
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter


Purwaceng (Pimpinella pruatjan) minangka tetuwuhan herbal pareden (dataran tinggi) kang wis suwe dipigunakake, utamane mungguh masarakat Dieng, Jawa Tengah, minangka usada alami mungguh saperangan lelara.
Purwaceng tuwuh kanthi nyrambah lemah utawa kanthi dhuwur sing ora sepira lan urip ing kawasan kang dhuwure 1.800—3.000 meter ing sandhuwure palumahe segara. Jalaran habitate sing spesifik kuwi, purwaceng klebu tetuwuhan sing eksistensi-ne perlu dijaga.
Bageyan sing sok dipigunakake minangka bahan jamu yaiku oyod, senajan godhong lan bageyan liyane ya bisa wae dipigunakake kanggo butuhan liyane.
Purwaceng ya kesuwur minangka herbal kanggo ngundhakake stamina lan vitalitas priya. Panliten kang kamot ing Jurnal Universitas Muhammadiyah Palembang taun 2024 nuduhake yen peresan oyode purwaceng mengku potensi gedhe kanggo mangaribawani testosteron sarta kualitas mani (sperma).
Saliyane kanggo njaga vitalitas, purwaceng yabisa kanggo mbantu mulihake bregase awak. Tetuwuhan iki ya mengku potensi minangka diuretik, utawa kanggo njaga wewetone uyuh.
Mungguh padatane sedulur karang padesan, ngolahe purwaceng kanthi cara oyode kuwi digodhog utawa dicam kaya teh, banjur langsung diunjuk. Saiki, purwaceng ya wis akeh didol minangka prodhuk dadi kaya dene bubukan, kapsul, sarta campuran kopi utawa susu satemah luwih praktis rikala di-konsumsi.
Panliten liyane kang kapacak ing jurnal Tropical Life Sciences Research taun 2016 nuduhake yen purwaceng mengku aktivitas antibakteri. Kandhutan etil asetat lan etanol sajrone purwaceng mampu nyandhet tuwuhe bakteri Staphylococcus aureus, Escherichia coli, lan isolat bakteri MG42, minangka bakteri kang njalari infeksi lan mecut tuwuhe gangguwan pangluluhan (pencernaan).
Purwaceng ya tau ditliti ing pigunane minangka antiradang lan nduweni potensi mbantu nyuda proses peradangan. Senajan wis suwe dipigunakake mungguh sedulur karang padesan, sabageyan gedhe pigunane purwaceng ya isih perlu ditliti luwih jeru maneh.
Para maos nalika nggunakake prodhuke purwaceng prayoga slaras karo paugeran cak-cakan kang wis cinathet ing bungkuse. Ana kapustakan kang nyebutake yen ibu nggarbini lan sing nandhang hipertensi diajab supaya ora ngrahabi purwaceng. Semono uga, yen lagi ngonsumsi obat tartamtu, becik konsultasi dhisik marang tenaga medhis amrih ora ana apa-apa. Cukup semene, nuwun.
***
Panulis: Ahmad RW