Ngreksa ‘Merah Putih’ ing Tapel Wates Negara

“NKRI..harga mati!” 

Yel-yel iku diucapake rambah kaping telu dening prajurit Korps Marinir TNI Angkatan Laut (AL) kang kagabung marang Satuan Tugas Marinir Pengamanan Pulau Terluar (Satgas Mar Pam Puter) XXX, Pulo Sebatik, Kabupaten Nunukan, Kalimantan Utara, tengahe sasi Agustus 2026 kepungkur. Pambengoke yel-yel kaping telu mau minangka pratandha pungkasane apel tugas oprasi padinan.

Pulo Sebatik klebu kawasan strategis Republik Indonesia kang mbutuhake pengawasan khusus jalaran gandheng karo tapel wates wilayah Malaysia. Kanthi jembar 452,2 Km2, Pulo Sebatik didum dadi rong bageyan: sisih kidul mlebu wewengkone Indonesia dene sisih lor melu kukuban Malaysia.

Satgas Mar Pam Puter XXX kang dikomandhani Kaptem (Mar) Ahmad Rizwan nindakake patroli rutin ana sauruting pesisir, mligine panggonan sing dianggep gawat kanggo laku kriminal bangsane penyelundupan, dol tinuku barang ilegal, lan kegiyatan-kegiyatan sing ngancam kedaulatane wilayah Indonesia.

Kanggo ngreksa keamanan wilayah mau, prajurit Marinir cacah 130 sing ditugasake ana kono ambyur menyang satengahing masyarakat “perbatasan.” Nyawijine Marinir lan masyarakat lokal Sebatik dadi beteng paling ngarep Republik Indonesia iring lor. Lan 130 Marinir iku disebar ana pitung panggonan, yaiku Tanjung Aru, Sungai Pancang, Sungai Bajau, Sungai Taiwan, Balansiku, Tembaring lan Bambangan.

Tapel wates Indonesia-Malaysia ing Pulo Sebatik mung tinengeran nganggo 144 pathok. Pathok-pathok mau isih gampang digeser dening tangan-tangan culika sing duwe karep kurang becik. Mula Marinir nggandheng Yonkaf 13/ SL TNI Angkatan Darat ditambah sawatara satuan kanggo ngreksa pathok-pathok mau.

Korps Marinir TNI AL diwenehi tugas dening negara amrih samapta ana saurute pesisir kang nduweni tapel wates wilayah karo negara liya. Ing saben “lawang” mlebu lan metu saurute pesisir mau, klebu dermaga-dermaga cilik, wajib dijaga rapet kanggo ngawekani timbule tindak kadurjanan. Barang-barang sing mlebu apadene metu wajib dipriksa kanthi tliti.

Kanthi wilayah Indonesia sing sebageyan gedhe wujud banyu (perairan), kemampuan mobilitas lan operasi amfibi Korps Marinir banget diandelake jrone ngayahi kuwajiban kasebut. Pepalang ngreksa tapel wates negara ora mung faktor geografis, nanging uga dinamika sosial (gilir gumantine lelakon) tengahing masyarakat pesisiran kono.

Masyarakat lokal mau perlu dirangkul kanthi kebak rasa sapepadhane manungsa (humanis) amrih aparat sing duwe tugas ngreksa kawutuhane negara mau ditampa ana tengahe bebrayan. Mapane prajurit-prajurit Korps Marinir ing Sebatik ora mung magepokan karo “pertahanan” lan “keadulatan”, nanging uga kanggo nyengkuyung program-programe pamarentah ing wilayah tapel wates. 

(Foto-foto: ANTARA/ M. Risyal Hidayat).

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 393

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *