Ukraina Ngrebut Bali Wewengkone

Pasukan artileri Ukraina nalika gladen perang ing Kherson

Ukraina ndhaku kasil ngrebut bali saperangan tlatah wewengkone kang maune dikuwasani Rusia. Yaiku 40 persen saka kang direbut Rusia wiwit Februari taun wingi. “Gunggunge dadi 28 persen saka sakabehing wewengkon kang dicaplok Moskow wiwit 2014 kepungkur,” ujare panglima angkatan bersenjata Ukraina, Valery Zaluzhny, liwat Telegram, kaya kapacak CNN.

Pasukan Ukraina pancen wiwit nggempur wewengkon kang dikuwasani lan didadekake papan punjering kakuwatane Rusia. Miwiti taun anyar wingi, Ukraina ndhaku yen serangane kasil niwasake tentara Rusia 400. Dene Rusia, selak, lan kandha yen prajurite sing tiwas 89 cacahe. Sadurunge iku, September, Ukraina males serangane Rusia ing Kharkiv. Sabanjure ngalih menyang Kherson lan ngrebut bali ibu kota regional kasebut. Ukraina sing maune katon nggrantes nalika Rusia miwiti invasi, keri-keri iki kinabarake bisa nyerang genti lan kasil.

Miturut ujare komandan, pasukan, uga pejabat Ukraina, kang dadi kuncine yaiku tak tik, memitran, uga pambiyantu saka negara liya. Koalisi karo NATO, sanadyan ora kanthi langsung, dikandhakake dadi kakuwatan pokok. Kaimbuhan pambiyantu saka Amerika Serikat. Sokongan wujud gegaman lan sumbang pikir, ndadekake pasukan Ukraina dadi bisa luwih permana anggone ngrancang strategi perang.

Kaya dipacak ing The Washington Post, Kolonel Jenderal Oleksandr Syrsky kandha yen memitrane karo negara-negara liya ngrembaka. “Negara-negara mitra weruh yen Ukraina kasil, kang tegese sokongan kasebut kita pigunakake kanthi trep,” ujare. Pasukan Ukraina nduwe gambar tlatah (peta) Kharkiv kang dikuwasani Rusia. Wujude 3D, ambane 158 meter. Kanthi piranti iku, para kumendhan bisa ngurutake gegambaran kutha, pereng, uga kali, diselarasake karo tak tik perange. Kejaba bab pangemonahe, uga samubarang bab rinci, ditambah rancangan kanggo jagan yen nganti ketatalan.

Wiwit mangsa semi, ujare Syrsky, dheweke sakanca wis nyetitekake Kharkiv lan kutha-kutha wigati liyane, kaya ta Balakkiya lan Izyum. Tlatah kasebut kabiji kayadene papane Rusia “ancik-ancik pucuking eri”. Izyum, wiwit sepisanan invasi, didadekake benteng militer dening Rusia.

Mula nalika wektu dheng eana putusan kanggo nyerbu, Ukraina kasil nglimpe. Rusia, kanthi salumrahe, ngira pasukan Ukraina ngupeng Izyum lan dipapanake ing Belgorod. Dipikire mokal yen nganti wani nyerang ing tengahe cer. “Kamangka ya iku kang dumadi,” ujare Syrsky.

Penulis

Lie

Bagikan artikel ini
auraberliana30
auraberliana30
Articles: 5