Prabowo Janji Nyikat Maling Dhuwit Rakyat

Presiden Prabowo Subianto nemenake bakal nyikat maling-maling dhuwit negara. Janjine kepala negara kuwi diucapake nalika mertinjo kurban musibah banjir bandhang ing Padang Pariaman, Sumatera Barat, Senen, 1 Desember 2025. Miturut Prabowo, pemerintah nyambut gawe sawutuhe kanggo rakyat lan mesthekake pangemohane negara lumaku becik tanpa direndheti korupsi.

“Pemerintah RI iki duweke rakyat. Kita nyambut gawe kanggo rakyat. Kita ngemonah kaskayaning negara kanggo kemakmurane rakyat. Supaya ora ana kebocoran, ora ana maling-maling kang nyolongi dhuwite rakyat. Kowe kabeh seneng apa ora yen maling-maling iku daksikat kabeh?” ngendikane Prabowo makantar-kantar.

Masyarakat kurban bencana kang mapan ana tendha pangungsen langsung nyaut, “Seneng, Pak. Hidup Prabowo!”

Kejaba ing Sumatera Barat, Prabowo uga mertinjo kurban banjir lan lemah mlorod ing sawatara kabupaten wilayah Sumatera Utara lan Aceh. Presiden nemenake, masyarakat kurban bencana ora ditogake ijenan dening pemerintah. Sebab, ngendikane Prabowo, masyarakat Indonesia mujudake keluarga besar saengga ora dinengake mikul sanggan dhewekan.

Presiden nuturake, pemerintah sabisa-bisa mbudidaya ngranggeh dhaerah bencana sing isih angel ditembus migunakake helikopter. Kanthi alat angkut udara mau diajab bantuan kang arupa pangan, pakeyan lan obat-obatan bisa sacepete disalurake amrih ora ana kang kapiran. “Aku melu belasungkawa marang kulawarga kang ditinggal mati. Pandongaku, Bapak lan Ibu tatag sarta tabah,” ngendikane Presiden. (Antara)

Panulis : Antara
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *