Ing Pundhake Gerenasi Mudha Reog Ponorogo Lestari

Swara gamelan keprungu cetha saka gedhung serbaguna SMP Negeri 2 Ponorogo, Jawa Timur, ngiring jangkahe para pelajar kang samapta gladhen, awale sasi Juli 2026 kepungkur. Ing njero aula, penari Jathil ngapalake obahe joged, Bujang Ganong nyempurnakake gerake kang lincah, lan Klana Sewandana ngudi mematut gerak kang teges kebak wibawa. Ing sisih liya, Warok karo Singa Barong (Dhadhak Merak) nylarasake kekompakan ing saben adegan. Sauntara kuwi pengrawit njaga wiramane tabuhan kanggo nyawijekake gerake penari karo swara gamelan. Gladhen srempeng ing aula SMP Negeri 2 Ponorogo iku dadi sawegane grup Reog Jaya Manggala kang bakal partisipasi jrone Festival Reog Remaja 2026.

ANTARA FOTO/Muhammad Mada

Reog Jaya Manggala kang nduweni anggota cacah 125 murid, mujudake ekstra kurikuler wajib ing sekolahan kasebut. 125 anggota iku didum menyang 28 penari Jathil, 4 Bujang Ganong, 1 Klana Sewandana, 20 penari Warok, 7 Dhadhak Merak, dene sisane nyawiji ing tim pengrawit. Gladhen ditindakake satahap mbaka satahap, wiwit nguwasani gerak joged, nylarasake karo wirama gamelan, nyawiji ing formasi, nganti gladhen pamungkas sadurunge pentas. Saben tahap nduweni teges wigati tumrap kabeh pemain.

Ing saselane gladhen saben dina, anggota Jaya Manggala tetep ora lali karo statuse kang pokok, yaiku minangka pelajar. Esuk nganti awan bocah-bocah iku serius nyemak wulangan mata pelajaran saka guru-gurune. Gladhen reog (disebut reyog ing basa Jawa), lagi katindakake sawise bel tandha mulih ngumandhang. Senajan saben dina gladhen, nanging ora ana rasa bosen. Kabukten kabeh tetep katon semangat, jer ing saben latihan mujudake wanci kanggo sangsaya nyawijekake keselarasan antarane penari siji lan sijine, sarta antarane penari karo pengrawit.

Kepala SMP Negeri 2 Ponorogo Imam Saifudin nuturake, tumrap lembaga pendidikan mau, Reog Ponorogo dudu saderma kesenian, nanging warisan budaya kang wis ngoyod jrone panguripan sekolah. Komitmene SMP Negeri 2 Ponorogo ngreksa lesatrine reog diwujudake menyang kegiyatan ekstrakurikuler wajib seminggu sepisan. Ngadhepi kegiyatan-kegiyatan tinamtu, kaya dene Festival Reog Remaja 2026 mau, gladhen ditindakake meh saben dina sajrone telung sasi. Sinengkuyung dening guru, komite sekolah, wali murid, sarta pemerintah daerah.

Pangakuwan Reog Ponorogo dening UNESCO minangka Warisan Budaya Tak Benda (WBTb) donya, dadi tunggak kang rosa ngiras pamecut menawa upaya ngleluri seni budaya mau ora mandheg mung jalaran wis oleh pangakuwan saka donya internasional. Tetep diperlokake kadherisasi saka generasi mudha amrih reog ora cures, salah sijine liwat kegiyatan Festival Reog Remaja 2026. Pemerintah Kabupaten Ponorogo menehi wadhah marang pelajar kanggo ngrembakakake bakat lan kabisane ngiras pantes mikuwati regenerasi. Klebu kang ditindakake dening SMP Negeri 2 Ponorogo. 

(Foto: ANTARA/Muhammad Mada) 

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 382

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *