Dalan Pangusada lumantar Donga

“Yaa Allah…Yaa Allah….Yaa Allahul A’zhamu Jalilul Akbar.”

Lantunan amalan Ismu Adzom kang ngangungake asmane Allah SWT keprungu gumrenggeng saka salah salah sijine ruwangan pondhok Yayasan Bina Tauhid Darul Miftahudin, Desa Hambaro, Kecamatan Nanggung, Kabupaten Bogor, Jawa Barat, tengahing sasi September 2026. Puji-pujian iku kadhang kala “ditumpangi” swara rame pating clomet. Ana sing omong dhewe, ana sing nggetak-nggetak, sarta ana prilaku-prilaku sing nuduhake kahanan jiwa ora stabil.

Kaya mangkono mau swasana sedina-dinane Yayasan Bina Tauhid Darul Miftahudin kang didadekake panggonan ngopeni wong-wong ora waras, utawa istilahe saiki orang dengan gangguan jiwa (ODGJ), pencandu NAPZA (narkotika), sarta nampung wong-wong kleleran sing ora nduweni papan dunung.

Madeg ana lahan 1.200 meter pesagi jembare, lembaga kesejahteraan sosial (LKS) iku dibangun dening Roppiudin Sukarta Dirdja taun 2010. Sekawit Roppiudin maedahake bangunan mau kanggo pondhok pesantren salafiyah. Nanging suwening suwe ngrembaka dadi panggonan pangobatan (rehabilitasi) tumrap wong-wong sing jiwane keganggu.

Wong-wong owah pikire sing dikirim menyang yayasan kasebut nduweni masalah beda-beda. Sebageyan isih mbutuhake pengawasan ketat jalaran asring ngamuk, wiwit ngrusak fasilitas pondhok nganti milara sasamane penghuni. Yen tarafe wis mbebayani, wong-wong kang isih agresif iku kepeksa dilebokake kamar isolasi sing kapisah karo penghuni liyane.

Nanging tumrap saperangan penghuni, panggonan mau ora beda palereman sauntara sadurunge bali menyang kulawargane dhewe-dhewe. Ewasemono mungguhe penghuni kang ora duwe sanak kadang, yayasan kasebut minangka sulihe omah. Kanggo pituwas anggone ngenger, wong-wong kang ora duwe papan dunung iku padha mbiyantu bot repote yayasan jroning ngupakara ODGJ lan kurban NAPZA.

Zikir, salat lan maca Al Qur’an mujudake kegiyatan rutin padinan sing wajib dilakoni kabeh warga Yayasan Bina Tauhid Darul Miftahudin, kalebu ODGJ sing lagi ditangani proses warase. Wondene lantunan Ismu Adzom terus dibolan-baleni saben dina kanggo nambah rasa kusu’ para pasien.

Kejaba zikir, salat lan ngaji, penghuni yayasan isih dibina ing bab wewarah agama Islam. Ustad-ustad ngampingi pasien-pasien jrone nindakake ibadah. Pembinaan mental ditindakake satahap mbaka satahap, diselarasake karo kahanane pasien. Tegese, tumrap ODGJ sing nemen, carane nangani beda karo sing setengah waras lan sing wis waras.

Ayat mbaka ayat diwaca. Kadhang kala pamacane ayat mandheg. Panyawange wong-wong iku kaya-kaya klelep marang surasane kitab Al Qur’an kang diwaca, senajan ta sadurunge wis bisa nglafalake kanthi lancar. Nalika wanci salat tumapak, wong-wong mau baris mrenata saf, manut obahe imam. Swasana ening salat sok-sok pecah dening “jemaah” sing ujug-ujug kumecap.

Ana suwaliking proses usada mau, sumimpen pangarep-arep bisaa pasien-pasien mau bali menyang satengahe masyarakat lan nglakoni panguripan normal.

(Foto & naskah: ANTARA/Salma Talita).

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 410