
Mitologi Naga Raseksa ing Kebudayaan Jawa
Share your love

Panjupuke tembung naga kanggo araning pusaka-pusaka kraton cethaka perbawan dening gegambaran ing makhluk singsarwa nggegirisi iku. Naga dientha-entha minangka satokang bisa napak gegana sartasok nyemburake geni yendhong ngakak.
Durung suwe iki politikus Partai Keadilan Sejahtera Mardani Ali Sera nyaruwe pamasange karyaseni wujud naga raseksa ing Bandara Internasional Yogyakarta, Kulon Progo. Miturut Mardani wajar menawa ana pihak sing pitakon wigatine masang karya seni naga kasebut ana bandara ing wewengkon punjere kabudayan Jawa kuwi. Awit naga, miturut Mardani, dudu simbul sing akrab karo budaya Jawa.
Mungguhe Mardani, yen pamarentah kepengin nengenake seni, yagene ora milih ornamen kang nduweni oyod lajer karo kabudayan Jawa. Tuladhane Mesjid Agung Kudus sing nggamblokake harmoni budaya Jawa lan Islam. Kanthi mengkono, ujare Mardani, ruang publik bakal diisi dening dhiskusi-dhiskusi sing sehat lan cerdhas.
Satemene pratelane Mardani mau dhapur nanggapi postingane politikus Partai Ummat, Mustofa Narahwardaya. Lumantar akun twittere, Muftofa pitakon geneya ing dalan metu terminal kedatanganBandara Yogyakarta iku kok dipasangi seni instalasi arupa naga? Yen tujuwane minangka rerenggan, yagene ora milih reca garudha utawa recane pahlawan nasional? Karya seni sing dipersoalne Mustofa iku dhewe ginawe saka barang bekas lan tinengeran minangka Naga Jalur Sutra. Kanthi dawa 7 meter, amba 3 meter lan dhuwure 2,5 meter, “reca” naga iku pancen kuwawa ngrampas panyawange penumpang pesawat sing metu saka njero bandara.
Mustofa Nahra satemene duduwong anyar ing donyane media sosial. Nalika rame-ramene unjuk rasa 212, tokoh mudha iku klebusing kerep komentar nylekit lumantar akun twittere. Wektu semana dheweke komentar sing wose nganggep Basuki Tjahaja Purnama alias Ahok, Gubernur DKI Jakarta nalika kuwi, wis nyecamah Islam.
Mustofa uga tau ngomentari pakulinan jiyaroh kubur kang lumrah ditindakake warga Nadhlatul Ulama (NU) sadurunge sasi pasa minangka pakarti sing ora jumbuh karo piwulang ing Islam. Ora mungkuwi, Mustofa asring ngurus prekara sesambungane Indonesia karo Tiongkok sing dianggep raket banget, saengga kaya-kaya Indonesia dijajah Cina.
Nadyan naga dianggep idhentik karo budaya Tiongkok, nanging sejatine mitologiula reksasa kuwi ora uwal karo kabudayan Jawa wiwit kuna makuna. Ing candhi-candhi Hindhu upamane, sok ditemokake rerenggan naga mawa makutha ana regoling tlundhagan munggah menyang pendarmaan suci mau. Gegambaran naga ya ditemokake ana relief-relief candhi.
Malah ing Kraton Kasunanan Surakarta, naga uga dienggo rerengganing Kori Kamandungan, gayor (gantungan tali gong) lan Panggung Sangga Buwana. Panggung Sangga Buwana dhewe si-nengkalan Naga Muluk Tinitihan Jalma, kang bisa ditegesi taun 1708 Saka utawa 1781 Masehi. Taun kasebut nuduhake jaman paprentahane Pakubuwono III, awit Sangga Buwana pancenyasane Pakubuwono III.

