
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter


KITA kabeh sawijining dina mengko mesthi bakal mati. Donya iki mung sauntara, ora langgeng, bakal rusak lan musna. Donya mung ampiran nuju papan kang luwih langgeng kang arane akerat.
Menungsa akhir jaman, kaya kita iki, akeh sing luwih tresna marang donya sarta wedi mati. Uga akeh kang durung ngrumangsani apadene nggawe persiapan sadurunge mati. Salah siji sebabe yakuwi merga gebyare urip ing donya iki kang gawe kerep lena.
Nalika kita mati, roh kita metu saka tutuk lan grana kita. Mripat mujudake pancaindera pungkasan kang ndeleng metune roh mau. Mula iku wong kang mati, mripate kerep katon mbukak amba.
Kabeh kita bakal marak sowan ing ngarsane Gusti Allah lan mlebu ing alam kubur.
Wong kang bebarengan kita ing donya bakal enggal nglalekake kita, dene kita bakal nampa walesan saka tumindak kang wis kita tindakake nalika ing ndonya kanggo ngadhep ing ngarsane Gusti Allah.
Urip ing donya tujuane dudu kanggo mati, nanging persiapan kanggo nglakoni mati. Allah nyipakake menungsa lan jin ora liya mung kanggo ngibadah marang
Panjenengane.
Wong kang wis mati bakal nemahi rasa getun engga ngaru ara nyenyuwun marang Gusti Allah amrih diuripake maneh amarga pengin ningkatake amalane.
Ing ngisor iki mujudake 5 rasa getun kita sawise mati mengko. Apa wae kuwi? Iki ing antarane.
Gusti Allah njlentrehake jroning Surat Al Mulk ayat 6 – 11 kang terjemahan bebase kurang luwih muni mangkene; “Nalika menungsa diuncalake menyang neraka amarga nampa azab Jahannam, dheweke krungu suarane neraka kang nggegirisi banget. Saben wong kafir bakal diuncalake, tukang jaga neraka banjur takon apa ora ana sing ngelikake sira nalika urip ing donya. Wong-wong sing ngenggoni neraka kuwi mangsuli, satemene wis teka sawijining pawongan kang menehi pepenget nanging wong-wong padha nyelaki. Mula wong-wong iku rumangsa getun lan ngakoni dosa-dosane.”
Mangkono kuwi 5 rasa getun kang beakal dialami menungsa sawise mati.
Sauntara kuwi apa 5 rasa getun nalikane kita urip?
5 rasa getun nalikane urip yakuwi yen kita ora bisa nindakak 5 wektu solat fardhu saben dinane. Wallahua’lam bisawab.
***
Panulis: Ki Jenggot