Ikrar kang Nyawijekake Indonesia

Taun 1925 omah cakrik Eropa ing Jalan Kramat Raya 106 Jakarta kuwi isih dipanggoni dening warga keturunan Tionghoa aran Sie Kong Liang. Kanggo nambah pengasilan, Liang nuli nyewakake kamar-kamar mburi ing omah kuwi minangka kos-kosan. Ora suwe sawise dibiwarakake dening Liang, kamar-kamar iku disewa dening para mahasiswa STOVIA kang uga anggotane pakumpulan Jong Java. Taripe kos f.7,50 sesasi.

Sebageyan gedhe anggota Jong Java pancen mahasiswa STOVIA. Ing sela-selane kesibukan kuliyah, para mahasiswa kuwi isih ngoberake mbentuk grup kesenian Jawa kang dijenengi Langen Siswo. Kos-kosan kuwi ngiras kanggo papane gladhen beksa. Adhakane sawise mangan bengi lan rampung gladhen nari, para mahasiswa mau ora terus mlebu kamare dhewe-dhewe banjur mapan turu, nanging ngumpul luwih dhisik saperlu dhiskusi ngenani masalah-masalah sing lagi aktual. Umume sing dirembug babagan sosial kemasyarakatan, politik sarta gerakan.

Swasana Kongres Pemuda II ing Jakarta, Oktober 1928.

Taun 1926 mahasiswa sing indekos ana omah kono sangsaya akeh. Ora ngemungake mahasiswa STOVIA wae, nanging uga mahasiswa saka kampus-kampus liyane. Mardanas Safwan jrone buku asesirah Peranan Gedung Kramat Raya 106 dalam Melahirkan Sumpah Pemuda (1989) disebutake lamun mahasiswa-mahasiswa sing kos ana kono antara liya Moh. Yamin, Amir Sjarifuddin, Surjadi (Surabaya), Surjadi (Jakarta), Asaat, Abu Hanifah, AK Gani, Hidajat, F. Lumban Tobing, Sunarko, Kuntjoro, Amir, Rusmali, Tamzil, Sumanang, Sambujo, Urip, Mokoginta lan Hasan.

Dhiskusi-dhiskusi ngrembug masalah politik lan gerakan sangsaya intensif. Taun 1928 para mahasiswa mau banjur njenengi kos-kosane Indonesische Clubgebouw alias Indonesische Clubhuis (IC). Akeh mahasiswa njaba sing kepengin melu dhiskusi, syukur bage bisa mlebu dadi anggotane klub kasebut. Salah sijine Amir Sjarifuddin.

“Jiwa aktivise Amir Sjarifuddin kang ngrembaka ing sekolah hukum, sethithik akeh kabentuk liwat dhiskusi-dhiskusi ana Kramat 106. Jalaran sing indekos ing Kramat 106 kuwi para mahasiswa kedhokteran lan mahasiswa hukum kang pemikirane progresif, ”kandhane Garry van Klinken lumantar buku mawa judhul Lima Penggerak Bangsa yang Terlupan: Nasionalisme Minoritas Kristen.

Kejaba kuliyah lan ngurusi IC, kesibukane Amir Sjarifuddin liyane yaiku nintingi jurnal Indonesia Raja duweke Perhimpunan Pelajar-Pelajar Indonesia (PPPI) sarta mulang ana Sekolah Rakjat sing manggon ing Gang Kenari. Syarat minangka pimpinan IC ora gampang. Sing utama prestasi akademike kudu onjo. Saliyane kuwi uga kudu sregep srawung karo rakyat.

IC banjur ngadani sesambungan kalawan klompok-klompok gerakan pemudha sing ana, salah sijine karo klompok pemudha kang markase dumunung ana Gedung Perguruan Rakyat Salemba. Saka sesrawungan kuwi thukul gagasan kanggo nggelar kongres pemuda. Sudiyo lumantar buku asesirah Perhimpunan Indonesia sampai dengan Lahirnya Sumpah Pemuda (1989) mratelakake menawa akhire Kongres Pemuda I (Kerapatan Besar Pemuda) kasil dileksanani tanggal 30 April – 2 Mei 1926 ing Batavia.

Kongres Pemuda I iki ditekani dening saperangan gedhe perwakilan perhimpunan pemuda/pemudi, yakuwi Jong Java, Jong Sumatranen Bond, Jong Ambon, Sekar Rukun, Jong Islamieten Bond, Studerenden Minahasaers, Jong Bataks Bond, Pemuda Kaum Theosofi lan isih akeh maneh. Tujuan Kongres Pemuda I iki maune kepengin ndhapuk organisasi sentral kanggo kabeh kaum mudha.

