
SING KATON, SING ILANG, LAN SING ORA TAU DICATHET
Share your love
Rolas seniman enom mawas Surabaya saka sisih liya sing arang disawang masarakat
ing pameran “Suradaya – What Remains Unseen”

Penumpang angkutan umum Wira-Wiri mung butuh sawetara detik kanggo munggah, milih papan lungguh, banjur tumungkul nyawang layar HP. Sing ora katon dening penumpang, supire wis tangi luwih esuk kanggo ngresiki jero kendharaan, ngapalake ruas dalan sing kerep macet, sarta ngira-ira wektu supaya penumpang ora telat tekan papan tujuwan.
Kahanan sing kaya mangkono kuwi sing dipotret Anugra Pratama Rameli nganggo kamerane. Miturute dheweke, tanggung jawabe sopir ora mung ngeterake penumpang. Ana pakaryan liyane supir sing arang digatekake wong liya, sing tamtune unik, ya kuwi sing dadi alasane Anugra njupuk topik babagan angkutan umum.

Foto-foto Anugra dadi salah sawijining bageyan saka pameran Suradaya – What Remains Unseen ing Orasis Art Space, Jalan Bukit Golf B2-25, Citraland, Surabaya. Pameran iki kagelar wiwit Jemuwah nganti Akad, 18–27 September 2026. Ana rolas karyane para seniman nom sing dadi wangsulan saka sapitakon: Apa sejatine sing ora katon saka Surabaya?
Suradaya – What Remains Unseen minangka program lintas budaya antarane Indonesia, Jerman, lan Prancis sing disengkuyung dening Franco – German Cultural Fund. Tema sing diangkat yaiku Fight Against Misinformation, sing dadi ajakan kanggo masarakat supaya luwih ngati-ati anggone nampa lan maca informasi kang awujud gambar.
Anggone nyepakake acara iki ora sedhela. Luwih saka telung sasi suwene rolas panyarta pilihan digladhi dening para mentor, wiwit saka ngrembug gagasan nganti mlebu lapangan kanggo ngripta karya. Asile lagi dituduhake marang wong akeh nalika gelaran pameran ing Orasis Art Space.
Ing acara pambuka, pangayubagya diaturake dening Direktur Wisma Jerman, Mike Neuber, lan Direktur Institut Français d’Indonésie (IFI) Surabaya, Vincent Padaré. Sawise kuwi giliran para mentor Suradaya Workshop, yaiku Idealita Ismanto lan Mamuk Ismuntoro, sing saliyane dadi mentor ya dadi konsultan program, padha menehi katrangan ringkes bab lakune workshop.
Para rawuh banjur dijak mlaku ngubengi ruang pameran dening kurator, Danny Hartanto Kristiawan. Miturut kurator, bab sing wigati saka pameran iki dudu asil potretane wae, nanging kepriye rolas seniman mau padha rebutan nemtokake apa sing dianggep wigati lan apa sing pantes dicathet saka Surabaya. Sanajan mangkono, pengunjung ora diwatesi kudu manut marang apa sing diandharake seniman. Saben wong kena nduweni pemaknaan dhewe marang arsip foto sing dipajang.

Amadeus Mozes Wiratmoko, sawijining panyarta Suradaya Workshop, milih Kampung Ketandan kang manggon ing pusate Kutha Surabaya. Kampung kuwi kaapit gedhung-gedhung dhuwur lan dadi seksi sejarah panguripane wong jaman biyen kang isih ana ing satengahing swasana modheren Dalan Tunjungan saiki.

Claudia Suciono, ya panyarta Suradaya Workshop, pilih motret kulawargane dhewe. Dheweke ngangkat trauma lan tatu jaman kepungkur saka pamawase dhewe, banjur nuduhake marang pengunjung kepriye dheweke sakulawarga padha struggle (keraya-raya) anggone nglakoni uripe lan ngatasi sakehe perkara sing teka-lunga.

Saka Ampel, panyarta Suradaya Workshop Salwa Al Kharamain mbabar lelakon sing arang dicritakake, yaiku babagan ekonomi. Miturut katrangane Salwa, Sunan Ampel mbuktekake yen papan religi bisa nguripi ekonomi masarakat ing sakiwa-tengene. Wates antarane dagang komoditas lan spiritualitas sing saya suwe saya ora pati ketara ing saurutin wektu kuwi sing dianggep narik kawigaten.

