Ndalem Kemasan, seksi Pangajape Ratu Emas kang Pupus

Ndalem Kemasan, nganti saiki isih wutuh.

Wiwit Sinuwun Paku Buwono (PB) VI di kunjara dening Kompeni Landa, ing zaman perang Pangeran Diponegoro nganti saksedane, pangajabe Kanjeng Ratu Emas (garwane PB VI) dadi pupus, awit ora bisa ketemu maneh, nadyan wis di tunggu kanthi kebak pengangen-angen lan kasengsaran. Mula Ndalem Kemasan iki, bisa diarani minangka saksi sejarah bangunan pangungsen lan kalunta-luntane Ratu Emas. Mula nganti saiki katelah Ndalem Kemasan.

Bangunan Ndalem Kemasan nganti saiki isih katon wutuh, kaya-kaya ora owah, wiwit madeg nganti seprene, nadyan yen dietung umure wis atusan taun sewene. Kenapa dijenengke Ndalem Kemasan ? manut sejarahe, kaya sing diaturane dening Raden Surodjo, penggiat sejarah Kotha Solo, nalika semana ing zaman Paku Buwono (PB) VI, beberengan karo peperangan Pangeran Diponegoro. Ya amarga PB VI, panguwasa Kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat iki mbela marang Pangeran Diponegoro, mula banjur dikunjara dening pihak Kompeni Landa lan di buwang menyang Ambon. “Sinuwun Paku Buwono VI di tudhuh dening pihak Landa, menehi sabiyantu marang perjuangane Pangeran Diponegoro,” ujare.

Ya, ing prastawa kuwi sing dadi sebab musababe rasa nalangsane Kanjeng Ratu Emas (garwane PB VI ), amarga bebarengan karo wektu kuwi Kanjeng Ratu Emas uga kausir saka njero kraton, awit wektu kuwi Landa bisa nguwasani lan bisa milut para pengageng Kraton Trah Dinasti Mataram kasebut. Mula Kanjeng Ratu Emas, bisa ora bisa kudu metu saka kraton, mesthi wae Ratu Emas banjur kerep katon tumlawung, kebak panga-
angen sing durung ngerti kapan kelakone. “Dadi ing wanci kuwi sakpaninggalane Sinuwun Paku Buwono VI, Kanjeng Ratu Emas pagaweyane mung ngalamun, nunggu baline garwane kan ditresnani,”bacute

Pangajabe Kanjeng Ratu Emas ora liya, ya mung mikirake lan ngarep-arep baline sisihane lan bisa bali urip bebarengan kanthi kebak rasa tresna kaya wingi uni. Mripate kala-kala ngematke lan nglirik kertas saksuwek, yaiku nawala sing gumlethak ing meja kirimane garwane, PB VI saka tlatah pembuangan, Ambon. Bebarengan karo kuwi, wis sakmesthine banjur waspane luluh saka mripate, nangis. Rasa nalangsane tambah amba, awit ing wektu kuwi Kanjeng Ratu Emas pancen lagi ngandhut, sing didama-dama mengko yen kandhutane lair, bakal dadi Putra Mahkota.

Sinuwun Paku Buwono VI. (foto istimewa)

Sing mengkone bakal dadi raja Kraton Surakarta Hadiningrat, nyulihi ramane (PB VI). Nanging pangajap mau mung dadi pangarep-arep tanpa kasunyatan. Amarga kausire Kanjeng Ratu Emas mau, tuwuh anane intrik-intrik saka para pengageng lan putra putri kraton sing wis kapilut dening pambujuke Landa. Saengga ing wektu kuwi uga sing jumeneng nata (madeg raja) dadi penggantine PB VI, ora liya Raden Mas Maliki Solikin, kanthi gelar Paku Buwono (PB) VII.

Bali marang kahanane Kanjeng Ratu Emas sakwise di tinggal PB VI lan metu saka kedhaton, Kanjeng Ratu Emas banjur manggon ing sawijine omah ing sakkiwa tengene komplek kepatihan. Omah kuwi prasaja, bangunane saka kayu jati. Sejatine omah mau ora ndadekae cingak maneh kanggone Kanjeng Ratu Emas, awit omah kuwi, mbiyene biyasa kanggo manekung (tapa) PB VI, sing Kanjeng Ratu Emas setya tuhu ngancani garwane anggone olah spiritual. “Ngancani Sinuwun (sebutan raja) PB VI, pancen Ratu Emas rumangsa luwih tentrem penggalihe, mula banjur milih manggon omah kasebut, minangka pangungsen,” panerange.

