Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya nindakake penertiban tumrap puluhan bangunan liar sing sasuwene iki digunakake kanggo ngumpulake rongsokan ing sadawane kawasan TPA Benowo, Setu kepungkur (14/3/2026). Langkah tegas iki kanggo njejegake Perda Nomer 5 Taun 2014 bab Pengelolaan Sampah lan Kebersihan.
Operasi gabungan iki ditindakake dening Satpol PP, Dinas Lingkungan Hidup (DLH), jajaran kecamatan, kelurahan, nganti tokoh masyarakat lokal.
Kepala Satpol PP Surabaya, Achmad Zaini, nerangake yen target utama obrakan ksb yaiku bangunan semi-permanen (saka gedheg) sing didadekake gudang kanggo nyimpen rongsokan ing sanjabane area resmi TPA.
“Kita tertibake 38 gubuk ing wilayah Kecamatan Pakal lan bangunan 2 ing Kecamatan Benowo, total ana 40 bangunan. Selaras karo Perda, dilarang keras numpuk rongsokan ing kono kejaba ing TPA,” jelase Zaini.

Jroning obarakan mau, Zaini kandha yen petugas tetep menehi kalonggaran marang sing duwe barang amrih ngangkut rongsokane sing isih bisa didol. Nanging, sisa larahan sing ora digunakake langsung diresiki lan dibuang ing TPA Benowo.
Zaini nandhesake, sadurunge ngobrak, Pemkot Surabaya wis nindakake sosialisasi marang pamilik utawa penyewa lahan supaya ora nggunakake area kasebut kanggo ‘mbuwang’ sampah ilegal.
“Mesthi wae kita edukasi bareng DLH supaya ora numpuk sampah ing sanjabane TPA Benowo,” tambahé.
Sauntara kuwi Kepala Dinas Lingkungan Hidup (DLH) Surabaya, Dedik Irianto, ngandhakake yen gudhang-gudhang larahan iki asring nuwuhake polusi lingkungan. Miturut data ing lapangan, 90 persen sing duwe bangunan iki dudu warga Surabaya.
“Modusé, larahan sing kudune mlebu TPA Benowo dienggokake menyang gudhang-gudhang kuwi. Ing kono larahan mau dipilah, botol lan barang sing isih ana ajine dijupuk, dene sampah organik sing bosok ditinggal ngono wae. Iki sing nyebabe mambu bacin lan nyecemeri lingkungan,” ujare Dedik.
Dedik uga nambahake yen akeh pamilik lahan sing satemene ora setuju yen tanahé disewa kanggo kegiatan sing nyebabake kumuh kuwi.
Minangka tindak lanjut, Pemkot Surabaya bakal ngawasi kanthi ketat supaya ora ana maneh praktek kaya ngono.
Dedik ngandhakake yen DLH wis ngakon kabeh sopir truk sampah, kalebu rekanan, supaya ora ngedhunake larahane ing lokasi saliyane TPA Benowo.
“Kita bebarengan Satpol PP, kecamatan, lan kelurahan bakal siaga njaga lokasi sawise obrakan iki,” tambahé.

Miturut Dedik, nganti saiki isih terus diresiki sisa-sisa larahan ing area kasebut.
“Anggone ngresiki sithik mbaka sithik, amarga larahane akeh banget lan armada kita uga kanggo kegiatan liyane, kaya Surabaya Bergerak upamane,” ujare Dedik.
Dheweke nambahake yen tujuan penertiban iki yaiku ngresiki tumpukan larahan ing sanjabane TPA Benowo lan ndadekake lingkungané luwih temata.
“Tujuane jelas, supaya tata kelola sampah ing Surabaya saya apik lan selaras karo aturan. Ora oleh maneh ana kegiatan usaha sampah sing nerak aturan ing wilayah kasebut,” pungkase Dedik. ***
Editor : Donny Tunggul
Sumber : Rilis Pemkot Surabaya




viagra cena
viagra cena
finasteride generic
finasteride generic
diflucan medication
diflucan medication
meloxicam 7.5 tablets
meloxicam 7.5 tablets
dutasteride 0.5 mg oral capsule
dutasteride 0.5 mg oral capsule
prevacid otc 30mg
prevacid otc 30mg
finasterida
finasterida
rifampin medication
rifampin medication
cialis tablets dosage
cialis tablets dosage
orlistat precio walmart
orlistat precio walmart
avanafil tablet 10 mg price
avanafil tablet 10 mg price
dutasteride prescription ireland
dutasteride prescription ireland
semaglutida para que es
semaglutida para que es
proscar 5mg for hair loss
proscar 5mg for hair loss