Srimulat, Warisane Teguh sing ‘Langgeng’

Tanggal 8 Agustus 2026 putra wayah mengeti 100 taun Teguh Srimulat kanthi climen. Pengetan sing arupa pameran foto, memorabilia, lan video Srimulat, dirancang digelar September taun iki ing Bentara Budaya Yogyakarta. Madeg 1962, nganti seprene brand Srimulat isih gedhe najan sacara de facto lan de jure grup kasebut wis dibubarake kawit 1989.
Teguh.

Eko Saputro isih eling nalika ditimbali ingkang rama, Teguh, diajak rembugan ana kamar tamu, sawijine dina  tengahe 1988. Wancine isih udakara jam 8. Eko Saputro, putra pambarepe Teguh kang patutan karo Djudjuk Djuariyah, lagi rampung sarapan. Maune Eko ngira bapake arep ngajak dhiskusi kahanane Srimulat sing nobong ing Surabaya, Solo, Jakarta lan Semarang kaya sing uwis-uwis. Nanging pangirane priya sing saiki umur 56 taun lan akrab diundang Koko iku mlesed. 

Teguh ora ngajak omong prekara Srimulat, nanging nakoni bab anggone Eko mentas nonton pameran parabola. Sedina sadurunge ditimbali mirunggan kuwi, Eko pancen crita mentas nonton pameran parabola ana ing mal kutha Semarang. Eko ngoberake nonton pameran barang teknologi elektronik mau sawise ngontrol kahanane Srimulat cabang Semarang. Tugas “supervisi” Srimulat Semarang pancen dipercayakake Teguh marang Eko sing nalika semana isih klas III SMA.

“Esuk kuwi bapak ngendika arep mbubarake Srimulat,” kandhane Eko marang Panjebar Semangat ing rumah makan kutha Solo, 22 Januari 2026 kepungkur.

Pranyata sewengi Teguh ora bisa turu merga mikirake teknologi parabola sing wis dipasarake tekan Semarang mau. Teguh krasa menawa nasibe Srimulat wis ancik-ancik pucuke eri. Sebab, sedhela maneh masyarakat genah wis wegah rekasa golek hiburan menyang tobong Srimulat. Cukup leyeh-leyeh ana ngarep layar televisi karo nyekel remote, maneka warna hiburan bisa ditonton gratis.

Setaun bacute, niyate Teguh nutup Srimulat sangsaya gembleng. Eko durung lali, keputusan penting tumrap grup lawak legendharis iku dijupuk bapake samarine maca koran Suara Merdeka sing wis dilanggani mataun-taun.  “Ing koran kuwi ana pawarta menawa taun ngarep stasiun televisi swasta sepisanan ing Indonesia, RCTI, wiwit siyaran resmi,” tuture Eko.

Srimulat Semarang sing lagi dibentuk 1986, ditutup luwih dhisik. Ora ana ‘gejolak’ saka para kru-ne Srimulat Semarang jalaran kabeh pemain diwenehi pesangon sing akehe sandhuwure katemtuan pamarentah. Srimulat Solo ora perlu dibuyarake jalaran wis ndhisiki kukut. Srimulat Jakarta kober nulak ditutup jalaran isih optimis bisa narik penonton. 

Nanging manajemen-e Srimulat Jakarta sing dicekel adhine Djudjuk wekasan angkat tangan merga dhedhel dhuwel. Luwih-luwih sawise para pelawak senior mutusake mundur merga oleh-olehane manggung ora nyucuk kanggo urip. “Adhine mama akhire ngakoni menawa ramalane bapak bab teknologi bakal ngendhih seni tradhisi, dadi kasunyatan,” ujare Eko.

Siji-sijine sing isih coba dikukuhi Teguh Srimulat Surabaya. Pemerintah daerah kabotan yen Srimulat kang mapan ana Taman Hiburan Rakyat iku dibubarake merga wis manjing dadi idhentitas kutha. Taun 1994 Eko Saputro didhawuhi ingkang rama supaya ndandani manajemene Srimulat Surabaya sing morat-marit.

“Bapak, sing wiwit 1989 ora ngurusi Srimulat Surabaya lan dedalem ing Solo, kaget nyumurupi penontone kari wong papat. Bapak isin banget. Taun 1994 panjenengane mrentah aku supaya ndandani manajemene,” tuture Eko nalika disambungi maneh dening Panjebar Semangat lumantar tilpun, Kemis, 13 Agustus 2026.

Nalika Eko nyemplung menyang Srimulat Surabaya, dheweke kaget ndulu rusake manajemen sing wis nemen banget. Mungguhe Eko, kahanane Srimulat Surabaya wis ajur mumur. Ora ana tembung sing bisa dipilih kanggo nggambarake bobroke Srimulat Surabaya wektu kuwi. Maneka cara wis coba dilakoni Eko amrih genderane Srimulat Surabaya tetep kumlebet, nanging muspra. “Wusana aku nyerah, taun 1995 Srimulat Surabaya sumusul dibubarake,” ujare.

Warisan Abadi

Teguh palakrama antuk Raden Ayu Srimulat 8 Agustus 1950. Nalika kuwi RA Srimulat mimpin grup Keroncong Avond, lan Teguh minangka pemain gitar. RA Srimulat tinggal donya 1968 ing Surabaya sawise sawatara wektu nandhang gerah diabet. Rong taun candhake Teguh palakrama maneh oleh Djudjuk sing uga anggotane Aneka Ria Srimulat.