Panyarta Suradaya Workshop liyane, Patricia Chelsea nemokake alas sing jembare 90 hektar utawa 900.000 meter pesagi kanthi aran Alas Nusantara ing satengahing rejane Kutha Surabaya. Alas kuwi dirumat dening Sungkono Ari Saputro, sing kondhang disebut Mas Pokemon, aktivis akar rumput kang wis puluhan taun ngabdi marang masarakat. Dheweke mangun perpustakaan ing sajrone alas lan ngrintis Komunitas Arek-Arek Nusantara sing nyengkuyung perjuwangane hak buruh. Kajaba saka kuwi, Mas Pokemon ya nggatekake bocah-bocah saka kulawarga kurang mampu sing kangelan ngolehake akses pendhidhikan.

Nalika ambyur langsung ing lokasi, Patricia nyekseni dhewe yen pakaryan kuwi ana asile. Mas Pokemon kerep nganakake patemon karo wong tuwane bocah-bocah sing kangelan sekolahe, malah nganti audiensi menyang Dinas Pendidikan. Pakaryan sing ditindakake kanthi meneng ing sajrone alas lan ing satengahing karepotane kutha Surabaya kuwi sing narik kawigatene Patricia.
Dene M. Ranau Alejandro, panyarta Suradaya Workshop, ngangkat rega sing kudu dibayar nanging ora katon ing sawalike profesi musisi, utawa sing kerep diarani hidden cost. Miturut dheweke, dadi musisi kuwi pakaryan kanthi beban emosional sing ora cilik, lan bab kuwi arang dingerteni dening wong sing mung nyawang saka ngarep panggung.

Sing luput saka kawigaten yaiku fotone Lowis Kassing, panyarta Suradaya Workshop asal Jerman. Foto-fotone nuduhake kahanane Kalimas, sawijining kali ing satengahe Kutha Surabaya kang wis kerep kena polusi plastig lan larahan kimia kang mili langsung tumuju segara. Kahanan iki dadi kosokbalene arane kang mengku teges “kali emas” utawa “kali sing rupane emas”, dene para warga kepara malah nyebut kali kuwi kanthi aran “Kali Ireng”. Iki sing dadi fotografer kepencut nglebokake kahanane Kalimas ing pameran.

Saka karya-karya kuwi, katon yen Surabaya ora bisa dipungkasi mung nganggo pamawas siji. Kutha iki dudu mung obyek dokumentasi, nanging panggonan sing madeg jalaran crita lan pengalamane sakehe pawongan sing dumunung ing kono. Sawijining kutha nyatane pancen tansah nyimpen crita sing luwih njlimet lan mrinci tinimbang saka sing kita weruhi saka sapamawase foto wae.

Pameran ing Orasis Art Space pancen rampunge isih tanggal 27 September 2026. Nanging lakune Suradaya durung mandheg. Kolaborasi antarane Indonesia, Jerman, lan Prancis iki mbukak kalodhangan anane pameran keliling ing telung negara kasebut, sarta pertukaran mahasiswa lan peneliti, kalebu ing Jawa Timur.
***
Panggon lan wektu: Orasis Art Space, Jalan Bukit Golf B2-25, Citraland, Surabaya. 18 nganti 27 September 2026, Jam 11.00 – 18.00.
Tema: Fight Against Misinformation.
Panyengkuyung: Franco-German Cultural Fund.
Mitra: Hochschule Hannover (Jerman), École nationale supériure de la photographie (ENSP) Arles (Prancis), Universitas Airlangga, Universitas Kristen Petra, Melihat Bersama, Matanesia, lan Orasis Art Space.
Panyarta: Amadeus Mozes Wiratmoko, Anugra Pratama Rameli, Claudia Suciono, David Akbar Maulana, Jasper Hill (Jerman), Lowis Kassing (Jerman), Luvita Ardiona P., M. Ranau Alejandro, Patricia Chelsea, Salwa Al Kharamain, Sherly Aprilia, lan Tufail Rosyad Abdi.
Mentor: Idealita Ismanto, Mamuk Ismuntoro, Kai Loffelbein (Hochschule Hannover), Clément Caignart (ENSP Arles), lan Jacob Vicari (Hochschule Hannover, daring).
Kurator: Danny Hartanto Kristiawan.
Narahubung: Faradiba Anasya, Public Relations Orasis Art Space, 0821 1212 7319, business@orasis.art.















