
Eling Urip Eling Mati
Share your love

Genti gentene kabar lelayu mujudake sunatullah, sawijining bab kang ora disumelangake maneh dening umat menungsa, apu kuwi sing mukmin apadene sing kafir.
Mula kuwi, sadurunge pati kuwi ngampiri kita, perlu kita nyiapake kanthi; iman, takwa, tobat, lan sakehing amalan soleh
Saka Ibnu ‘Umar, dheweke ngandhakake, “Aku tau bebarengan Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam, banjur sawijining sahabat Anshor nekane Rasulullah, dheweke ngaturake salam lan banjur miterang, “Ya Rasulullah, mukmin ngendi sing paling becik?”
Panjenengane Rasulullah dhawuh, “Sing paling becik akhlake.” “Banjur mukmin ngendi sing paling pinter?” mangkono dheweke bali miterang
Panjenengane Rasulullah dhawuh, “Sing paling akeh ngelingi mati lan sing paling apik jroning nyiapakake awake kanggo urip sabanjure, iku wong-wong sing paling pinter” (HR. Ibnu Majah no. 4259).
Fardah ngelingi mati, ing antarane yakuwi:
1. Kanthi ngelingi mati, kita bakal oleh ganjaran, amarga bab iki klebu perkara kang diperintahake dening nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam
2. Kanthi ngelingi mati, bakal mbiyantu awak kita luwih khusyu’ jroning nindakake solat.
3. Kanthi ngelingi mati, kita bakal saya luwih becik jroning siap-siap sowan ngadhep Rabb kita (Allah Ta’ala)
4. Kanthi ngelingi mati, kita bakal ngupaya sabecike amrih mbenerake urip iki.
Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam dhawuh, “Ngakeh-akehana sira ngelingi pamedhote kanikmatan(yaiku pati) amarga yen sawijiining pawongan ngelingi ing nalikane uripe susah, mula dheweke bakal rumangsa Iegawa lan yen sawijining pawongan ngelingi nalika kahanan uripe kepenak, mula dheweke ora bakal kapusan klawan donya (saengga lena klawan akerat).”(HR. Ibnu Hibban lan Al Baihaqi).
5. Kanthi ngelingi pati, iku mujudake rim kanggone kita, saengga kita ora gampang tumindak dolim.
Dolim jroning teges tumindak syirik (nandhingake Gusti Allah), dolim marang sapepadha, apadene dolim marang awake dhewe.
Uwan Ngelingake Pati
Ing antarane salah siji tandha amrih menungsa eling bab pati yakuwi babagan uwan.
Sawijining dina nalika lyas bin Qotadah meruhi anane sak ler uwan ing jenggote, dheweke alok: “Aku ndeleng patiku lagi nggoleki aku” (Bahjatul Majalis (219)
Pranyata jroning rambut kang wiwit uwanen, nyimpen kedahsyatan kang akeh ora disadari. Apa kedahsyatan kuwi? Yaiku, uwan ngelingake pawongan bakal cedhake klawan patine.
Allah Ta’ala dhawuh jroning Al Quran surat Fatir ayat 37 kang terjemahan bebase kurang luwih muni mangkene:
“Lan wong-wong kuwi padha mbengok ing njero neraka iku, duh Gusti Allah, wedalaken kawula (saka neraka) mesthi kita badhe nindakaken kabecikan, kang benten klawan ingkang sampun kita tindakake saderengipun.
(Dikandhakake marang wong-wong kuwi), Kita rak wis ndawakake umurmu amrih bisa mikir kanggo wong kang gelem mikir, mangka wis teka marang sira pawongan kang aweh pepeling? Mula rasakna (azab Kita), lan tumrape wong-wong dolim ora ana sawijining panulung siji wae.
Apa wis padha ngerti, apa sing dikarepake Pawongan kang paring pepenget jroning ayat ing ndhuwur?
Ibnu Katsir rahimahullah, nerangake jroning kitab tafsire, yen para ulama tafsir kayadene Ibnu Abbas, Ikrimah, Qatadan, Ibnu ‘Uyainah lan sing liyane, njelasake yen sing dikarepake Sing Menehi Pepenget jroning ayat ing ndhuwur yakuwi Uwan. (Tafsir Ibnu Katsir 6/542)
Iki ora liya merga lumrahe uwan kuwi muncule ing nalikane wis yuswa. Mula uwan ksb banjur dadi pepeling kanggone menungsa yen dheweke wis mapan ing pucuke panguripan donya iki, ngenteni tamu kang mesthi tekane senajan ora dinyana-nyana, yaiku malaikat maut.
Wallahua’lam bisawab. Muga-muga sing sethithik iki bisa ngelingake kita marang pati, lan klawan pangeling-eling kuwi kita tansah ningkatake taqwa kita.
***
Panulis: Ki Jenggot















