Warta Gres
Share your love
Warta Gres

80 Taun Mardika, Kawula Cilik Wimbuh Keplened?
Emane, pamarentah mung nyawang simbul One Piece iku minangka ancaman, nanging landhep dhengkul rasa pangrasane karo apa sing dirasakake masyarakat cilik ing walike protes kasebut. Gambar One Piece satengahing dalan paving salah sijine gang kampung kawasan Putatgede, Kecamatan Sukonamunggal, Surabaya,…

Dina-dina Pungkasane Dhien
Nadyan mung arupa replika, ewadene omah panggung ing Desa Lampisang, Kecamatan Peukan Bada, Kabupaten Aceh Besar kuwi dudu wewangunan sembarangan. Merga ya ing papan kono pejuwang wanita paling tanggon jroning sejarah, Tjut Nyak Dhien, dilairake. Ing omah prasaja kuwi geni…

Kuncarane Bebetenge Tim Garudha Mudha
Yen ditintingi kanthi permati, pancen finising kang dadi pasulayane timnas bal-balan U-23 sadawane Kejuaraan ASEAN. Nanging, ora ateges tim besutan Pelatih Gerald Vanenburg babar pisan ora nduweni prestasi kang mbombongake. Saiki, sektor serange timnas ora landhep, dene kosokwangsule dumadi ing…

Wingko Kriuk, Jajanan ‘Kekinian’
Wingko babat wis kondhang minangka sawijining panganan khas kutha Lamongan. Panganan sing digawe saka klapa enom iki nduweni citarasa legi, gurih lan nagihi. Nut lumakune jaman, Wingko babat wis ana kawit tahun 1898. Iki ora mung mligi panganan jenis kue…

Trump marang AP: “Ora Nulis Teluk Amerika, Ora Kena Golek Warta!”
Wartawan kantor berita The Associated Press (AP) ora diolehi liputan nalika Presiden Amerika, Donald Trump napak astani perintah eksekutif ing Ruang Oval Gedung Putih. Kang dadi jalarane, AP nandhesake yen ora gelem nulis Teluk Amerika minangka gentine Teluk Meksiko, kaya…

Kalal Karam Sound Horeg
Forum Satu Muharam 1447 Hijriyah Pondhok Pesantren Besuk Kabupaten Pasuruan netepake sound horeg kategori karam. Pangesuhe pondhok kasebut, KH Muhibbul Aman Aly, mratelakake fatwa karam sound horeg ora mung merga swarane sing mbrebegi, nanging uga nyakup timbule dhampak sosial sing…

Dwi lan Riri, Nadhahi Rejeki Mili saka Inuman
Jamu! Lhah, sapa wonge sing durung tau krungu? Akeh sing isih kulina ngunjuk, ana sing kala-kala, lan mbokmenawa ya ana sing ora seneng. Ananging mesthi ngertine. Bisane seneng utawa ora seneng rak ya lumrahe sawise ngicipi, hehehe…. Sanadyan ana mangsane…

Rekamane Donald Trump Ngincim Putin lan Xi Jinping
Ana wae pawarta bab Donald Trump. Durung suwe iki, sakehing warga lan pengamat ngundhat-undhat sesumbare priya 79 taun iku. Salah sijine yaiku anggone ngincim bakale nyerang Moskow entek-entekan yen Presiden Rusia Vladimir Putin nyerang Ukraina. Ukara sing diucapake Trump nalika…

Ngrumat Busine Pit Montor kanthi Permati
Busi minangka salah siji perangan wigati sajrone pit montor. Busi mengku kagunan minangka panithiking geni ing ruang bakar, saengga bisa ngobahake piston lan miter poros engkol. Jalaran digunakake kanthi wektu suwe utawa merga sawijining sebab, busi nyatane uga bisa benthet.…

Papan Wiyosane Bung Karno: Surabaya apa Jombang
Muncul panemu anyar saka komunitas Titik Nol Soekarno menawa Bung Karno dilairake ing Jombang, Jawa Wetan. Suprandene pamarentah wis ngakoni menawa presiden kapisan Republik Indonesia kuwi miyos ana Surabaya. Garwa, lan putra wayahe Bung Karno ora ana sing kabotan marang…

Langganane para Dhalang Dolan Menyang Sanggar Wayang Gogon
Sawise wayang kulit dikukuhake minangka warisan budaya donya dening UNESCO tgl 7 November 2003, pamore wayang mligine wayang kulit purwa bali gumregah maneh. Pagelaran wayang kulit sing sawetara taun kepungkur sepi, bali gayeng. Semono uga perajin wayang kulit padha wiwit…

Pak Besut
Nalika aku bukak-bukak majalah Panjebar Semangat edhisi 20 Maret 1937, ketemu rubrik “Sinambi Kalane Nganggoer.” Penulise nganggo jeneng singlon Seboel. Kang dakgumuni kok jenenge paraga-paragane padha karo giyaran Obrolan Pak Besut ing RRI Yogyakarta. Para maos kang saumuranku mesthi isih…












