Impen kang Nyawiji ing Tulehu

Ing Tulehu, Kabupaten Maluku Tengah, Provinsi Maluku, olahraga bal-balan pindhane uwit kang oyod-oyode nlolor menyang poncod kampung, nembus plataran omah, nganti gisik segara. Ana ing wilayah satingkat desa 2,3 Km pesagi ambane kang uga disebut Negeri kuwi, rasa tresna marang bal-balan diwarisake turun-tumurun ora beda marisake barang paling pengaji.

Ing dhaerah kang pendhudhuke 22.107 (sensus taun 2020) iku, bayi kang lair ceprot langsung dipapag dening crita-crita ngenani lapangan, gol, sarta bocah-bocah kampung kang nyabrang pulo saperlu ngrembakakake bakate. Bocah Negeri Tulehu, wiwit umur 6 taun wis akrab karo bal. Sikil-sikile sing isih rempi wis diajari nyepak bal, ngoper lan nggiring.

Ngancik umur 8 taun, kejaba wajib mlebu sekolah formal, bocah-bocah Tulehu uga diprenahake amrih melu sekolah sepak bola. Ing sekolah bal-balan mau, bakat sing thukul alami banjur dipoles lan diarahake. Diajari dhasar-dhasar main bal sing bener. Nanging nanemake semangat juang ing dhirine bocah-bocah mau diperdi luwih dhisik.

Lapangan Tulehu dadi papan sinau kang unik. Ora mung saderma ajar nggiring apadene nendhang bal wae, nanging uga kanggo ngundha gegayuhan. Maklum bocah-bocah iku ngrembaka karo mbayangake senior-seniore kang ngoyak impene engga kasil dadi pemain hebat klub-klub gedhe Indonesia. Sebageyan malah kuwawa nembus Tim Nasional PSSI.

Tumrap bocah-bocah Negeri Tulehu, bal-balan ora mung jembatan (kreteg) tumuju kondhang kaloka, nanging uga upaya ngrintis panguripan kang luwih becik amrih bisa ngangkat drajating kulawarga, ngyasakake omah kanggo bapak-ibune, sarta gawe bombonge warga kampung. Bocah-bocah iku kepengin mbuktekake lamun impen bisa diwujudake dening anake wong tani, nelayan, lan buruh.

Ewasemono ndadekake si bocah pemain bal pinunjul mbutuhake wektu. Ora bisa sulapan sedina dadi. Nalika madeg sekolah bal-balan sepisanan ing Tulehu, masyarakat isih gumun. Konsep mbibit calon pemain liwat sekolahan  durung lumrah kanggone masyarakat Maluku. Nanging sangsaya suwe sangsaya akeh bocah kang mlebu sekolah kasebut. Lan saka lapangan prasaja mau, gemblengane pelatih nguwohake pemain-pemain hebat. Antara liya Ramdani Lestaluhu, Rizky Pellu, Hendra Adi Bayau, Iksan Lestaluhu lan Alfin Tuasalamoni. Mungguhe sutresna bal-balan Indonesia, jeneng-jeneng kuwi wis ora asing maneh.

Senajan akeh sing wusana ninggalake kampung merga dikontrak klub-klub gedhe, nanging ana sawatara pemain sing milih tetep keri ana Tuhelu saperlu mbacutake ayahan mbina generasi-generasi anyar. Salah sijine Luthfi Lestaluhu. Kober nembus pentas bal-balan professional lan dikontrak klub sanjabaning Maluku, Luthfi kepeksa gantung sepatu jalaran cedera dhengkul sing ora enggal waras.

Beja dene lapangan Matawaru ing Tulehu wis direnovasi pemerintah daerah saengga sukete luwih empuk kanggo latihan. Suprandene piranti-piranti latihan, kaya dene bal, cone, barrier isih rekasa digoleki. Nanging kuwi dudu alesan kanggo aras-arasen latihan. Senajan fasilitase durung optimal, ewasemono bocah-bocah Tulehu ora kelangan semangat latihan kanggo mawujudake impene dadi pemain bal-balan top.

(Foto: ANTARA/Rivan Awal Lingga)

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 397