
Adu Jago minangka Adat Bali
Share your love

Adus resik dandan besus, menyang kalangan adu jago. Satleraman kaya mangkono yen nguwasake priya diwasa ing Pulo Bali aja kleru, iku mono dheweke lagi nindakake wajib, udhu tenaga ing ritual tabuh rah.
Tabuh Rah mujudake ritual yadnya alias kurban, marang Bhuta Kala. Dene wujud ejawantahe karan perang satha, ya adu jago kasebut. Jago loro kang didu, bakale dadi tatu. Saka tatu kasebut ana getih kang netes ing lemah. Ya tetesing ludira iku kang dadi simbule yadnya. Dene jago kang didu, minangka sranane yadnya, pinercaya bakale mundhak drajate nalika lair maneh (reinkarnasi) ing tembe.
Kanggo nggelar tabuh rahuga ana sesajen kang kudu dicepakake, lan upacara kanggo miwiti adicara. Sesajene ana miri, endhog, klapa, lan andel-andel. Upacara sarta sesajen iki kaangkah minangka srana nyenyuwun marang Hyang Widhi Wasa, amrih ruh sato kewan kang dadi sranane yadnya mau antuk papan mirunggan ing sunia loka (mantram patika wenang).
Kejaba pitik jago lan sesajen, jejangkepe yadnya yaiku toh dedamping utawa dhuwit 200 kepeng. Dhuwit dicepakake dening Yajamana utawa paraga kang nggelar yadnya, minangka wujud rasa syukur kang eklas. Mula, dhuwit kasebut dudu kanggo botohan utawa judi.
Tabuh Rah uga kagelar dening warga Desa Tenganan, Karangasem. Ananging wujud lan sranane beda. Yaiku perang pandhan. Katindakake dening paraga priya loro, nganggo gaman pandhan kang ana erine ing iringe.
Tabuh Rah masyarakat Tenganan mujudake srana kang dipisungsungake marang Dewa Indra, utawa dewane perang. Ancase minangka simbol watak ksatriya hangrungkebi bumi pertiwi.
Gelarane Tabuh Rah warga Tenganan yaiku, paraga priya dewasa loro adhep-adhepan, sinambi nggegem pandhan. Lelorone banjur sigrak ngobat-abitake gaman pandhan, amrih ngenani anggane ”lawan”. Tatu saka sabetan pandhan mujudake simbul rasa wani, minangka bukti ngukuhi ajaran Dewa Indra. Dene getih saka tatu kasebut, mujudake yadnya marang Dewi Pertiwi.
Tabuh Rah warga Tenganan, Karangasem, mujudake salah sijine upacara adat kang klebu wigati. Mula warga uga nglegakake nekseni gelaran. Ing kalodhangan iku, warga uga manganggo kain mligi, kang aran gringsing. Yaiku kain kang ginawe kanthi tenun iket pindho (dhobel).
Corake khas, lan pinercaya minangka ajarane Dewa Indra. Yaiku latar peteng sarta rerenggan motif gegambaran lintang, wulan, srengenge. Werna kang digunakake kombinasi abang, wujud pakurmatan marang Dewa Brahma; kuning, minangka pakurmatan marang Dewa Wisnu; lan ireng, tandha pakurmatan
marang Dewa Siwa. Werna abang saka oyode wit pace dicampur oyode tanduran sunti. Kuning saka lenga miri lan awune miri. Dene ireng saka indigo dicampur kulite oyod pace.
Kain gringsing ing jejangkepe upacara adat uga kaangkah minangka simbul tulak bala, ngawekani lelara. Iku selaras karo arane gringsing, kang jarwane gering (lelara) lan sing (kalis).
***
Penulis: Iie















