Kasiyate Si Abang Putih Rerenggan Bumbon Pawon

Brambang lan bawang

Brambang lan bawang dadi bumbu pawon kang meh ora bisa dipisahake saka olahan panganan saben dina. Ambune kang khas lan rasane kang gurih ndadekake kalorone kerep digunakake kanggo wimbuh nyamlenge rasane maneka warna panganan. Saliyane meh ora tau absen ing saben olahan pawon, brambang lan bawang nyatane ya sugih kasiyat tumrap kasarasan.

Ing kapustakan medhis, kalorone wis akeh dirembug lan dipercaya gedhe pigunane tumrap kasarasan. Panganggone tumrap kasarasan kasebut uga wis suwe kacathet ing kapustakan Jawa, salah sijine sajrone Serat Primbon Jampi Jawi, terbitan Tan Khoên Swie taun 1933 koleksi Perpustakaan Dewantara Kirti Griya (Tamansiswa).

Kandhutan lan Mupangate Brambang

Brambang (Allium cepa) ngandhut senyawa bioaktif, salah sijine yaiku senyawa organosulfur, kalebu cysteine sulfoxides, thiosulfinates, lan sulfides. Senyawa kasebut nduweni potensi antimikroba lan anti-inflamasi sing bisa ngalangi tuwuhing sawenehing mikroorganisme lan mbantu nyuda inflamasi ing awak.

Ing Serat Primbon Jampi Jawi, para maos bisa nggodhog banyu lan brambang banjur godhogane diunjuk kanggo nambani lara weteng. Iki mono jalaran kedayan sipat antimikroba lan anti-inflamasi sing kinandhut ing brambang. 

Brambang uga sugih flavonoid, utamane quercetin lan turunane. Quercetin nduweni sipat antioksidan kanggo mbantu ngawet-ngaweti sel saka stres oksidatif kang gegayutan karo tekanan dharah, kadar gula, lan lemak dharah.

Kejaba saka kuwi, senyawa fenolik sajrone brambang ya bisa dadi antioksidan, mbantu mungsuhi stres oksidatif sing bisa ngrusak sel kang gegayutan karo kasarasan jantung, metabolisme, lan proses inflamasi.

Kandhutan lan Mupangate Bawang 

Bawang (Allium sativum) ngandhut senyawa organosulfur, kaya ta alliin, allicin, ajoene, diallyl disulfide (DADS), lan diallyl trisulfide (DATS). Alliin kang owah dadi allicin nduweni potensi antimikroba, dene ajoene, DADS, lan DATS nduweni potensi minangka antioksidan sarta anti-inflamasi.

Kandhutane bawang kuwi gegayutan karo kesehatan kardiovaskular lan metabolisme kang nuduhake yen bawang bisa mbantu nyuda tekanan dharah, kolesterol, trigliserida, lan gula dharah. 

Saliyane kuwi, senyawa organosulfur ing saperangan panliten padha nuduhake potensi nyandhet tuwuhing sel kanker, kalebu kanker lambung. Nanging, bukti kasebut isih akeh asale saka panliten laboratorium lan kewan, saengga potensine isih mbutuhake panliten luwih jero.

Bawang uga wis kacathet ing Serat Primbon Jampi Jawi Jilid I. Ing kapustakan kuwi, si putih iki bisa nyuda riyak ing gorokan lan yiyid ing irung. Iki bisa digayutake karo panliten ngenani senyawa bawang kang ngalangi tuwuhing sawenehing mikroorganisme. 

Cathetan ing kapustakan Jawa lan panliten bisa dadi ancik-ancik kanggo ngerteni kandhutan lan mupangate bawang lan brambang kanthi jembar. Saka pawon nganti kapustakan Jawa, kita bisa mahami yen bahan kang saben dina katon prasaja iki nduweni sejarah panganggone kang dawa lan isih narik kawigaten kanggo terus disinaoni. 

Panulis: Tika Puji Lestari
(Mahasiswa Magang S-1 Pendhidhikan Basa lan Sastra Jawa, Universitas Negeri Surabaya)

Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi

Bagikan artikel ini
Tika Puji Lestari
Tika Puji Lestari
Articles: 15