Komitmen Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya jroning mepaki sekaligus ngayomi hak bocah oleh apresiasi saka pamrentah pusat. Kementerian Pemberdayaan Perempuan lan Perlindungan Anak (KemenPPPA) RI, sarta Kementerian Pendidikan Dasar lan Menengah (Kemendikdasmen) RI, nganggep Surabaya sukses mbangun ekosistem sing ramah anak liwat kolaborasi lintas sektor, penguatan kulawarga, nganti aweh ruang partisipasi kanggo bocah.

Apresiasi kuwi dikandhakake jroning Puncak Peringatan Hari Anak Nasional (HAN) ka-42 tingkat Kota Surabaya kanthi tema “Sayang Anak, Lindungi, dan Bangun Masa Depan Anak Surabaya Hebat” ing Balai Pemuda Surabaya, Rebo (29/7/2026).
Luwih saka 5.000 bocah ngebaki kawasan Balai Pemuda saperlu melu maneka kegiyatan. Wiwit Festival Sayang Anak, penandatanganan kerja sama penguatan pengembangan anak usia dini liwat Gerakan “Act for Early Years”, peluncuran manifesto lan kampanye nasional gerakan ksb, nganti Kelas Inspirasi.

Rangkaian peringatan Hari Anak Nasional ing Surabaya lumaku rong dina, yaiku 28-29 Juli 2026. Ing dina kapisan, Pemkot Surabaya nganakake Festival Sayang Anak kanthi judhul “Main Raya, Anak Surabaya Hebat” sing ngetokake maneka aktivitas edukatif lan kreatif kanggo nguwatake sesambungan wong tuwa lan bocah.
Ewon peserta melu gerak lan lagu, Senam Anak Indonesia Hebat, art finger painting bapak lan anak, kolase ibu lan anak, ngriyas sangu sehat, nglempit klambi bareng bapak, ndongeng, pameran karya, bazar, nganti talkshow.

Dene ing dina kapindho, kegiyatan diterusake kanthi nyerahake pangaji kanggo bocah berprestasi, dolanan edukatif, lomba olahraga, workshop kreatif, seminar perlindungan anak, Festival Sinema Kita, nganti dialog bocah bareng Wali Kota Surabaya lan kementerian liwat Kelas Inspirasi.
Kabeh rangkaian kuwi dirancang kanggo nyedhiyakake ruang kanggo bocah supaya bisa dolanan, sinau, ngreka, nelakake aspirasi, sekaligus nguwati komunikasi lan pengasuhan positif jroning kulawarga.
Menteri Pemberdayaan Perempuan lan Perlindungan Anak (PPPA) RI Arifatul Choiri Fauzi kandha, tekane dheweke ing Surabaya minangka wujud apresiasi pamrentah pusat marang konsistensi Kutha Pahlawan sing wis pitung taun terus-terusan nampa predikat Kota Layak Anak kategori Utama. Miturut dheweke, asil ksb ndadekake Surabaya mung kari selangkah maneh nampa predikat Kota Layak Anak Paripurna.