Kanthi anane organisasi sentral mau ancase, sepisan, kepengin majokake persatuan lan kabangsan, sarta kapindho kepengin mikuwati sesambungan karo klompok-klompok gerakan pemudha sa-Indonesia. Parandene rancangan iku gagal dimupakati awit isih tinemu prabedan-prabedan kang prinsip ing antarane para panyarta kongres. Kanggo nemokake titik temu, disepakati bakal dibacutake nggelar Kongres Pemuda II.

Kongres Pemuda II lagi mawujud rong taun candhake, trepe tanggal 27-28 Oktober 1928 ing Batavia (Jakarta). Ing dina kapisan, kongres dibukak ana Gedung Katholikee Jongelingen Bond (Gedung Pemuda Katolik). Wondene ing dina kapindho, kongres dileksanani ana Gedung Ost Java. Tujuwan dianakake Kongres Pemuda II yakuwi, sepisan bakal mujudi gegayuhane kabeh pakumpulan pemudha sa-Indonesia. Kapindo, ngrembug masalah pergerakan ing Indonesia. Dene katelu mikuwati kesadharan kabangsan sarta neguhake nyawijine Indonesia.

Dibandhingake Kongres Pemuda I, pakumpulan pemudha sing melu ing Kongres Pemuda II iki luwih akeh cacahe. Wakil organisasi pemudha saka Indonesia paling kulon lan wakil saka Indonesia paling wetan ana kabeh. Kejaba kuwi wakil-wakil saka maneka agama uga katampung ana kono, ing antarane Muhammad Yamin (Minangkabau), Johanes Leimena (Ambon), Raden Katjasungkana (Medura), Cornelis Lenfrad Senduk (Sulawesi) lan sapanunggalane. Saka kalangane pranakan Tionghoa kacathet jeneng-jeneng Oey Kay Siang, John Lauw Tjoan Hok, Tjio Djien Kwie lan liya-liyane. Kanthi tekad waja, para nom-noman mau nglumpuk ing Jakarta kanggo golong gilige kuwanen mardikakake bangsa saka cengkeremane kolonialisme.

Sawise nganakake rapat-rapat maraton, timbul gagasan ngikrarake nyawijine tekad mau lumantar butir-butir rumusan. Rumusan iku muni: 1. Kami putra dan putri Indonesia, mengaku bertumpah darah yang satu, tanah air Indonesia. 2. Kami putra dan putri Indonesia, mengaku berbangsa yang satu, bangsa Indonesia. 3. Kami putra dan putri Indonesia, menjunjung bahasa persatuan, bahasa Indonesia.

Kanthi nenimbang keamanan, pamacane ikrar mau katindakake tanggal 28 Oktober 1928 ana omahe Sie Kong Liang ing Jalan Kramat Raya 106 sing uga dadi kos-kosane para mahasiswa STOVIA. Komponis muda Wage Rudolf Supratman maju banjur kanggo sing sepisanan nglagokake Indonesia Raya kanthi instrumentalia liwat gesekan biolane.

Dhiorama ing Museum Sumpah Pemuda nggambarake nalika WR Supratman nglagokake Indonesia Raya kanggo sing sepisanan.

Ora marem mung instrumentalia, para panyarta Kongres Pemuda II njaluk WR Supratman uga nyanyekake syaira lagu kasebut. Panitia banjur dhiskusi perlu orane syaire lagu kuwi dinyanyekake. Akhire WR Supratman diolehi nyanyekake syaire Indonesia Raya waton perangan-perangan kang sensitif dialusake amrih ora ngundang kasujanane Landa.

Tembung “merdeka” ing syair kasebut dening WR Supratman nuli diganti “mulia.” Kanthi mengkono ucapan “merdeka” sing dadi sirikane Landa, bisa dialusake. Kang pinercaya nyanyekake syaire lagu mau Dolly Salim, putra kinasihe Haji Agus Salim. Biola asline WR Supratman isih kasimpen ana Jalan Kramat 106 sing wis diowahi dadi Museum Sumpah Pemuda. Pamarentah kasil nemokake biola asli kuwi sawise WR Supratman tinggal donya ing Surabaya taun 1938.

*****

Panulis: (KSW)

Bagikan artikel ini
anitriwidyawati105
anitriwidyawati105
Articles: 15