
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter


Apel klebu woh kang gampang tinemu ing pasar, supermarket, uga kios buah. Yen nitik kulite, ana kang wernane ijo, abang semburat kuning, uga abang mbranang. Rasane umume legi seger, ana sing legi semu kecut, ana sing kecut nemen lan seger.
Jinise apel werna-wena. Ana kang karan apel fuji, apel mutsu, royal gala, apel golden, washington, apel granny smith. Lan kang ora kalah kawentar, apel lokal, yaiku apel manalagi. Kabeh nduweni piguna kanggone kasarasane badan.
Apel, jinis kang endi wae, ngandhut vitamin C dhuwur. Dene mupangate vitamin C, kita kabeh wis ngerti: njaga kekebalaning badan, mbiyantu nambani tatu, uga njaga kasarasane kulit.
Khasiyate apel liyane yaiku nyegah rusaking sel. Jalaran, apel ngandhut antioksidan quercetin lan polifenol sing dhuwur. Ya lelorone iki sing gedhe mupangate kanggo nyegah sel rusak amarga radhikal bebas.
Apel uga sumber serat tan larut selulosa lan lignin. Apamaneh perangan kulite. Kanthi kandhutan serat iki, ngremusi apel sakulite bisa dadi srana nyegah bebelen. Bisa uga kanggo jejangkep dhiet, kanggone sing butuh konsumsi serat akeh.
Kejaba vitamin C, apel uga ngandhut pektin. Dadi, mangan apel ora susah kuwatir mencret! Jalaran khasiyate pektin kanggo ngayomi selaput lendhir lambung lan usus saka bakteri. Ananging ya kudu samadya olehe mangan, aja keladuk. Lan aja lali tetep memangan sumber nutrisi liyane.
Pektin uga bisa nyerep lemak lan kolesterol lho! Mengkone bakale ditokake saka badan nalika bebuwang. Mula kejaba dadi srana dhiet nyuda bobote badan, ngemil apel seger uga trep kanggo ngendhaleni kolesterol. Jalaran, pektin bisa nyerep lemak lan kolesterol, kang bakale ditokake saka badan nalika bebuwang.
Kaserat ing buku The Miracle of Fruits (2013) karyane Desty Ervira Puspaningtyas, S.Gz, prayogane memangan apel mono mesisan karo kulite. Jalaran, bakale bisa antuk antioksidan kang luwih akeh.
Kulit apel ngemu karoten, kang fungsine minangka vitamin A lan antioksidan. Zat gizi iki khasiyate nangkal radhikal bebas, saengga bisa nyegah lelara degeneratif kaya kanker lan diabetes. Kejaba saka iku, kulit apel uga ngandhut mineral lan serat, kaya kang wis kajlentrehake ing ndhuwur.
Mbok menawa saperangan para maos kuwatir, jalaran kerep krungu yen ing kulit apel ana lapisane lilin. Lumrahe, apel diwenehi lapisan iki amrih ora langsung kena oksigen saengga ora kisut, luwih awet nalika dikirim saka kebon, pengepul, tekan lapak dhasaran. Manut BPOM lapisan lilin iki klebu bahan pangan dadi isih klebu aman dikonsumsi.
Dadi, apel cukup dikumbah samadya wae, banjur langsung dirahabi. Nanging, yen para maos isih durung mantep, kena kanthi cara mangkene: apel dicelupake wedang anget, dikosoki alon-alon. Sawiseiku banjur dilap nganti garing, lan dibilas wedang resik. Ngumbah woh-wohan, klebu apel, pancen wis salumrahe, amrih bisa resik saka pestisida kang ora bisa dipungkiri, dinggo dening para kadang tani.
Kabeh ing ndhuwur mau ngrembug khasiyate apel kang isih seger ya. Alias woh apel asli. Dene ing pasaran saiki akeh olahan saka apel, ya iku mono beda maneh. Contone ana sari apel, kang wujude cuwer kaya inuman. Pancen legi semu kecut saemper apel, ananging aja lali, iku wis dudu woh asli. Becike ya diwaspadani.
Sari apel, adate mono apel dijur, diperes, disaring dijupuk sarine, banjur diolah. Ngolahe kanthi digodhog, lan sok-sok diimbuhi gula. Kejaba amrih rasane luwih tinampa ilate ngakeh, uga kareben bisa awet nalika disinggahake. Kanthi mengkono kandhutan nutrisine cetha wis beda karo woh apel asli. Iki kudu disetitekake. Yen kepengin nyecep gizine apel kang pener, ya pilih woh apel seger!
***
Panulis: lie