
Wigati Diwaspadani Nalika Olah Raga
Share your love

Olah raga minangka srana kanggo njaga kasarasan, iku kita kabeh mesthi wis ngerti. Ananging ora bisa diselaki uga, prasatawa ngegetake kang namani para paraga kang sregep olah raga. Ana kang ngalami tatu, lara (cedera), malah ana kang nganti tilar donya. Geneya ta?
Olah raga entheng ananging ajeg, lumrahe pancen bisa njaga badan tansah bregas. Kejaba otot kulina kanggo obah, anggone ambegan uga lumrahe tumata. Ananging kahanan bisa beda yen olah raga katindakake mempeng. Contone wae kanggone atlit (pemain olah raga). Utawa, dudu atlit, ananging olah ragane mempeng ing wektu tinamtu.
Kaya kang durung suwe iki dumadi, atlet tilar donyane Markis Kido nalika gladhen ing lapangan badminton. Rada memburi maneh, Ashraf Sinclair sisihane Bunga Citra Lestari, uga tilar donya sawise mulih saka olah raga nge-gym. Dene 10 taun kepungkur, prastawa tilar donyane Adjie Massaid sawise mulih saka bal-balan.
Manut andharane Dr. Andrianto, dr., SpJP (K) FIHA, FAsCC, aktivitas olah raga, apamaneh kang ditindakake dening atlet, bakal ana dhampake kanggone jantung. Ing webiste-e Unair, pakar penyakit jantung lan pembuluh dharah FK Universitas Airlangga kasebut aweh piweling. “Perlu kawigaten, dene aktivitase badan kang abot lan ing wektu suwe bisa aweh dhampak negatif kanggone jantung,” kandhane.
Nalika nindakake olah raga, ana owah-owahan ing kerjane jantung. Sanadyan
katone mung entheng, ananging sejatine ora mengkono. “Owah-owahan ing otot jantung bisa dibarengi owahe struktur jaringan kontraktil, dadi jaringan ikat. Iku bisa nyuda kontraktilitas lan elastisitase otot jantung,” jlentrehe. Mula, bisa njalari gangguwan getere jantung.
Kejaba saka iku, kedadeyan serangan jantung (mandheg dadakan) nalika olah raga, bisa uga lantaran anane masalah genetik. Bisa masalah struktural, aritmia, jantung koroner prematur, uga anomali koroner kongenital.
Lumrahe mono, yen perkarane gegayutan karo genetik, wis bisa kadenangan luwih dhisik. Iku yen wis tau ana tandha-tandhane, lan banjur katindakake papriksan kanthi trep. Lha yen wis dipriksa lan pancen kabukten ana gangguwan ing jantung, lumrahe banjur diwenehi pamrayoga. Yaiku bab tata carane ngaurip, gegayutan karo pola memangan, sarta olah raga sing cocog.
Ananging yen ora nate priksa, jalaran sasuwene iki ora rumangsa ana gejala gegayutan karo jantung, kepriye?
Dhokter Andriyanto aweh piweling, amrih nalika olahraga nggatekake kanthi setiti kang dirasakake. Yen ngalami tandha-tandha kaya ing ngisor iki, ya prayogane olahragane disuda utawa dilereni dhisik:
- Nalika olahraga, krasa dheg-dhegan nemen lan getere jantung ora stabil;
- Nalika olahraga kerep banjur mumet lan nggliyeng;
- Seseg utawa angel ambegan sanadyan mung olahraga entheng;
- Wis tau ngalami kekuwatane badan drop lan lemes dadakan nalika olahraga;
- Wis tau ngalami semaput nalika olahraga.
Sawise nglereni olahraga, aja kesuwen enggal priksa. Kanthi mengkono bisa kawistara kanthi trewaca, ana gangguwan utawa ora. Yen pancen nduwe gangguwan ing badan, bisa enggal diawekani amrih ora ketatalan.
*****
Panulis: lie