“Apresiasi iki kita paringake amarga Pak Wali Kota bisa ngorkestrasi kabeh kekuatan sing diduweni, wiwit perangkat daerah (PD), organisasi masyarakat, nganti maneka pemangku kepentingan kanggo bebarengan netepi lan njaga hake bocah,” ujare Menteri Arifah.
Miturut Arifah, kekuwatan utama Surabaya ana ing suksesé mbangun kolaborasi sing nglairake akeh ruang aman lan nyaman kanggo bocah lan uga wanita. Penguatan kulawarga uga ditindakake kanthi terus-terusan liwat maneka program pengasuhan miturut tahapan umure bocah, wiwit saka wong tuwa balita nganti remaja.
“Surabaya nduweni Sekolah Orang Tua Hebat sing mulang wong tuwa miturut jenjang umur bocah. Iki nuduhake yen penguatan kulawarga ditindakake kanthi terus-terusan amarga kabutuhan pengasuhan saben fase umur mesthi beda,” ujare.
Dheweke uga nganggep bocah-bocah Surabaya nduweni potensi gedhe amarga diwenehi ruang kanggo berkembang. Mula saka kuwi, pamrentah njurung supaya swara bocah ora mandheg dadi rekomendasi, nanging diterusake liwat kebijakan nyata.
“Kita ndorong supaya aspirasi bocah bisa ditemokake langsung karo kementerian utawa lembaga sing dadi tujuan rekomendasine. Dadi ora mung dirungokake, nanging bebarengan digolekake solusi,” ujare.
Arifah uga ngajak kabeh masyarakat kanggo bebarengan ngawal pemenuhan hake bocah. Miturut dheweke, perlindungan bocah kuwi tanggung jawab bebarengan, dudu mung tanggung jawabe pamrentah.
“Kowe kabeh dudu mung penerus masa depan bangsa, nanging warga negara sing nduweni hak kanggo urip, tuwuh, berkembang, melu partisipasi, lan dirungokake omongane. Terus sinau, terus ngasilake karya, lan aja nate mandheg ngimpi kanggo mapag Indonesia Emas 2045,” pesene marang bocah-bocah Indonesia.
Apresiasi sing padha uga dikandhakake Menteri Pendidikan Dasar lan Menengah (Mendikdasmen) RI Abdul Mu’ti. Abdul Mu’ti nganggep pengetan Hari Anak Nasional ing Surabaya dadi salah siji sing paling nengsemake sing tau dieloni amarga nyedhiyakake ruang komunikasi sing kemraket antarane bocah, wong tuwa, lan para pemimpin.
“Temane apik banget amarga ngangkat wigatine komunikasi lan rakete hubungan antarane bocah karo wong tuwa,” ujare Menteri Abdul Mu’ti.
Miturut dheweke, konsep kegiyatan sing nglairake forum dialog lan Kelas Inspirasi, menehi ruang kanggo bocah-bocah supaya bisa nelakake gagasan, pangarep-arep, lan cita-citane kanthi langsung.
“Muga-muga iki dadi momentum supaya kita saya perduli ngancani bocah-bocah Indonesia, sapa wae dheweke lan apa wae kahanane, saengga tuwuh dadi generasi sing hebat,” kandhane.
Sauntara kuwi, Wali Kota Surabaya Eri Cahyadi nandhesake, pembangunan bocah kuwi bagean penting saka transformasi Surabaya tumuju kutha donya sing maju, humanis, lan lestari. Mula saka kuwi, maneka kebijakan sing mihak marang bocah terus dikuwatake, wiwit saka penguatan kulawarga, perlindungan hukum, nganti nggedhekake ruang partisipasi anak.
“Kita pengin menehi ruang sajembar-jembare kanggo bocah supaya oleh haké amarga bocah-bocah kuwi sing mengkone bakal dadi pimpinan kutha iki. Jejere wong tuwa ora bakal bisa diganteni dening gadget utawa apa wae. Kasih sayange wong tuwa kuwi banget nemtokake mangsa tembene bocah” ujare Wali Kota Eri Eri Cahyadi.
Komitmen ksb diwujudake liwat maneka program sing padhadene nyambung. Salah sijine liwat Sekolah Orang Tua Hebat (SOTH) sing tumangkar saka sawijining kelas ing taun 2022 dadi 990 kelas ing taun 2025.
Program kuwi wis menehi edukasi pengasuhan marang kira-kira 27.000 wong tuwa balita, wiwit saka pola asuh, pambentukan pitung karakter Anak Indonesia Hebat, nganti penguatan Gerakan Wajib Belajar 13 Taun sing diwiwiti saka prasekolah.
Saliyane kuwi, Pemkot Surabaya uga nguwatake perlindungan bocah liwat program perwalian, edukasi pembatasan nggunakake gawai, uga kerja sama karo Pengadilan Agama kanggo mblokir Nomor Induk Kependudukan (NIK) bapak sing ora netepi kewajiban menehi nafkah marang anak sawisé pegatan.
Ing momentum HAN 2026, Pemkot Surabaya bebarengan Koalisi Nasional Pengembangan Anak Usia Dini Holistik Integratif (PAUD HI) nandatangani pasarujukan bebarengan babagan penguwatan investasi lan kebijakan pangembangan anak usia dini liwat Gerakan “Act for Early Years”. Kerja sama kuwi diterusake kanthi nandatangani manifesto sarta peluncuran kampanye nasional minangka wujud komitmen bebarengan kanggo nguwatake investasi kanggo bocah wiwit umur dini.
Wali Kota Eri njlentrehake, Kelas Inspirasi kanthi judhul “Cerita Pemimpin, Inspirasi Anak Indonesia: Sayang Anak, Lindungi, dan Bangun Masa Depan” sengaja ngundang para pemimpin nasional supaya bocah-bocah bisa sinau langsung saka pengalamané jroning ngoyak cita-cita lan ngabdi marang masyarakat.
“Dak ajab saka critane para pemimpin, bocah-bocah nduweni inspirasi kanggo nemtokake tujuan uripe. Bocah-bocah kudu wani ngimpi lan yakin yen cita-citane bisa diwujudake,” ujare.
Ing kesempatan kuwi, Forum Anak Surabaya nyerahake Buku Aspirasi Anak Surabaya marang Wali Kota Eri lan Menteri PPPA kanggo diterusake menyang forum Koalisi Nasional Pengembangan Anak Usia Dini Holistik Integratif tingkat Asia Pasifik.
Miturut Wali Kota Eri, langkah kuwi dadi bukti yen swarane bocah ora mung dirungokake ing tingkat daerah, nanging uga digawa menyang forum sing luwih amba minangka bagean saka panyusunan kebijakan.
Saliyane aktif ing jejaring internasional kaya UNICEF Child Friendly Cities Initiative (CFCI), UNESCO Learning City, Healthy City WHO SEARO, UCLG ASPAC, UN-Habitat, lan CityNet, Surabaya uga terus mbukak kesempatan kanggo bocah-bocah supaya bisa tampil ing forum internasional, kalebu ngirim Forum Anak Surabaya melu kegiyatan CFCI ing Jepang.
Ora mung kuwi, liwat Kebun Raya Mangrove, bocah-bocah Surabaya uga wiwit dikenalake karo jagading industri kanggo ndorong laire riset lan inovasi wiwit umur dini.
“Aku ngajab bocah-bocah Surabaya terus tumangkar, nduweni wawasan sing amba, karakter sing kuwat, lan mandiri. Surabaya bisa wae dadi kutha internasional, nanging bocah-bocah ora kena kelangan karakter minangka bangsa Indonesia,” pungkasé. (Adv)



