
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter


Jagad maya utawa medhia sosial rikala Agustus 2026 wingi rame dening eksperimen Hand-tracked Wayang karyane Aga Mahesa, seniman visual saka Bali. Yen lumrahe diobahake nganggo tuding lan gapit, wayang saiki bisa diobahake manut lakune tangan kanthi teknologi hand tracking, touch designer, lan projection mapping.

Eksperimen kuwi banjur nuwuhake maneka tanggapan saka warganet ing medhia sosial. Ana sing rumangsa bombong awit kamajuwan teknologi mungguhe wayang, ana uga sing rumangsa kuwatir yen wayang bisa cures dening teknologi. Saka anane inovasi kuwi, tuwuh pitakonan: Apa teknologi bisa kanggo ngurip-urip wayang, utawa kepara malah nyuda surasane?
Upaya mujudake wayang kanthi cara dhigital sing kaya mangkene iki sejatine dudu barang anyar. Rikala 15 Agustus 2025, Aniwayang Studio tampil ing World Osaka Expo, Jepang, kanthi pagelaran Wayang Anak Desa Timun.
Karya kuwi nyawijekake tata pagelarane wayang lan animasi modheren. Kementerian Ekonomi Kreatif banjur asung pangalembana marang karya anak bangsa kuwi amarga inovasi kasebut bisa kanggo mbiwarakake wayang minangka pasugatan seni Jawa kang kebak dening piwulang lan pitutur Jawa marang pamirsa mancanegara.
Inovasi-inovasi dhigital kang dicakake marang wayang nuduhake yen wayang bisa lumebur kalawan teknologi tanpa kudu kelangan jati dhirine. Ewasemana, nalika wayang disalin wujud saka cara tradhisional menyang layar dhigital, sing owah kuwi mono apa mung wujude wae, utawa uga pengalaman lan surasane?
Gagasan Marshall McLuhan sajrone bukune sing asesirah Understanding Media (1964) bisa dadi ancik-ancik sajrone mawas bab kuwi. Miturut katrangan McLuhan, medhium ora mung dadi wadhahe piwulang anggone digethoktularake, nanging uga bisa mangun carane manungsa sajrone nampa pitutur.
Wayang kang ditonton langsung, kanthi pambudidayane dhalang, iringane gamelan, lan sutresna, lan sakabehe kaskayane mesthi wae rinasa beda surasane kalawan wayang kang katone liwat layar dhigital. Ewasemana, inovasi dhigital kang dicakake ing wayang sejatine ora ateges teknologi kudu ditampik. Teknologi bisa dadi sarana supaya generasi mudha luwih cedhak karo wayang.
Sing wigati, inovasi aja mung nguber kaendahan visual, nanging uga njaga konteks, piwulang, lan ajining budaya. Teknologi bisa ngowahi tata cara wayang digelar, nanging surasane wayang kudu tetep dileluri. Aja nganti sing enom rumangsa wigih ndarbeni kaskayane budaya Jawa sing adiluhung iki. Pangrembakane wayang aja nganti kasilep karo ombyak lakune jaman.
***
Panulis: Tika Puji Lestari
(Mahasiswa Magang S-1 Pendhidhikan Basa lan Sastra Jawa, Universitas Negeri Surabaya)
Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi