
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter

Presiden Prabowo Subianto mratelakake, pamarentah bakal mbacutake program paket ekonomi cacah papat kanggo stimulus marang masyarakat nganti taun 2026. Program paket ekonomi mau antara liya Pajak Penghasilan (PPh) final 0,5 persen tumrap UMKM sing entuk-entukane Rp 4,8 miliar setaun, sarta…

Klompok seniman nampilake tarian jrone kegiyatan Pesta Rakyat ing rerangkene acara konferensi budaya internasional Culture, Heritage, Arts, Narratives, Diplomacy, and Innovations (CHANDI). Kegiyatan kuwi dileksanani ana Taman Budaya Bali, Denpasar, Setu (30/8/2025). Pesta rakyat sing diadani Kementerian Kebudayaan iku nampilake…

Bupati Probolinggo, Jawa Timur, Muhammad Haris mratelakake kesiapane nyengkuyung program pamarentah pusat lumantar swasembada gula. Miturut Haris, Probolinggo duwe kalodhangan mbalekake kejayaane dadi salah sijine pusat prodhuksi gula nasional kaya taun-taun kepungkur. Ing sejarahe, Probolinggo tau dadi salah sijine dhaerah…

Sadawaning garis pantai Bima, Dompu nganti Lombok Timur, Nusa Tenggara Barat (NTB), gumelare tambak uyah katon cumlorot kasentrong srengenge. Sakeplasan sesawangan kuwi mung prasaja wae. Nanging suwaliking kristal putih sing kumilat iku satemene sumimpen prekara lawas sing ora ana karampungane:…

Menteri Kesehatan (Menkes) Budi Gunadi Sadikin ajak-ajak kabeh warga masyarakat nggunakake kalodhangan cek kesehatan gratis sabecik-becike. Sebab, Presiden Prabowo Subianto pancen sengaja nyawisi program cek kesehatan cuma-cuma mau kanggo deteksi dini faktor risiko. Miturut Budi, eman banget yen masyarakat ora…


Warga ngusung tumpeng lan ingkung pitik jroning tradhisi Saparan sarta donga kamardikan ana perenging Gunung Andong, Dusun Mantran, Girirejo, Ngablak, Magelang, Jawa Tengah, Rebo (13/8/2025). Tradhisi Saparan utawa Merti Dusun kang bebarengan tibane karo sasi kamardikan Republik Indonesia kuwi minangka…

Pemerintah Kabupaten Ngawi, Jawa Timur terus mbudidaya ngundhakake jembare lahan tandur jagung minangka wujud ketahanan pangan. Wakil Bupati Ngawi Dwi Rianto Jatmiko ngandharake, jagung klebu komodhitas alternatif kang nduweni potensi gedhe ing tlatah Ngawi mbeneri mangsa ketiga. Luwih-luwih ing wewengkon…

Pethikan gitar kang nembangake lagu nostalgia iku kepenak rinungu, sumusup antaraning ganda kopi karo obrolane pelanggan kafe ing poncod ibu kota kuwi. Sing duwe kafe ngerti banget menawa swara musik ora beda nyawa tumrap papan usahane iku. Musik sing lembut…

Menteri Sosial Syaifullah Yusuf (Gus Ipul) nemenake program Sekolah Rakyat tetep mbacut jumbuh karo rancangan sekawit senadyan ana sawatara guru lan murid sing mundur. Guru-guru sing mundur mau, kandhane Syaifullah, wis lulus tes nanging durung penempatan. Wondene murid sing uga…


Menteri Kesehatan Budi Gunadi Sadikin mesthekake program Cek Kesehatan Gratis (CKG) bakal dileksanani nganti dhaerah-dhaerah kapencil. Miturut Budi pamarentah ora kangelan nggayuh plosok-plosok pradesan jalaran nduweni 10.000 puskesmas kang sumebar tekan kecamatan lan kelurahan. “Ora ana masalah,” ujare Budi nalika…