengane isih enom.
Sisane, ngarang manut krenteging ati, sabisa-bisane ngolah rasane, lan sawates kalantipane dhewe-dhewe. Yen wiwit taun 50-a
***
Panulis: Tito Setyo Budi















