
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter

Mlayu, mujudake olah raga paling gampang, uga ora butuh ragad akeh. Jalaran, ora butuh papan lan piranti mligi. Uga, bisa katindakake kapan wae, dhewek- en utawa rame-rame. Kang kudu digatekake yaiku, yen apes-e, ngalami

Olah raga mlayu mono, umume bisa migunakake sepatu, utawa “nyeker”. Sepatune wae ora kudu rega larang, pokoke sepatu kang pancen trep kanggo mlaku rikat. Anggere dudu pantovel utawa sepatu jinjit. Dene yen dalane rata, ora panas ngenthang-enthang, cekeran wae ya bisa. Mula, mlayu asring diarani olah raga murah meriah.
Sanadyan tanpa pirani neka-neka, ananging luwih prayoga kita ngerti kanthi rinci bab olah raga iki. Kanthi mengkono, bisa ngawekani amrih olah raga kang niyate kanggo njaga kasarasan, ora malah njalari kelaran. Dene yen kaya katur ing ndhuwur mau, apes, banjur njalari lara, kita wis siyaga. Bisa ngatasi tanpa kemrungsung, ing pangajap ora salah kedaden.
Salah sijine yaiku keseleo. Iku arane, kang wis mesthi kerep keprungu. Dene sacara medhis, paling umum ana 2 jinis gangguwan ing igel-igelan sikil tumuju dlamakan. Yaiku Achilles Tendinitis lan Shin Splints.

Achilles Tendinitis yaiku yen larane krasa ing sikil perangan mburi, ndhuwure tungkak. Umume dumadi amarga bobot saka kempol kakehan. Bisa amarga olehe mlayu mempeng, ananging kurang pemanasan.
Prayogane, sadurunge mlayu, ya otot dilemesake dhisik. Bisa kanthi ngadeg jejeg banjur jinjit, ditahan sauntara. Baleni maneh nganti ping 15. Dene nalika mlayu, rindhik-rindhik dhisik. Kena wae yen arep imbuh rikat, ananging mbaka sethithik.
Prayogane, sadurunge mlayu, ya otot dilemesake dhisik. Bisa kanthi ngadeg jejeg banjur jinjit, ditahan sauntara. Baleni maneh nganti ping 15. Dene nalika mlayu, rindhik-rindhik dhisik. Kena wae yen arep imbuh rikat, ananging mbaka sethithik.
Perangan liyane kang kudu disetitekake yaiku dhengkul. Dhengkul iku mujudake balung ketemu balung lan ing tempukane ana bathoke. Ngisorane bathok iku, karan tulang rawan. Bageyane tulang rawan, wujud saemper bantalan mlengkung, aran meniskus. Gangguwan kerep dumadi ing perangan iku. Yen mangkono, rasane ya lara tenan. Ora mung ing dhengkul thok, ananging njalar tekan pupu lan bangkekan.
Umume, kang dadi jalarane padha karo ndhuwur mau. Kurang pemanasan. Mula, nglemesake otot luwih dhisik pancen wigati tenanan. Kejaba saka iku, sadawane mlayu, ya kudu nggatekake dalan. Amrih ora kejeglong, kang bisa njalari keseleo, utawa tiba. Tiba iki bisa krungkep, kejengkang, kejungkel, keplarak. Nalika tibane ora bisa ngendhaleni badan alias kelangan keseimbangan, mula mbebayani kanggone dhengkul lan sikil.
Perkara liyane, kang uga lumrah dumadi yaiku otot ketarik. Iki bisa ing perangan pundhak, geger, bangkekan, nganti pupu lan kempol. Jalaran ya pancen nalika mlayu, meh kabeh perangane badan iku obah. Kanggo ngawekani bab iki, nalika pemanasan, kudu rata ananging uga aja keladuk. Nalika nglemesake otote badan, anggone narik utawa ngobahake samadya wae. Wis, ayo padha miwiti olah raga kanthi pener, amrih jinaga kasarasane badan.
*****
Panulis: lie