
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter


SAKA maneka tetanduran, akeh banget kang bisa dadi bahan pangan. Ana kang dadi bahan pokoke mangsakan, ana kang dadi jejangkepe. Sanadyan mung sakeler rong eler, yen ora ana ya rinasa kurang sedhep. Contone seledri.
Seledri kang nduweni ganda khas iki kerep dadi jejangkepe mangsakan kuwah. Kaya ta sop, soto, lan bakso. Ana kang kulinane katut dimangsak, ananging uga ana kang mentahan. Dirajang alus banjur diwur-wurake nalika mangsakan siyap disugatake.
Sakehing panaliten mbabar menawa seledri ora mung seger gandane ananging uga akeh kasiate. Kejaba bisa njaga amrih tensi ora keladuk, uga mujarab kanggo nyuda kokesterol.
Kasiat liyane ora kalah nggumunake. Seledri ngandhut apigenin, zat antiradhang, antibakteri, antivirus, uga antioksidan. Kanthi mengkono, bisa mbiyantu nampik radikal bebas kang njalari lelara kanker.
Seledri uga mujarab kanggo njaga kasarasan liver, jalaran ngandhut zat metanol. Pasien sing nandhang gangguwan ing liver (ati), adate albumin-e mundhak. Semono uga yen dites, katon SGPT, SGOT, lan total protein-e dhuwur. Kahanan iki bisa disuda kanthi tamba kang trep. Seledri klebu bahan alami kang nyengkuyung pangusada kasebut.
Kejaba kasiat iku mau, sing paling prasaja, seledri uga migunani awit gandane. Seger getir-e kang khas bisa ngilangake abab kang mambu lan gandane awak. Carane gampang, yaiku sregep lalap seledri saben dina. Bisa uga digawe inuman, kanthi diwenehi banyu wedang sethithik banjur diperes dijupuk sarine.
Amrih cethane, apa wae ta zat gizine seledri?
Saben 100 gram, seledri ngandhut:
Mula para maos aja wigah-wigih ngragabi mangsakan kang ana sledrine. Utawa yen pancen perlu, bisa ajeg ngombe jus seledri. Sauger diselarasake karo butuhe badane dhewe-dhewe.
***
Panulis: Iie