
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter

Kementerian Komunikasi dan Digital (Kemkomdigi) sarta Kementerian Perlindungan Pekerja Migran Indonesia (P2MI)/Badan Perlindungan Pekerja Migran Indonesia (BPPMI) wis medhot konten iklan-iklan lowongan kerja menyang luwar negri palsu. Ora tanggung-tanggung, iklan lowongan kerja fiktif kang wis diblokir dening Kemkomdigi-Kementerian P2MI sasuwene Januari nganti Agustus 2026 cacahe ana 7.908.
Menteri Komdigi Meutya Hafid ngandharake iklan-iklan palsu mau dibrastha saka media sosial. Miturut Meutya iklan fiktif mau kudu diilangi merga bisa njlomprongake masyarakat sing lagi mbudidaya golek penggaweyan. Meutya yakin ing walike iklan fiktif iku ana tindak kadurjanan apus-apus ngeruk dhuwite wong-wong sing lagi bingung golek penggaweyan. Mula Meutya njaluk masyarakat ora gampang percaya karo iklan-iklan lowongan kerja sing nawani gaji gedhe.
“Apus-apus kanthi kedhok lowongan penggaweyan mujudake ancaman serius tumrap masyarakat. Kemkomdigi lan Kementerian P2MI ora arep ngetogake ruwang digital kanggo sarana ngapusi wong-wong sing lagi mbutuhake penggaweyan,” kandhane Meutya ing Jakarta, Senen, 7 September 2026.

Meutya nuturake, upaya mbrastha iklan-iklan goroh mau terus ditindakake dening lintas kementerian. Kementerian siji lan sijine ngudi amrih pambrasthane iklan-iklan kasebut bisa selaras. Sing cetha, kandhane Meutya, pemerintah ora arep menehi papan kanggo obah tumrap durjana sing darbe karep meres masyarakat.
“Pelaku kadurjanan ora bakal dakwenehi papan kanggo nindakake pakarti apus-apus ing ruwang digital. Sapa sing nekad bakal ditindak kanthi serius dening kementerian sarta lembaga sing duwe wewenang,” kandhane tilas wartawati iku.
Meutya ngajab masyarakat ora terus percaya ngono wae yen weruh iklan lowongan kerja ing internet kanthi iming-iming gaji sarta fasilitas mencutake. Aja grusa-grusu transfer dhuwit kaya sing dijaluk jrone iklan mau. Perlu dicek luwih dhisik menyang instansi pemerintah bener orane isine iklan mau.
“Masyarakat uga perlu ati-ati, iklan lowongan kerja nyujanani iku dirilis dening instansi resmi apa dudu. Yen dudu, kemungkinan gedhe iklan kuwi palsu,” tuture Meutya.
Mungguhe masyarakat sing isih sujana marang keasliane iklan mau, Kemkomdigi mbukak sarana aduan (wadulan) liwat kanal aduankonten.id. Ora mung bab konten iklan palsu, kanan kasebut uga nampa wadulan ngenani konten-kontren negatif. Kanal aduankonten.id bisa dibukak gratis. Nanging sadurunge mlebu menyang kanal mau, ‘pelapor’ kudu mepaki syarat nganggo jenenge sing jangkep sarta alamat e-mail.
Sawise gawe akun, pelapor bakal dijaluk ngunggah tautan (link) sarta tangkapan layar konten utawa situs saka konten sing dilapurake mau. Pelapor uga dijaluk nulis alesane geneya kon nglapurake konten kasebut. Jaga-jaga ora ana alane supaya ora kebacut kapusan.
Mikuwati Patroli Siber
Wakil Menteri P2MI Christina Aryani nambahake pihake ora leren nindakake patroli siber kanggo nyapu iklan-iklan lowongan kerja ora resmi. Kanthi patroli rutin mau kabukten iklan-iklan palsu bisa dikonangi. Nadyan ewonan iklan fiktif mau wis dipedhot akses-e dening Kemkomdigi, nanging Kementerian P2MI ora ngendhorake patroli. Sebab modhus apus-apus liwat konten digital bisa muncul maneh sawayah-wayah.
Christina ngelikake masyarakat ora kepilut dening iklan lowongan kerja menyang njaban rangkah kanthi syarat-syarat sing katone gampang. Merga lowongan kerja tanpa prosedhur resmi satenane gampang disalahgunakake kanggo njlomprongake wong-wong sing lagi butuh penggaweyan iku menyang jurange pepeteng. Upamane didadekake anggota sindhikat kadurjanan ing mancanegara.
Christina nuturake, ora sethithik masyarakat sing kepencut dening iklan apus-apus mau. Nanging brekat siyap siyagane Kementerian P2MI, wong-wong sing meh wae kapusan iku bisa digagalake. Wiwit 2025 nganti Juli 2026, kandhane Christina, pemerintah kasil nyegah calon pekerja migran 6.668 budhal menyang luwar negri tanpa prosedhur resmi. Calon-calon pekerja iku dicegat ing lawang-lawang tapel wates, antara liya Riau, Kepulauan Riau, Kalimantan Barat, Kalimantan Utara, sarta Bandara Internasional Soekarno-Hatta.
Christina ngajab masyarakat sing kepengin nyambut gawe menyang luwar negri ngliwati jalur resmi kang digarisake pemerintah. Pamrihe supaya masyarakat sing kurang informasi mau ora kapusan dening sindhikat kadurjanan peteng mancanegara. Modhuse ngimpun tenaga kerja, nanging satemene duwe pamrih siningid. Yen wis kajebak jrone sindhikat, wong-wong mau angel metu.
(ANTARA)