Nekat Nresnani Dheweke

foto saka pixabay

Nresnani donya mujudake penyakit kang akeh dirasakake menungsa. Penyakit iki akeh-akehe dianggep menungsa minangka tamba panandhang urip ing ndonya, kamangka dheweke kuwi satemene racun kang wong akeh padha cepet-cepetan ngeleg.

Tresna donya ndadekake wong padha cilaka ing ndonya apadene ing akherat. Ing ngisor iki gegambaran kapitunan-kapitunan yen kita nresnani donya kang kenemenen:

1. Sibuk ngurusi donya nganti lali nyepakake sangu kanggo akherat lan nglirwakake kuwajiban.

Alhasan Bashri Rahimahullah ngandhakake:

” فإن الدنيا كثيرة الأشغال لا يفتح رجل على نفسه باب شغل إلا أوشك ذلك الباب أن يفتح عليه عشرة أبواب “

Satenane donya kuwi banget gawe sibuk, ora ana sawijining pawongan kang mbukakake dheweke sawijining lawang kesibukan donya kejaba, lawang siji kuwi bakal mbukakake uga sepuluh lawang kesibukan sing liyane.

2. Nekakake rasa sumelang lan ngrusak fokus marang tujuan kang satemene nuju negeri akherat. Nabi paring dhawuh:

من كانت الدنيا همه فرق الله عليه أمره و جعل فقره بين عينيه و لم يأته من الدنيا إلا ما كتب له. و من كانت الآخرة نيته جمع الله له أمره. وجعل غناه في قلبه و أنته الدنيا وهي راغمة

“Sapa sing ndadekake donya minangka ambisine, mula Allah bakal mbuyarake sakabehing urusane lan Allah ndadekake kecingkrangan tansah kelet ing antarane kekarone matane, lan donya kuwi ora bakal teka marang dheweke kejaba apa kang wis ditakdirake. Sing sapa wonge ambisine kuwi negeri akherat, mula Allah bakal nggangsarake urusane lan tansah ndadekake perasaan sugih temempel ing antarane kekarone matane, lan donya kang nekani dheweke”.

3. Nresnani donya bakal nekakake ewonan dhuhkita kang ngeselake lan ora ana mandheg-mandhege. Ibnul Qayyim ngandhakake:

و محب الدنيا لا ينفك من ثلاث : هم لازم و تعب دائم و حسرة لا تنقضي و ذلك أن محبها لا ينال منها شيئا إلا طمحت نفسه إلى ما فوقه كما في الحديث الصحيح عن النبي – صلى الله عليه و سلم – : لو كان لابن آدم واديان من المال لا بتغى لهما ثالثا

Wong kang tresna donya ora bakal uwal saka telung bab; was sumelang kang ora ana pedhote, kesel kang ora ana enteke, lan sesambat kang ora ana mandhege, sebab saben-saben dheweke oleh sawijining kanikmatan mula jiwane bakal njerit amrih oleh maneh kenikmatan kang luwih gedhe. Nabi sallallahu alaihi wa salam dhawuh-saupama anak Adam wis nduweni rong ngare emas, mula dheweke bakal kemrungsung pengin nduweni ngare emas liyane”.

4. Nresnani donya dadi sebabe urip ina. Dikandhakake dening ahli hikmah:

من أراد الدنيا فليتهيأ للذل

Sing sapa kedanan marang donya siap-siap wae dadi ina.

5. Nresnani donya ndadekake sawijining pawongan lila dadi ‘penjilat’ lan dadi “setan kang bisu” ora duwe rasa wedi nyelaki perkara kang ala (kemungkaran) disebabake wedi ditinggalake dening wong sugih lan panguwasa.

6. Tresna donya ndadekake pawongan sibuk ngomongake terus.

Sakabehing topik pirembugan tansah tumuju marang donya, piye carane oleh donya mau, ambisi kanggo nenikmati sandhangan larang, kendaraan apik, omah mewah, pasangan kang ayu/nggantheng, apadene pusat-pusat blanja kang kondhang.

Ulama salaf kandha: “Satenane aku benci wong-wong kang sibuk ngomongake weteng lan syahwate”. Ayyub as-Sakhtiyani uga kandha: aku ora tau krungu

Ahmad Bin Hambal ngomongake bab donya sethithik wae. Sauntara kuwi Aun bin Abdullah ngandhakake: “Yakuwi generasi salaf ndhisik ndadekake sisa-sisa wektune kanggo golek donya. Dene kowe kabeh saiki ndadekake porsi akhiratmu saka sisa-sisa saka wektu ndonya”.

Muga-muga kita tansah pinaringan pangayoman Allah saka penyakit iki, lan oleh bimbingan-E kanggo sibuk ngumpulake sangu akherat. (ist) Wallahualam.

***

Panulis : Ki Jenggot

Bagikan artikel ini
Niken Dwi Saputri
Niken Dwi Saputri
Articles: 17