Tri Sapta Budaya 2026: Ngramut Tradhisi, Nguwatake Generasi

Padhepokan Seni Mangun Dharma (PSMD) bali nggelar papan sapatemon lan pewarisan seni budaya liwat gelaran Tri Sapta Budaya, Jumat, 28 Agustus 2026. Dudu mung saderma tontonan seni, kegiatan iki dadi pratandha proses pasinaon, makarya, lan nerusake seni budaya kang terus diuripake bebarengan dening cantrik mentrik, para seniman, budayawan, keluarga, lan masyarakat sing nyengkuyung.

Ngunjukake donga dening Pimpinan PSMD Ki soleh Adi Pramono (photo by FG @arifanw)

Rangkaian kegiatan lumaku wiwit esuk nganti bengi, saka jam 07.00 WIB nganti jam 23.30 WIB. Kabeh acara dirancang dadi sawijining ‘perjalanan’ budaya: saka pakurmatan marang leluhur, proses pasinaon seni, nganti tontonan sing nemokake generasi mudha karo para pelaku seni tradisi.

Esuk diwiwiti kirab menyang Punden Mbah Mangun Darmo, diterusake ndonga bareng, ngumbulake plembungan, lan nigas tumpeng. Iki minangka panelaking syukur sekaligus pakurmatan marang leluhur lan kiprahe PSMD jroning nguri-uri kesenian tradisi.

Penampilan Dhalang bocah Ki Taya (photo by FG @arifanw)

Sawisé saka punden, kegiatan diterusake kanthi pagelaran wayang kulit bocah sing dieloni peserta saka kelas pedhalangan, karawitan, lan sindhenan. Para cantrik ora mung dadi penonton, nanging uga dadi pelaku kanggo nuduhake asile sinau.

Sawisé jeda sholat Jumat, kegiatan dibacutake maneh jam 13.00 nganti jam 15.00 WIB, sadurunge rangkaian pagelaran ing wayah bengine.

Dum-duman Rapot & Piala Kelas Wiraswara (photo by FG @arifanw)

Nalika bengi, gelaran dibukak kanthi Tari Remo. Banjur ana motong tumpeng dening pimpinan PSMD, Ki Soleh Adi Pramono, minangka simbul rasa syukur atas lumakune pasinaon lan kiprahe PSMD.

Panggung banjur diisi maneka tari kelompok, ing antarane Monel, Manggala, Pitik Walik, Cundhik Ayu, Gambyong, lan karya tari liyane, uga penampilan drama pendek basa Inggris saka kelas Bahasa Inggris. Kabeh nuduhake maneka proses pasinaon seni ing PSMD.

Tari monel (photo by IG @w4w4nwaw)

Puncak acara kanthi nampilake Wayang Topeng Malang lakon Sri Sedono kanthi dhalang Ki Anwarudin. Iki dadi papan sapatemon antarane generasi cantrik mentrik karo salah siji kesenian tradisi penting identitas budaya Malang Raya.

Sing rawuh dudu mung pejabat, nanging uga sejawat seniman lan budayawan Malang Raya, Presidium Dewan Kesenian Jawa Timur Ki Suroso, sanggar-sanggar seni sakupenge PSMD, para wali cantrik mentrik, lan para cantrik mentrik dhewe. Iki nuduhake yen lestarine seni tradisi ora mung disengkuyung dening panggung, nanging uga dening jejaring pelaku budaya sing terus njaga sesambungan, manerka kawruh, lan aweh papan kanggo generasi mudha supaya bisa tuwuh.

Wayang topeng Malang (photo by IG @w4w4nwaw)

Meh 17 jam, para cantrik mentrik melu rangkaian kegiatan: kirab, donga bareng, nonton lan main, sinau ing suwalike panggung, engga tampil ing ngarepe publik.

Kasile acara kabeh iki ora uwal saka dukungan wali cantrik mentrik, sing dadi sponsor utama. Iki nuduhake yen pewarisan seni ora mung tanggung jawab lembaga seni utawa seniman, nanging uga butuh cawe-cawene keluarga lan lingkungan.

Kirab tumuju Pundhen Mbah Mangun Darmo (photo by FG @arifanw)

Ki Soleh Adi Pramono ngendika: “Sing paling penting saka kegiatan iki dudu mung pertunjukane, nanging kepiye bocah-bocah ngalami kabeh proses. Saka esuk padha melu kirab, ndonga, sinau lan tampil, banjur bengine bali ing panggung. Saka kono dheweke sinau yen seni lan budaya kuwi ora mung ditonton, nanging uga kudu ditindakake.”

Kanggone PSMD, anane wali cantrik mentrik dudu saderma dadi wong tuwa sing ngeterake anake sinau seni, nanging uga dadi bagian ekosistem sing melu njaga supaya proses pendidikan lan tontonan seni bisa terus lumaku.

Lumantar Tri Sapta Budaya, PSMD bali nandhesake yen nguri-uri tradisi ora mung ateges njaga wujude kesenian sing wis mungkur, nanging uga menehi kesempatan marang generasi sabanjure kanggo ngalami, nyanaoni, mainake, lan nerusake budaya kasebut.

Saka pundhen nganti panggung, saka donga nganti tontonan, saka para empu nganti para cantrik—Tri Sapta Budaya 2026 dadi sawijining lelakon bareng kanggo nguri-uri tradisi lan nguwatake generasi. (PSMD)***

Editor : Donny Tunggul

Sumber : Tim PSMD

Bagikan artikel ini
Donny Tunggul
Donny Tunggul
Articles: 68