Layanan Publik Kemkomdigi Diapresiasi Ombudsman

Ombudsman Republik Indonesia menehi pangalembana utawa apresisasi marang Kementerian Komunikasi dan Digital (Kemkomdigi) jalaran pelayanan publik kang dicakake wis nggayuh Kualitas Tertinggi. Miturut Ombudsman, jrone lingkungan Kemkomdigi wis ora ana maneh praktik-praktik maladministrasi. Bab iku diweruhi nalika dianakake penilaian dening Ombudsman ing periodhe 2024-2025.

Anggota Ombudsman, Partono, nuturake Kemkomdigi kasil ngundhakake kuwalitas layanan menyang predhikat Kualitas Tertinggi ing wektu rong taun pungkasan kanthi nilai akhir 88,37 taun 2024, lan 91,41 taun 2025.

“Lapuran arupa pawadulane masyarakat kang mlebu menyang Ombudsman ngenani kinerjane Kemkomdigi, kabeh bisa dirampungake kanthi becik. Saran lan koreksi saka masyarakat uga cepet ditandangi. Saengga ing 2025 ora ana maneh maladministrasi kang diwadulake masyarakat,” kandhane Partono nalika audiensi karo Menteri Komunikasi dan Digital Meutya Hafid ing Kantor Kemkomdigi, Jakarta Pusat, Jumat, 24 Juli 2026.

Menkomdigi Meutya Hafid (tengah) nampa audiensi-ne anggota Ombudsman Republik Indonesia Partono lan staf ing Kantor Kemkomdigi, Jakarta Pusat, Kamis (23/07/2026). (Foto: ANTARA)
Menkomdigi Meutya Hafid (tengah) nampa audiensi-ne anggota Ombudsman Republik Indonesia Partono lan staf ing Kantor Kemkomdigi, Jakarta Pusat, Kamis (23/07/2026). (Foto: ANTARA)

Predhikat Kualitas Tertinggi, kandhane Partono, mertandhani menawa kuwalitas pelayanan publik Kemkomdigi mundhak dina mundhak apik. Bab kuwi bisa dibuktekake menyang jumlah pawadulane masyarakat kang mlebu Ombudsman kari sethithik banget.

“Ing wektu limang taun pungkasan, lapurane masyarakat sing ora marem karo layanane Kemkomdigi mung 11. Yen dibandhingake karo instansi liyane, cacahe semono mau sethithik banget,” ujare Partono.

Meutya Hafid nelakake panuwun marang apresiasine Ombudsman. Miturut dheweke, apa sing ditindakake Kemkomdigi sasuwene iki pancen selaras karo agendha prioritase pemerintah, mligine ing bab mikuwati pelayanan publik kang gegayutan karo urusan-urusan digital. Pamujine Ombudsman, kandhane Meutya, sangsaya amimbuhi semangat Kemkomdigi jroning ngundhakake kuwalitas layanan marang masyarakat.

“Usulan-usulan kang disampekake Ombudsman marang Kemkomdigi uga salaras karo upayaku ngrampungake PR (pekerjaan rumah) sing lagi dipersudi karampungane,” tuture Meutya.

Luwih jembar Meutya nuturake, Kemkomdigi ora mung winates ngukuhi kuwalitas pelayanan publik kang wis kabiji becik dening Ombudsman, nanging uga mesthekake transformasi digital kang dadi bidhang tugas nduweni manfaat sarta dirasakake paedahe dening kabeh masyarakat. Kanggo ngratakake layanan internet, pemerintah wis mbangun sawernane infrastruktur digital, wiwit saka pengembangan Pusat Data Nasional, interoperabilitas layanan pemerintahan digital, nganti njembarake tebane jaringan telekomunikasi nasional. Salah siji fokuse Kemkomdigi dina-dina iki yaiku aweh akses internet kang luwih warata ing daerah 3 T (terdepan, tertinggal, terluar).

Meutya nerangake, jrone proses lelang frekuensi 700 MHz lan 2,6 GHz kang nembe wae diberesake pemerintah, Kemkomdigi wis netepake tumrap operaror seluler supaya mbangun sistem jaringan ora mung ana daerah kang nduweni peluang bisnis dhuwur, nanging uga ing pelosok-pelosok sing sasuwene iki ngalami winatese kuwalitas sinyal seluler.

“Ing proses lelang, Kemkomdigi majibake para operator seluler ora mung mbangun jaringan ing daerah-daerah kang nguntungake scara bisnis wae, nanging uga nggarap 583 desa kang manut cathetane Kemkomdigi sing durung kaambah sinyal handphone. Bab kuwi dadi komitmene Kemkomdigi aweh layanan kang warata marang kabeh warga negara,” ujare Meutya.

Kejaba mbangun infrastruktur kang sipate jangka panjang, Kemkomdigi uga nyiapake solusi ing wektu cedhak kanggo masyarakat pedhalaman, yaiku kanthi nggunakake akses internet saka satelit. Kanthi mengkono kabeh masyarakat bisa ngrasakake sinyal.

“Kemkomdigi isih terus golek solusi-solusi liyane (magepokan karo kecukupane layanan digital marang masyarakat),” tuture Meutya.

Ragad Verifikasi Biometrik Kartu SIM

Sedina sadurunge audiensi karo Ombudsman RI, Kemkomdigi nyurati Kementerian Dalam Negeri (Kemendagri) kang isine supaya Direktorat Jenderal Kependudukan dan Catatan Sipil (Dukcapil) Kemendagri gelem menehi pangentheng-entheng ragad verifikasi data biometrik marang operator seluler kang ndhaptarake kartu SIM. Miturut Meutya Hafid, panjaluk mau diajokake marang Kemendagri jalaran cak-cakane registrasi nomer telpun seluler (kartu SIM ha-pe) nggunakake metodhe verifikasi biometrik kanthi tujuwan njamin keamanane masyarakat.

Meutya njaluk implementasi-ne registrasi kartu SIM kanthi metodhe verifikasi biometrik ora mung didelok saka sisih bisnis wae, nanging uga dideleng minangka penugasane negara marang operator seluler ing upayane ngayomi masyarakat saka risiko nyalahgunakake idhentitas. Nganti dinane iki, kandhane Meutya, usulane bab pangentheng-entheng ragad verifikasi data biometrik mau isih dirembug Kemendagri. Meutya ngajab perusahaan-perusahaan operator seluler uga padha gelem ngajokake pangentheng-entheng ragad marang instansi kawogan.

Direktur Eksekutif Asosiasi Penyelenggara Telekomunikasi Seluruh Indonesia (ATSI) Marwan O. Baasir kepengin biaya verifikasi data biometrik didhunake dadi Rp 1.000 saben transaksi. Sasuwene iki operator seluler ditarik ragad Rp 3.000 per transaksi. Miturut Marwan usulane kuwi klebu sing isih dirembug dening Kemendagri.

“Maune ATSI ngusulake Rp 200-Rp 600 per transaksi. Muga-muga wae usulan iki diakomodhir Ditjen Dukcapil,” ucape Marwan. 

(ANTARA)

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 382

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *