Olah raga lan Diet Ora Waton Kemringet

Ilustrasi saka johnkellerman

Olah raga mlayu-mlayu alias jogging ing wayah tengange, utawa sore, nganggo clana panjang lan jaket. Para maos apa sok mrangguli sing kaya ngono? Coba, yen ngepasi tepung karo uwonge, ditakoni, geneya kok brukut? Apa ora sumuk nemen?

LUMRAHE bakal ana sing mangsuli, yen kepengin bisa ngetokake kringet akeh. Jalaran, ing pamawase, tambah akeh kringete, tansaya akeh lemak ing badan kang diolah. Ing pangangkah, kanggone sing lagi diet, dadi luwih cepet susut bobote badane.

Hmmm… kamangka sejatine ora kaya mangkono. Pancen ya nek ngepasi olah raga, apamaneh panas-panasan, brukut pisan, kringet byuk-byukan. Ananging iki ora kena kanggo ukuran gunggunge lemak kang diolah.

Kringet, lumrahe bisa jumedhul ing saranduning badan. Saka bathuk, pilingan, gulu, lengen, uga perangane badan kang rada nyingid kaya kelek. Malah uga ing sirah. Mula yen bar olah raga, rambut dadi lepek lan mambu kecut ta?

Kaya kapacak ing Healthline lan dicuplik CNN, kemringet mujudake srana alami ngatur suhu badan. Mula, wis samesthine kringet jumedhul nalika suhu badan mundhak. Salah sijine nalika olah raga utawa nindakake pakaryan kang ngetog tenaga. Ya ing wektu iku,perangan-perangane badan ngupaya nyelarasake suhu badan, kanthi ngetokake kringet. Iku proses amrih badan suda panase, bali ing suhu kang lumrah.

Dadi yen olah raga, awan, brukut, ya kringete akeh lantaran panas. Dudu minangka ukuran gunggunge lemak kang kebakar. Tegese, ora banjur langsung bisa kanggo mesthekake susute bobote angga. Yen olah raga angkahe kanggo nyuda bobote badan, sayogyane ngukur gunggunge energi kang ditokake. Aja mung waton golek kringet.

Ananging, senadyan dudu ukuran pembakaran lemak, kemringet iku gedhe paedahe kanggo kasarasane badan. Metune kringet padha karo luruhe saperangan racune badan. uga, ngu dhakake imun alias daya kebale badan. Kringet ngandhut dermcidin, protein kang bisa numpes kuman kanthi alami.

***

Panulis: lie

Bagikan artikel ini
Ariel Raditya
Ariel Raditya
Articles: 3