Naga kadidene crita legendha uga populer ana tengahe bebrayan Jawa, upamane legendha Naga Baruklinthing kang dadi asal-usule Rawa Pening. Ujaring kandha, ilate Naga Baruklinthing sing dikethok dening Panembahan Merbabu, dadi pusaka tumbak Kyai Barukuping kang ampuhe kagila-gila. Tumbak Kyai Barukuping sing dumadi saka ilat ing naga iku dadi pusaka piyandele Ki Ageng Mangir Wonoboyo. Mula nalika Ki Ageng Mangir mbalela marang Mataram, Panembahan Senapati ora grusa-grusu nggecak pranglaladan Wonoboyo awit nyumelangake Ki Ageng Mangir kang nduweni pusaka ampuh mau.
Crita rakyat ngenani Naga Baruklinthing iki nduweni sawatara versi. Sebab ing tlatah Ponorogo ana crita ngenani Baruklinthing kang wujude uga ula naga. Ing Ponorogo, Baruklinthing gegayutan karo dumadine Tlaga Ngebel. Lan mitos naga tanah Jawa sing paling populer ora liya Nyai Blorong, wanita sing bisa manjilma dadi naga sabongkoting tal gedhene.
Naga uga dijupuk kanggo jenenge pusaka. Tuladhane keris Kyai Nagasasra Sabukinten, pusaka piyandele Kraton Demak Bintara, sing manut novele Asmaraman H.Kopingho, Nagasasra Sabukinten (Mahesa Jenar), dadi rebutake tokoh-tokoh persilatan golongan putih langolongan ireng. Uga keris Kyai Nagarunting, pusaka kagungane Prabu Siliwangi ing Pejajaran, yasane Empu Welang lan Empu Anjani. Lan sing mentas iki dibalekake Walanda menyang Indonesia yaiku keris pusaka Kyai Naga Siluman kagungane Pangeran Diponegoro. Keris kuwi dibeslah Walanda sawise Pangeran Diponegoro diblithuk lan kasil dirangket.
Panjupuke tembung naga kanggo araning pusaka-pusaka kraton cetha kaperbawan dening gegam-baraning makhluk sing sarwa nggegirisi iku. Naga dientha-entha minangka sato kang bisa napak gegana sarta sok nyemburake geni yendhong ngakak. Senadyan diyakini durung ana sing meruhi wujude naga, nanging toh gegambaran blegere sing gawe giris mau dijupuk dadi arane pusaka. Mbok menawa pandarbene pusaka-pusaka kuwi kepengin sipat kandele mau duwe daya magis sing kuwawa mbangkitake semangat.
Lan sing uga ora kalah populer yaiku naga ing crita wayang. Aneng jagad pedhalangan tinemu paraga dewa ning ula yaiku Bathara Antaboga ing Kahyangan Saptapratala. Nadyan wujude manungsa lumrah, nanging dicritakake menawa Antaboga bisa tiwikrama dadi naga gedhe. Duwe anak wadon uga wujud naga peparab Dewi Nagagini, tembene sang dewi dirabi dening Raden Bratasena lan nglairake Raden Antareja.
Nalika Narpati Basukarna madeg senapati Ngastina nedya ayun-ayunan karo Raden Permadi ing Baratayuda Jaya binangun, anarajane naga peparab Prabu Hardawalika sing kepengin sabiyantu Prabu Karna nyirnakake Arjuna kanggo malesake pangigitigite. Nanging dhestun Prabu Hardawalika kang napak dirgantara samusup ing antarane mega-megamalang jinemparing dening Prabu Karna engga tiwas lan ceblok ing bantala. Prabu Karna kepengin tandhing kanthi cara satriya lumawan Janaka tanpa pambiyantuning liyan.
Ing crita kethoprak uga tinemu paraga aran Bathara Nagarajakang mejang Aji Gineng marang Prabu Anglingdarma. Katiyasane Aji Gineng bisa mangerteni basane kabeh sato kewan nganti kutu-kutu walang ataga. Bathara Nagaraja gelem mejang Aji Gineng marang Anglingdarma minangka tandha panuwun dene nalendra Malawapati kuwi kasil mbongkar pakarti slingkuhe bojone, Bathari Nagagini, karo ula tampar.
Nanging ya merga Aji Ginengmau Anglingdarma dadi congkrah karo garwane, Dewi Setyawati, kang mothah nyuwun diparingi aji kasebut. Rehning pamundhute ditulak dening Prabu Anglingdarma, Setyawati ngenthengake nyawane, trima manjing patunon lan pati obong.

Wujuding naga arupa ula gedhekang bisa nyemburake geni, dinuga asil imajinasi wiwit jaman Majapahit. Beda karo wujude naga Tiongkok kang mawa sikil lan duwe swiwi sing bisa kekablak kanggo ngambah jumantara, naga Jawa digambarake ora duwe sikil. Naga Jawa disanepakake minangka pa-ngayom, saengga blegere asring ginambar ana tatahan gapura utawa tlundhaga ning wewangunan kanthi tujuwan amrih bangunan kasebut kalis saka bebaya.
Nadyan mung arupa makhluk mitologi, nanging naga populer ora mung ing Indonesia lan Tiongkok, nanging uga negara-negara laladan Eropa. Sak ora-orane dedongengan ngenani naga mau isih asring kita rungu nganti seprene.
***
Panulis: (KSW)














