
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter


Ing era disrupsi kaya dinane iki, ngrembakane teknologi digital kang mangaribawani owah-owahan pola komunikasi publik, ndadekake tugase juru pamicara utawa juru bicara pemerintah sangsaya strategis. Juru pamicara ora mung saderma maneh nglantarake dhawuhe pimpinan, nanging dituntut bisa ngemonah komunikasi strategis mau, mbangun rasa percayane masyarakat, lan nanggepi owah-owahane informasi kang cepet banget.
Prekara kuwi dadi rembug serius jrone kegiyatan peluncuran lan bedhah buku asesirah Juru Bicara: Perspektif Manajemen Komunikasi Politik di Era Disrupsi karyane Prof. Marlinda Irwanti Poernomo lan Benny Siga Butarbutar MSi ing gedhung Antara Heritage Center, Jakarta, Jemuwah, 9 September 2026.
Minangka pamicara kunci (keynot speaker), Kepala Badan Komunikasi Pemerintah Republik Indonesia Muhammad Qodari nuturake, peran-e juru pamicara sangsaya wigati ana satengahing lanskap komunikasi kang wis ngalami owah-owahan nganti tekan dhasare (fundamental). Nalika masyarakat entuk informasi saka ngendi-endi, lan informasi mau durung genah bener lan orane, komunikasine pemerintah dudu mung saderma kegiyatan nyampekake pesen.
“Ing sanjerone ruwang medhia sing kaya mengkono mau, meneng wae dudu sikep kang netral. Ruwang informasi ora kothong. Nalika negara ora menehi penjelasan ngenani kebijakane, bakal ana pihak liya sing njelasake manut kekarepane pihak kuwi dhewe,” tuture Qodari.
Miturut Qodari, istilah “satu suara” ora ateges kabeh komunikasi ditindakake wong siji, nanging luwih marang konsistensi angka-angka, istilah, fakta, sarta narasi kang disampekake pemerintah. Qodari uga ngomentari keunikane buku kang lagi diluncurake kuwi. Sebab Marlinda Irawati lan Benny Siga Butarbutar nduweni latar mburi kang beda. Marlinda napaki karier saka jalur akademik lan politik: guru besar ilmu komunikasi, mantan penyiar TVRI, lan mantan anggota DPR RI.
Dene Benny Butarbutar wis luwih saka 20 taun nyambut gawe ana Kantor Berita ANTARA. Ing kantor berita nasional mau Benny tau njabat minangka Managing Editor Investigative Reporting lan Kepala Biro Tokyo. Sabajure dheweke pindhah menyang maskapai penerbangan Garuda Indonesia sarta Citilink, dadi penasihat komunikasi Bulog, Sekretaris Jenderal PERHUMAS, Deputi I LKBN ANTARA, lan Badan Komunikasi Pemerintah. Kang pungkasan Benny nglungguhi jabatan minangka Direktur Utama LKBN ANTARA.
Buku kang diterbitake Rajawali Pers iku mbahas ngrembakane tugas juru pamicara jroning ngadhepi owah-owahan lanskap komunikasi politik lan publik ing era digital. Mungguhe Marlinda Irwanti, juru pamicara ora mung winates uwong sing pinter omong.
“Tugas juru pamicara kuwi bisa dipadhakake karo dirigen sawijine pentas orkestra, saengga peran-e banget wigati. Buku iki nawakake peran juru pamicara minangka Chief Reassurance Officer. Dudu uwong sing bisa njalari masalah kaya-kaya ilang, nanging uwong sing bisa nyebabake masyarakat percaya menawa masalah sing nyata lagi diadhepi kanthi serius,” kandhane Marlinda Irwanti.
Marlinda lan Benny padha-padha mapanake buku kasebut kanggo mahami profesi juru pamicara sacara luwih jembar. Dudu mung saka ketrampilan nyampekake pesen, nanging uga kepriye anggone juru pamicara mau nyusun strategi, politik, etika, lan tanggung jawab marang masyarakat (publik).
“Peran-e juru pamicara sangsaya kompleks. Elemen cacah papat sing wajib diduweni sawenehe juru pamicara integratif yaiku leadership communication, sense making, stakeholder communication, lan pemahaman strategic decision making, saengga nduweni dhampak positif kang terus-terusan,” ujare Benny Siga Butarbutar.
Luwih jembar Benny ngandharake, juru pamicara ora saderma juru nyampekake informasi, nanging uga aktor strategis kang nduweni peran mbentuk anggepan (persepsi) publik, ngelola krisis komunikasi, sarta njaga kredibilitas lan legitimasi instutusi (lembaga) sing diwakili.
Direktur Jenderal Komunikasi Publik dan Media Kementerian Komunikasi dan Digital Fifi Aleyda Yahya mratelakake, kekuwatane buku mau kuwawa nggeser pemahaman umum ngenani profesi juru pamicara. Juru pamicara ora maneh dipapanake minangka pejabat kang mung macakake informasi resmi, nanging samengko juru pamicara wis dadi simbule institusi, panerjemah kebijakan, nyambungake pemerintah karo masyarakat, kepara minangka arsitek kapercayane masyarakat.
Sapanemu karo Fifi, Ketua Umum Perhumas Boy Kelana Soebroto nuturake juru pamicara wis ora jamane maneh ngadeg ana podhium karo maca pranyatan resmi pemerintah utawa mangsuli pitakone wartawan. Juru pamicara samengko wis ngrembaka dadi pemimpin makna (leader of meaning), njaga legitimasi organisasi, nyambungake pemimpin karo masyarakat, mesisan njaga kapercayan kang pindhane aset paling aji tumrap institusi.
(ANTARA)