
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter

Panjebar Semangat kinarya kalawarti kang setya tuhu nggandheng lakune donyaning pawiyatan luhur. Jalaran suguhan-suguhan sajrone Panjebar Semangat mesthi bae ginayut karo darmane mahasiswa lan dhosen jurusan basa Jawa sadawane ngambah marganing akadhemis. Saben edhisi sing diterbitake ora ngemungake marang suguhan…

Pemerintah Kabupaten Ngawi, Jawa Timur terus mbudidaya ngundhakake jembare lahan tandur jagung minangka wujud ketahanan pangan. Wakil Bupati Ngawi Dwi Rianto Jatmiko ngandharake, jagung klebu komodhitas alternatif kang nduweni potensi gedhe ing tlatah Ngawi mbeneri mangsa ketiga. Luwih-luwih ing wewengkon…

Pethikan gitar kang nembangake lagu nostalgia iku kepenak rinungu, sumusup antaraning ganda kopi karo obrolane pelanggan kafe ing poncod ibu kota kuwi. Sing duwe kafe ngerti banget menawa swara musik ora beda nyawa tumrap papan usahane iku. Musik sing lembut…

Menteri Sosial Syaifullah Yusuf (Gus Ipul) nemenake program Sekolah Rakyat tetep mbacut jumbuh karo rancangan sekawit senadyan ana sawatara guru lan murid sing mundur. Guru-guru sing mundur mau, kandhane Syaifullah, wis lulus tes nanging durung penempatan. Wondene murid sing uga…

Menteri Kesehatan Budi Gunadi Sadikin mesthekake program Cek Kesehatan Gratis (CKG) bakal dileksanani nganti dhaerah-dhaerah kapencil. Miturut Budi pamarentah ora kangelan nggayuh plosok-plosok pradesan jalaran nduweni 10.000 puskesmas kang sumebar tekan kecamatan lan kelurahan. “Ora ana masalah,” ujare Budi nalika…

Gubernur Jawa Timur, Khofifah Indar Parawansa, ngandhakake yen Jatim siap dadi pelaksana pertama beras fortifikasi kanggo ningkatake gizine bocah liwat MBG. Nanging, Khofifah nandhesake yen langkah ksb kudu ana landhesan payung hukum lan aturan resmi saka pemerintah pusat supaya pangleksanane…

Presiden Prabowo Subianto mimpin upacara HUT RI kaping 80 ing Istana Merdeka Jakarta, Minggu, 17 Agustus 2025, jam 10.00. Iki kanggo sing sepisanan panjenengane mandhegani upacara pengetan Detik-Detik Proklamasi minangka presiden. Kejaba madeg dadi inspektur upacara, Prabowo uga maos teks…

Rikala aku isih nyambut gawe ing pemerintahan biyen, sejatine wis nate menyang Vietnam. Mung bedane wektu iku amarga tugas dhines. Ya krana tugas dhines mau mula wektune mung mligi kanggo ngestreni agendha kang wis ditetepake panitia. Lan agendhane padhet banget.…

Tim jukung naga Indonesia kasil ngukir prestasi kang mongkogake sajrone World Games 2025 kanthi nggayuh telung medhali emas lan rong medhali perak saka nem nomer sayembara nalika Minggu, 10 Agustus 2025 ing Xinglong Lake Hubin Arena, Chengdu, Cina. Prestasine tim…

Senajan katon resik tur garing, pranyata sikat untu bisa dadi petarangane kruma (bakteri) kanthi cacah luwih saka sayuta kang asipat patogen. Tumangkare kruma ing sikat untuk bisa dadi bibit kawite tuwuhe lara untu lan gusi. Kruma ing sikat untu ngrembaka…

Bab edipeni lan orane sawijining karya kuwi mono pancen relatif lan individual. Endah mungguhe sijine, durung tamtu endah mungguhe liyane lan kosokbaline. Ewadene, pambijene karya racake uga asipat kolektif. Ateges, tetimbangan bab kaendahan karya ora uwal saka pasarujuke wong akeh.…

Dinas Kebudayaan lan Pariwisata Jawa Timur mentasake drama tari modern asirah Rebellion in Wilwatikta. Ngangkat blegere Gayatri kang duwe labuh wigati nylametake kaprajan saka pangrebute Ra Kuti. Jroning sejarah Kraton Majapahit, Dyah Gayatri kang uga katelah Sri Rajapatni, duwe andhil…