Namaskara Tampuking Ritual Dharmayatra

Foto saka Kompas-Ferganta

Buddha Mahayana mujudake salah sijine kapitayan warga Nuswantara wiwit jaman kuna makuna. Kaya lumrahe kapitayan, ana ritual khas-e. Salah sijine yaiku ritual dharmayatra. Saka rantaman ritual kasebut, kang dadi tampuking yaiku namaskara.

Dharmayatra katindakake dening umat Buddha Mahayana ngarepake pahargyan Tri Suci Waisak. Saka tembung ‘dharma’ kang tegese tumindak becik lan ‘yatra’ kang maknane papane. Mula, dharmayatra padha karo marani (ziarah) menyang papan-papan kang magepokan karo ajaran kabecikan.

Mula, lumrahe umat Buddha nglegakake ziarah menyang papan-papan kang gegayutan karo tradhisi Buddha. Kang paling kawentar yaiku candhi Borobudur lan candhi Mendut ing Magelang, Jawa Tengah.

Minangka tampuking ritual, umat nindakake pradaksina kanthi patrap namaskara. Diwiwiti puja bakti khidmat ing njeron candhi, dipimpin dening Bhiksu. Sabanjure umat nindakake medhitasi. Mripat merem, astane anjali nggegem kembang sedap malam, lan ngaweningake pikir. Kanthi swara alus ngucapake mantra suci, alias paritta.

Sawise iku, umat reruntungan mlaku ngupengi candhi Mendut, lan saben telung jangkah mandheg banjur sujud. Ya nalika sujud iku, kang sinebut namaskara. Iku minangka wujud pangabekti paling agung marang Sang Buddha.

Ritual kasebut, kaangkah nuwuhake bodhi citta sapepadha. Yaiku rasa berduli mendhuwur napak lakune Buddha lan mengisor tetulung marang sakupenge, sarta tekad amrih bisa dadi pribadi migunani kanggo sakabehing ngaurip.

Ritual kasebut kanggone umat Buddha mujudake srana kanggo sesuci, mapag riyaya Tri Suci Waisak. Ngluruhake karma ala kang wis kasandhang sadurunge.

Yen nitik ajaran asline, ing kitab Maha Parinībbână Sutta, Guru Agung Buddha ngandharake papan dharmayatra ana papat. Yaiku papane Tathagata/Buddha Gotama lair lan papane nggayuh cahya sampurna, ing Nepal, 4539 km saka Nuswantara. Lan papane mbabar ubenge roda dharma kang sepisanan, ing Sarnath, India. Sarta Parinibbânâ, alias papane puput yuswa, kang manggone ing Kushinagar, India.

Ananging, panjegawantahe ajaran kasebut ora banjur saklek. Umat Buddha saindening donya bisa nindakake dharmayatra tanpa lelungan tekan njaban rangkah. Cukup menyang papan tinggalane ajaran Buddha, kang ana ing sacelake manggon. Lan nindakake namaskara, minangka tandha puja bektine marang sang Buddha.

***

Panulis: lie

Bagikan artikel ini
Niken Dwi Saputri
Niken Dwi Saputri
Articles: 6