Saka anggone palakrama karo Djudjuk, Teguh patutan anak papat, Eko Saputro, Ari Wibowo, Mia Permata lan Shintia Perdana. Teguh kapundhut ing Solo, 22 September 1996 sawise masrahake urusan Srimulat marang Eko. Tanggal  6 Pebruari 2015 Djudjuk Djuariah  sumusul tilar donya.

Senajan resmine Srimulat wis dibubarake, nanging brand-e isih kemedol. Taun 1996-2003 upamane, stasiun televisi swasta Indosiar gawe program acara Aneka Ria Srimulat kanthi konsep pentas tradhisional kaya dhek rikala ing panggung tobong. Program acara iku disenengi penonton. Rating-e dhuwur, iklane akeh. Najan nganti 2003 iklan tetep mbanyu mili, nanging Eko mutusake nyetop kontrak.

“Pemaine wis dha jenuh saengga banyolane monoton kuwi-kuwi wae. Tinimbang mutune sangsaya mrosot, dakputusake nglereni kontrak. Dadi sing mutus kontrak dudu Indosiar, nanging aku,” kandhane Eko.

Poster film Srimulat: Hidup Memang Komedi.

Ucul saka Indosiar ora ateges ‘merek dagang’ Srimulat wis ora ana sing ngarepi. Sebab stasiun televisi swasta liyane langsung nampani, wiwit MNC TV, Global TV, lan Net TV. Stasiun televisi ANTV ora gelem kalah. Nanging ANTV luwih milih gawe program acara Srimulat Yunior, yaiku mbibit pelawak-pelawak mudha sing cara maine padha karo Srimulat senior.

“Alumni-alumnine program acara Srimulat Yunior mau samengko wis ana sing sukses dadi MC lan komedian. Ana sing njaluk ijin aku nganggo jenenge Srimulat ing samburine jeneng asline. Dakolehi, waton ora disalahgunakake,” pratelane Eko.

Sawatara prodhuser film uga ketarik ngangkat brand Srimulat menyang layar amba. Ana film telu sing diprodhuksi, yaiku Finding Srimulat (2013), Hil Yang Mustahal (2022), lan Srimulat: Hidup Memang Komedi (2023). Miturut Eko Saputro, sacara bisnis film-film mau bathi senajan ora gedhe banget. Kabukten nganti telung minggu film-film mau isih nangkring ing gedhong-gedhong bioskup kutha gedhe. “Mertandhani yen merek Srimulat isih keconggah narik sutresna film menyang gedhong bioskup,” tuture Eko. 

Ing jagade hiburan off air, jeneng Srimulat kerep dienggo rebutan. Eko nyritakake, ana sawatara grup lawak sing ndhisike tau kerja bareng karo eks personil Srimulat sacara pribadi, njaluk palilah marang dheweke nggunakake jeneng Srimulat kanggo pentas. Eko ngolehi, sauger jeneng Srimulat mau dijaga kabecikane.

“Ya merga nggunakake embel-embel Srimulat mau pentase dadi rame penonton,” ucape Eko.

Akehe grup lawak sing nyomot jeneng Srimulat kanggo golek dhuwit mau kober diprotes dening Tarsan, mantan anggota Srimulat sing isih sugeng. Tarsan kandha, tumrap grup lawak sing biyen wong-wonge tau nyambut gawe bareng karo Srimulat, mbokmenawa ora masalah nggunakake jeneng Srimulat kanggo komersil. Nanging tumrap klompok lawak sing mung “senggolan” sedhela karo Srimulat nanging kumawani nggunakake jeneng Srimulat betheke amrih payu, minangka almuni terus terang Tarsan kabotan.

“Ya aku ngomong neng Pak Tarsan, kaya welinge swargi bapak, ora apa-apa jeneng Srimulat digunakake uwong anggere kanggo tujuwan positip. Sukur yen asile pentas murakabi kulawargane. Nanging yen wis nggepok senggol karo urusan kontrak bisnis, kudu aku sing maju minangka ahli warise Pak Teguh lan Bu Djudjuk sing nduweni hak cipta merek Srimulat,” kandhane Eko.

Eko Saputro.

Kejaba ing donya hiburan, brand Srimulat pranyata uga ampuh kanggo jeneng pasar. Eko ngandharake, sawatara wektu kepungkur ana mantan anggota Srimulat Surabaya sing kompanyon karo mitrane bukak usaha “pasar tradhisional” arupa  kawasan kuliner kanthi garapan tempo dulu. Usaha bisnis mau pranyata seret.

Mantan pemain Srimulat mau banjur nemoni Eko ing Solo saperlu njaluk idin nggunakake jeneng Srimulat. Eko olah-oleh wae jer mantan pemain Srimulat iku wis dianggep kaya kulawargane dhewe.

“Sawatara sasi candhake dheweke teka maneh ing Solo, lapuran yen pasar tradhisionale malih rame saploke jenenge diganti Pasar Srimulat. Mamaku sing nalika semana isih sugeng, gumujeng kepingkel-pingkel krungu lapurane mau,” kandhane Eko.

Panulis: Kukuh Setyo Wibowo

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 383

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *