
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter

Menteri Sosial Saifullah Yusuf nggandheng Kementerian Komunikasi dan Digital (Kemkomdigi) sarta Pusat Pelaporan dan Analisis Transaksi Keuangan (PPATK) kanggo nglacak para panampa bantuan sosial kang karem tombok judi online alias judol. Saifullah ora wigah-wigih nahan bansos marang Keluarga Penerima Manfaat (KPM) cacah 1.494.652 ing triwulan katelu 2026 iki (Juli, Agustus, September) jalaran miturut panglacake Kemkomdigi lan PPATK, wong-wong iku disujanani kerep nindakake judol.
Mungguhe Saifullah Yusuf, yen wong-wong iku ora nglereni pakartine, jatah bansos ora arep diwenehake. Tujuwane amrih wong-wong iku kapok lan ora ngambali tumindake. “Ana indikasi KPM gunggung 1.494.652 main judol. Saiki isih daktlusuri bareng Kemkomdigi,” kandhane Saifullah Yusuf kang akrab diundang Gus Ipul ing Jakarta, Kemis, 6 Agustus 2026.
Gus Ipul ngandharake, saka 1.494.652 KPM mau, 794.475 ing antarane uga kacathet minangka panampa bantuan Program Keluarga Harapan (PKH). Temonane PPATK menawa ana KPM 1.494.642 sing karem judol mau ngagetake Gus Ipul. Sebab yen dibandhingane karo 2025, jumlahe tikel pindho. Taun kepungkur, miturut Gus Ipul, KPM sing dikonangi judol cacahe wong 600 ewu. Mangka 2026 iki isih lagi tekan sasi Agustus. Mendah sangsaya akehe pelaku judol saka KPM yen direkap akhir taun mengko.
Gus Ipul ora kompromi marang KPM sing nyalahgunakake bantuan pamarentah kanggo judol. Suprandene sadurunge nibakake sanksi, mantan Wakil Gubernur Jawa Timur iku isih arep ngenteni asil panlusurane Kemkomdigi lan PPATK luwih dhisik. Yen sebab musababe penyalahgunaan bansos mau wis diweruhi, Gus Ipul lagi mutusake sanksi-ne. Salah sijine sanksi yaiku nganyari (muthakhirake) Data Tunggal Sosial Ekonomi Nasional (DTSEN) amrih bansos sing disalurake saka pusat luwih pas marang sasaran kang dituju.
Gus Ipul cuwa dene ana sebageyan panampa bansos sing malah nyalahgunakake dhuwit saka pamarentah mau kanggo tombok judol. Mangka tujuwane pamarentah aweh bansos supaya uripe wong-wong iku ora kesrakat banget-banget. “Mbokmenawa wong-wong sing wis nyalahgunakake bansos kanggo judol iku wis ora perlu dilebokake kriteria nampa bantuan ing wektu candhake,” ujare Menteri Saifullah.
Sok ngonowa Gus Ipul ora nggebyah uyah kabeh KPM sing nindakake judol mau bener-bener sadhar marang pakartine. Merga bisa wae krana winatese kawruh, wong-wong kasebut ora nglegewa yen rekening pribadine disilih wong liya kanggo judol. Mula sinambi ngenteni asile panlusuran marang para KPM sing disujanani judol, Kemensos uga terus menehi sesurupan (literasi) marang masyarakat supaya waspada karo apus-apus.
“Bisa uga ana KPM sing diapusi, rekeninge disilih kanggo pasang judol dening wong liya. Sing ngene-ngene iki bakal kita wenehi sosialisasi, edukasi lan pendampingan dening pendamping-pendamping KPM,” kandhane Gus Ipul.
Kerja Bareng Lintas Instansi

Miturut keterangane PPATK, Jawa Barat mujudake provinsi kang wargane paling akeh nampa bansos nanging disalahgunakake kanggo judol. Transaksine nggayuh milyaran rupiah. Disusul Jawa Tentah, Jawa Timur, DKI Jakarta, Banten lan Lampung. Nilai transaksine ora kurang saka Rp 80 milyar. Ing tingkat kabupaten/kota, Kabupaten Bogor, Jawa Barat sing panampa KPM-e paling akeh nindakake judol. Nilai transaksine nggayuh Rp 22 milyar. Disusul bacute Surabaya, Jawa Timur lan Jakarta Pusat kanthi nilai transaksi Rp 9 milyar.
Sebageyan gedhe transaksi judol mau ditindakake liwat dhompet digital (e-wallet), sarta liwat e-banking. Kasunyatan mau nuduhake menawa teknologi dhuwit digital nggampangake masyarakat klas ndhuwur nganti klas ngisor nindakake botohan daring. Apamaneh pasang (tombok) judol ora perlu dhuwit gedhe. Senadyan udhu Rp 1.000 lan Rp 50.000 tetep diladeni dening bandar sing ora kawistara. Nanging aja dideleng cilike dhuwit, sebab cara-cara sing kaya mengkono mau satuhune pakarti licike bandar judol kanggo ngumpani kurbane amrih sangsaya suwe sangsaya ketagihan. Yen wis ketagihan, senajan rumah tanggane wis dhedhel dhuwel paribasane, tetep ora bisa mandheg.
Kemlaratan lan botohan kaya-kaya angel dipisahake. Ing satengahe kahanan ekonomi sing nekak gulu, pengasilan pas-pasan, tur tuntutan kebutuhan urip sing sangsaya dhuwur, akeh masyarakat sing nggatungake pangarep-arepe marang judol. Iklan judol sing nawakake cepet sugih tanpa rekasa nyambut gawe, sangsaya njurung kekarepane masyarakat ngowahi uripe kanthi cara kang instan.
Kamangka iklan-iklan judol mau satemene jebakan sing bisa wimbuh nglorobake kurban judol menyang jurange karekasan. Dhuwit sethithik sing sekawit arep digolekake imbuh liwat judol kanggo nyukupu kebutuhan padinan, wekasan malah ludhes keles tanpa sisa mung gara-gara nutul-nutul tust handphone Android. Yen dhuwit wis ora nyekel babar pisan, ora mung kurban judol kuwi wae sing nanggung akibate, nanging kabeh anggota kulawargane. Wis kebutuhan padinan ora sida ketuku, apamane ragad sekolahe anak sarta ragad kesehatan kanggo wong saomah.
Mula keputusane Saifullah Yusuf nggandheng Kemkomdigi lan PPATK kanggo nlusuri sebab musababe panampa KPM nganti keblowok judol, perlu diacungi jempol. Sebab Gus Ipul ora kesusu nibakake vonis tanpa dhasar. Kepara Gus Ipul uga nggandheng Kementerian Desa dan Pembangunan Daerah Tertinggal, Otoritas Jasa Keuangan (OJK), nganti Badan Pusat Statistik (BPS).
Liwat kerja bareng mau Kemensos bisa ngaudit lan mutakhirake rekening kartu keluarga sejahtera (KKS) duweke para panampa manfaat saora-orane kaping pindho jroning setaun. Kanthi mengkono yen sawayah-wayah ana tandha-tandha nyujanani, bisa terus diweruhi ing triwulan kapisan (Januari, Februari, Maret) satemah ora ngambra-ambra.
(ANTARA)