Nadyan ing saperangan penggalihe Ratu Emas uga kepengin manggon ing omah asale, Desa Walen, Boyolali. Nanging pepinginan manggon ing Desa Walen, kapeksa kudu
dirim, awit piyambake lagi mbobot gedhe. Kanthi mengkono Kanjeng Ratu Emas ora kepengin putrane mengko kelangan lacak lan status-e minangka Putra Mahkota. Amarga calon Putra Mahkota sing saiki isih ana njero wetenge, bakal ilang pengarep arepe yen nganti lair ing desane. Kanthi kahanan kang winates, kanjeng Ratu Emas tetep sabar penggalihe, nganti wusnane putra sing diarep-arep lair, ing tanggal 22 Desember 1830, kanthi aran Raden Mas Duksino. “Malah ari-arine sang jabang bayi uga dipendhem ing saperangan latar omah pangungsen iki,” mangkono Surodjo nerangake.

Saka guru Ndalem Kemasan ora owah, tetep ana 4 cagak kayu jati utuh.

Bab kuwi ora liya uga nduweni pangajab bisaa kanggo pangeling-eling, yen Kanjeng Ratu Emas tau urip kalunta-lunta ing njaban tembok Kraton Trah Dinanti Mataram. Nanging nadyan mangkono ing omah kuwi bisa tansah lelaku sabar ngadhepi pacoban, uga wening anggone umbul donga. “Mula saka kuwi nganti seprene omah iki kinaran Ndalem Kemasan,” ujare penggiat sejarah Kota Solo, Raden Surodjo marang PS minggu kepungkur.

Bangunan iki sakawit mung arupa pesanggrahan, panggonan Sinuhun PB VI lelaku tirakat, ing kono ana tetengere guwa cilik lan blumbang (kanggo sesuci), sakdurunge semedi ing njero guwa. Kajaba penggiat sejarah, Surodjo dhewe uga klebu salah sijine ahli waris Ndalem Kemasan iki, sing pase Dalem Kemasan mono manggon ing Jalan Mashela, Kota Solo. Ringkesing crita, sakwise PB VIII mangkat (seda), RM Duksino madeg dadi raja Kanthi gelar Paku Buwono IX lan uga dikenal Pangeran Banguntapan.

Sakbanjure bangunan iki dipasrahake ing Kampung kepatihan, pihak kepatihan uga masrahake marang sawijine tokoh masyarakat, RM Truno Sentono sing nurunke Projo Suwito lan nganti seprene kanthi turun temurun dilenggahi anak turunne, Projo Suwito, sing tau njabat Bupati Boyolali ing taun 1945 – 1946. Ndalem Kemasan nganti seprene isih utuh, nandyan wis kagawa umur isih katon njenggereng kokoh. Saiki dipanggoni Budi Santoso, kajaba saka kuwi uga kanggo olah seni teater. “Area iki bisa kinaran kawah candradimukane para seniman kondhang saka kutha Solo,” tambahe.

Uga tau kanggo syuting sawijine scene film, bab aktifis Widji Tukul, penggerak lan aktifis pembela buruh ing zaman Orde Baru, Wiji Thukul uga asring dolan ing Ndalem Kemasan iki. Surodjo uga nambahi, yen nganti saiki bangunan Ndalem Kemasan meh ora ana owah-owahan sing wigati. Mligine ing bangunan utamane, sing dumadi saka cagak 4 (saka guru) kayu jati utuh. “Critane proses gawene cagak ini kayune tanpa digraji, wiwit saka anggone nugel nganti mbentuk cagak, nanging migunakake tatah, saengga katon serat-serate kayu jati iki,” ujar karo nambahi, wit-witan gedhe sing ana sakiwa tengene plataran uga minangka sejarah, yaiku wit Wahyu Tumurun sing manggon ing mburi omah. Wit iki tau di tegor, nanging thukul maneh. Wit Wahyu Tumurun iki diameter mung 2 cm. Nadyan wit iki klebu wit cilik, nanging awet urip, wiwit madege bangunan iki, nganti seprene.

****

Panulis : Kang Hong

Bagikan artikel ini
anitriwidyawati105
anitriwidyawati105
Articles: 15