Dhandanggula Kangen Mring Kanjeng Nabi

DHANDANGGULA KANGEN MRING KANJENG NABI

Kasekaraken dening Sugeng Adipitoyo, Faisal Dhoni Kus Saputra, lan Dharmawan.

  1. Cahya abyor madhangi pêrtiwi, sumunar mubyar ana ing tawang, anênggih dalu wanciné, nggumun kang samya ndulu, angin sumilir têmah atis, sami asung dêdonga, gya puji rahayu, kalisa ing sambékala, paring titah mring titah kang nêmbé mijil, Njêng Muhammad asmanya.
  2. Rolas mulud lairé Njêng Nabi, anèng nêgara Mêkah samana, Aminah niku ibuné, Abdullah rama tuhu, dhasar bagus pêkik ing warni, bapa biyung pun séda, wiwit timuripun, têmah paman nggulawênthah, Abu Thalib kang sayêkti anrêsnani, satuhu dèn-gêgulang.
  3. Wontên carita ingkang winarni, risang bagus angancik diwasa, slawé taun pan yuswané, têkun nggènnya sinau, tuhu dagang kang dèntêkuni, lawan Dèwi Khadijah, ingkang wis misuwur, nyata sugih bandha donya, kênya loman lan sênêng têtulung yêkti, bêciké tinuladha.
  4. Tuhu Sang Pêkik dadya palupi, Njêng Muhammad dinuta Kang Kwasa sêkawan dasa yuswané, pinêrcaya Ywang Agung, mbabar kawruh ngèlmu agami, masanggrah nèng Mêdinah, kawula sadarum, tansah aparing pêpadhang, sanyata jalma oboring jagad nênggih, asih marang sasama.
  5. Tatkala nampi wahyuning Gusti, utusan Sang Jibril duk samana, ing guwa Hira pêrnahé papan kanggo manêkung, manêmbah mring Ywang Mahasuci, nyata jalma kang limpad, nalika rumuhun, sinêngkuyung pra sêkabat, Abu Bakar Umar Usman lawan Ali, mbérat angkara murka.

Matur Nuwun.

Bagikan artikel ini
Admin Panjebar Semangat
Admin Panjebar Semangat
Articles: 10

One comment

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *