
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter


Kerep banget menungsa ngangen-angen yen patine isih adoh, engga dheweke kerep mati-matian anggone mburu impen donyane lan lirwa marang akerate. Mangka, wis akeh bukti yen wong kang kita temoni kang angenangene padha nanging ujug-ujug pati wis mapag dheweke.
Mula bab iki perlu kanggo kita dadekake pamawas “yen kubur kuwi panggonane kabeh umur, merga syarat kanggo mati kuwi ora kudu tuwa, ora kudu lara, ora kudu ing dalan, lan ora kudu ing panggonan kang padha”
Mula kita kudu tansah nggatekake lan nyiapake sangu kanggo panguripan akerat, lan aja tau lena klawan panguripan donya.
Lan, ya wektu saiki iki pase kita ngumpulake sangu amal solih ksb, mumpung isih ana kalodhangan lan durung telat.
Sebab pati kuwi mlaku terus tanpa ngenal wektu awan apa bengi, esuk apa sore. Dheweke nekani ing segara apadene ing daratan, dheweke methuki enom tuwa, lan lanang wadon. Dheweke terus mlaku kanthi ajeg nuju kita tanpa tau mandheg saperlu ngaso sedhela.
Kanthi mangkono, mula mesthi bakal teka wektune pati iku nemoni kita…
Tujuan Donya apa Akerat?
Geneya akeh-akehe menungsa luwih milih donya sarta lila ngorbanake akerat kang langgeng? Geneya menungsa golek donya mati-matian, mangka ora bakal dinikmati sawise mati?
Geneya akeh-akehe menungsa adreng banget anggone golek dalan kanggo kabagyan donya, kaya-kaya ora ana kesele, mangka awake wis lemes, pikirane uga dadi kethul, sarta pepenginane uga dadi kendhor.
Geneya wong seneng mburu donya ora bakal getun yen pahala wis liwat saka dheweke, sauntara yen sawijining kalodhangan kanggo oleh kadonyan uwal saka dheweke, mula dheweke bakal getun banget?
Para maos kang minulya. Aja mati-matian mburu apa-apa kang ora digawa mati, nanging sing mati-matiananggone ngumpulake sangu kang bakal digawa mati.
Rasulullah shallallahu alaihi wasallam paring dhawuh:
“Sing sapa kang tujuan uripe kuwi mung donya, mula Allah bakal ngorat-arit urusane, ndadekake fakir ing kekarone tlapukane (dheweke ora tau rumangsa cukup), lan dheweke ora oleh donya kejaba manut jatah kang wis ditetepake kanggo. Lan sing sapa niyate (tujuan) uripe yakuwi negeri akerat, mula Allah bakal ngumpulake urusane, ndadekake sugih ing atine (dheweke tansah rumangsa cukup), lan donya bakal nekani jroning kahanan ina” (HR. Ibnu Majah no. 4105, Ahmad V/183, ad-Daarimi no. 229, al-Baihaqi VII/288 lan Ibnu Hibbanno. 680, hadits saka Zaid bin Tsabit, pirsanana Silsilah al-Ahaadiitsash-Shahiihah no. 950)
Satetes Donya kanggo Neraka
Panguripan ing donya iki mujudake bab kang sethithik banget, cekak, sedhela, sauntara. Saderma gegojegan, dolanan lan uga apa-apa kang uga bakal nglirwakake. Panguripan kang kebak klawan syahwat lan fitnah kang ing wusanane kuwi fana lan musna…
Tresna marang donya iki kangnuwuhake akehe dosa lan karusakan. Mula iki kang nyebabake tuwuhe rajapati, rampokan, rudapeksa, korupsi, memungsuhan, tumindak dolim, paprangan lsp.
Menungsa ambisi banget mburu sata ngrebutake donya kang sethithik iki dibandhingake akerat, banjur ngalalake sakehing cara kanggo ngrengkuh mau, kepara dheweke lila ngrusak kaurmatane lan adol agamane kanggo donya.
Menungsa ora tau rumangsa marem saengga tansah rumangsa urip jroning kekurangan lan uga ora bahagia. Kayangapa wae akehe bandha lan donya kang diduweni, mula cukup iki wae minangka prahara gedhe kang tansah ngancani uripe.
Rasulullah shallallahu alaihiwasallam dhawuh :
“Dheweke adol agamane kanggo methik kauntungan donya” (HR. Muslim no. 118, hadits saka Abu Hurairah)
Para maos, geneya mung kanggo satetes donya mesthi kudungorbanake akerat kang akibate oleh siksa neraka?!
Walauhua’lam bisawab.
***
Panulis: Ki Jenggot