Dwi lan Riri, Nadhahi Rejeki Mili saka Inuman

Jamu! Lhah, sapa wonge sing durung tau krungu? Akeh sing isih kulina ngunjuk, ana sing kala-kala, lan mbokmenawa ya ana sing ora seneng. Ananging mesthi ngertine. Bisane seneng utawa ora seneng rak ya lumrahe sawise ngicipi, hehehe….

Sanadyan ana mangsane rada santer rerasanan yen jamu iku kuna, ananging nyatane ramuan iku tekan saiki isih panggah ana. Malah, tansaya akeh kreasine. Racikane empon-empon Nuswantara iku tetep isih dadi sumbere rejeki tumrape sing gelem ubed ngolah.

Kaya kang dirasakake dening Dwi Kuntari. Pawestri 32 taun sing asline saka Pucungrejo, Kecamatan Muntilan, Kabupaten Magelang, Jawa Tengah. Dheweke ada-ada ngolah jamu lan dipasarake, nganti nduwe tetenger dhewe. Yaiku “Jamu Deka”.

Jamu dadi kawigatene Dwi, jalaran wiwit timure pancen kulina karo inuman tetamba iku. Jaman cilikane, yen watuk, simbahe putri meres jeruk bayi dicarub kecap, lan diombekake Dwi. Dene ing wektu liyane, nalika mangsa rendheng, sok kerep didhawuhi ngombe beras kencur. Nganti tekane ngancik prawan, dheweke uga tetepungan karo kunir asem.

Jamu racikane Dwi

Pait, legi, getir, kecut, dirasakake ilate Dwi. Kaya lumrahe bocah ya sok-sok ora seneng. Ananging dheweke ngerti tenan yen racikan iku manjur. Ya saka kono, jamu dadi inuman sing nabe ting ati lan pikirane, nganti tekane diwasa.

Dwi banjur njajal ngracik jamu, pawitan pakulinane weruh simbahe putri banjur ibune nalika nyepakake ramuan kasebut. Diimbuhi wawasan saka kana kene, Dwi ngupaya amrih jamu racikane tinampa dening ngakeh. Dheweke milih gendul sing ukurane samadya, cukup kanggo sakinuman.

Dwi Kuntari lan maneka kreasine. Foto saka Kompas

Saka puluhan, suwe-suwe sing pesen mundhak dadi atusan. Mesthi wae Dwi bungah lan tansaya grengseng anggone ngracik inuman warisan kasebut. “Mula dodolan jamu iki ora saderma nggolek bathi,” ujare Dwi. Ananging, imbuhe, ana bab liyane sing dadi pepenginane lan arep diutuni. “Yaiku ngleluri warisan budaya, lan ngundhakake dayane peracik jamu liyane,” jlentrehe.

Bab iku ora amung mandheg dadi gegayuhan thok. Dheweke tenanan ngupaya maujudake. Buktine, saka asile nggandheng para peracik jamu liyane, ramuan kang ditawakake bisa tansaya akeh wernane. Kejaba jamu siyap unjuk, ana sing wujud empon-empon garing, sirup, lan jamu kanthi kombinasi bahan liyane.

Dwi uga njembarake wawasane bab racikan kang nduweni piguna kanggo kasarasan. Dheweke nyinau bab woh-wohan lan sayuran kang bisa diracik dadi inuman kesehatan. Wortel lan lidah buaya contone.

Salah sijine asil kreasine Dwi diwenehi aran belovera, dene isine beras kencur lan aloe vera alias lidah buaya. Olehe masarake uga tetep dibarengake racikan lawasan kaya ta gulas, yaiku gula lan asem. Ora mung ing Indonesia, Jamu Deka uga wis sanja tekan Malaysia lan Singapura!

Saka Jawa Tengah, ayo geser mengetan ya! Ing Surabaya uga ana pawestri sing munjerake kawigaten ing babagan inuman kanggo kasarasan. Celukane Riri, jenenge jangkep Maria Eleonora Angelina. Arek Surabaya iki!

Riri wiwitane nggawe olahan inuman saka maneka sayuran, woh-wohan, lan oyode tanduran. Dudu kanggo dodolan, ananging minangka tugas akhir kuliyah! Eh lha kok banjur akeh sing kepranan. Ya banjur dadi tuman.

Maria Eleonora Angelina alias Riri

Wiwitane, nalika Riri isih kuliah ing Teknologi Pangan dan Gizi Universitas Katholik Widya Mandala Surabaya, dheweke kloyong-kloyong sinambi nggolek idhe kanggo tugase kuliah. Riri nyipati, ing sakiwa tengene akeh kanca lan tepungane sing ngombe suplemen vitamin. “Olehe ngombe ajeg, wis kaya obat wae, kamangka ora lara,” ujare.

Riri banjur nggrahita yen elmune kuliah bisa ditrapake magepokan karo kahanan kasebut. Yaiku nggawe inuman sumber vitamin ananging saka bahan alami.

Mighty Shot, iku peparab inuman kreasine Riri sepisanan. Ana telung werna. yaiku The Green Shot, The Flu Shot, lan Beet Me Shot. The Green Shot diracik saka sayur-sayiran ijo, mligi kanggo pawongan sing rumangsa kurang memangan sayur. The Flu Shot isine ramuan kuni rlan jae. Pigunane kanggo ngundhakake daya tahane badan. Dene Beet Me Shot bahane saka woh bit, kang manut panaliten bisa nyuda gula ing getih lan ngundhakake kerjane insulin.

Frutamix kreasine Riri

Mbasan luluh kuliah, Riri nduwe pikiran nerusake proyeke ing mata kuliah Nabati iku. Dheweke banjur aweh tenger “Frutamix” kanggo inuman racikane kasebut. Semono uga saben racikane diwenehi peparab anyar sing nyeleneh. Kaya The Hulk kanggone ramuan sayuran ijo, lan Beetroot kang saiki isine bit ditambah sari jambu, lemon, jeruk, lan semangka. Banjur ana Iron Man, Black Magis, Orange Blast, lsp.

Anggone ngolah padha karo nalika proyeke kuliah. Yaiku sakabehe bahan dijupuk sarine, tanpa diimbuhi bahan liyane. Tanpa wedang, susu, apamaneh gula. Wiwitane, Riri amung masarake inuman kreasine ing Surabaya lan Malang. “Saiki sedina umume payu 200 botol,” ujare pandhemen olahraga sing nduwe gegeyuhan njembarake dagange menyang kutha-kutha liyane kasebut.

Panulis : D. S. Elisabet Novililiana
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *