
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter


Tomat, sapa ta sing ora ngerti. Mbokmenawa meh kabeh pawongan kerep mrangguli lan uga ngrahabi ing padinane. Ajaa kok uwong diwasa, bayi umur nem sasi nalika wiwit memangan wae kerep diprayogakake maem sari tomat. Pancen, tomat gampang olahane. Bisa digawe jus, saos, sambel, acar. Malah uga bisa dinikmati ngono wae, kanggo lalapan utawa nyamikan.
Umume tomat kang ana ing pasaran wujude saemper bal cilik, rasane legi semu kecut lan seger. Mula ya bisa kanggo nyegerake telak, nyuda rasa ngelak. Kejaba saka iku, sejatine tomat uga bisa kanggo antiseptik usus, pencahar (ngusadani bebelen), ngundhakake nepsu maem, ngrangsang enzim lambung lan nggancarake aliran empedhu menyang usus. Malah uga ana panaliten nuduhake yen priya kang ajeg dhahar tomat kang dimangsak, bisa nyuda risiko kanker prostat nganti 45%.
Panaliten bab tomat kawiwitan dening Dr. John Cook Bennet saka Wiloughby University, Ohio, AS, nalika November 1834. Asile panaliten banjur ditulis dening Hubert Howe Bancroft ing History of Utah. Bennet nliti pigunane tomat, kang mligine bab mupangate kanggo ngatasi gangguwan pencernaan. Yaiku ngusadani mencret, serangan empedhu lan fungsi lever. Saka panaliten iki banjur akeh uwong kang nyebut tomat kanthi aran ”apel hati”, jalaran bisa ngusadani lara ing lever/ati (dudu lara ati amarga pedhot katresnan ditinggal rabi lho ya).
Peneliti saka Rowett Research Institute ing Aberdeen, Skotlandia, nemokake bab anyar. Gel (jel) werna kuning kang ngupengi wiji tomat, bisa nyegah penggumpalan lan pembekuan getih, pemicu stroke lan serangan jantung. Lelorone panaliten iki banjur diterusake dening dr. Yumi Tohuoka, peneliti saka Tohoku University ing Sendai, Jepang.

Mupangate Tomat