Teror Wengi Aktivis HAM

Yusril Ihza Mahendra nemenake kasus kang nemahi Andrie Yunus mujudake serangan marang nilai-nilai dhemokrasi lan jejege HAM ing Indonesia. Merga aktivis HAM mono nyambut gawe kanggo kapentingane rakyat lan negara.

Nadyan bengi, nanging rekaman CC­TV iku isih cetha sinawang. Ngatonake tin­dak-tanduk nyu­bri­ya­ni priya loro numpak sepedha motor matic. Wong loro pawakan pidegsa iku sekawit katon wira-wiri ing pra­telon Jalan Salemba 1 lan Jalan Ta­lang, Jakarta Pusat,  Kemis bengi, 12 Ma­ret 2026 watara jam 23.37.  

Lelorone age-age muter kendharaane nungka sawenehe priya kang teka saka arah lelawanan. Sengaja mapag arahe sepedha motor sasaran, priya tanpa helm ing boncengan age-age nyiratake enceran kimia mbebayani menyang raine nom-noman gondrong sing ora liya Wakil Koordinator Komisi untuk Orang Hilang dan Korban Tindak Kekerasan (KontraS) Andrie Yunus (28 taun).

Bubar nyirati Andrie Yunus, pelaku age-age mbandhang ngedohi lokasi. Botol plastik wadhah banyu keras kang wis ko­thong diuncalake. Anadene Andrie Yu­nus njerit sesambat ngaruara merga separo raine, gulu lan dhadha krasa kemranyas. Tatu kobong ing awake nggayuh 24 per­sen. Dheweke ngebrukake sepedha motor matic-e, nglukar jaket lan klambine saking ora kuwate ngampet lara. Panjerite Yunus ngundang tekane warga. Warga  ngira Yunus kurban begal.

Warta Andrie Yunus disirati banyu ke­ras dening pawongan misterius cepet su­mebar ing kalangane aktivis hak asasi ma­nungsa (HAM). Umume ngarani mena­wa apa sing dialami Yunus mau kadidene te­ror fisik gegayutan karo kegiyatane kur­ban kang gandhang nywarakake panulak baline sistem militerisme ing panguripane warga kaya duk jaman Orde Baru.

Novel Baswedan, mantan penyidik KPK sing uga tau diteror banyu keras dening pa­wongan misterius sasi April 2017 ngan­dharake, pelaku dinuga nga­rah patine An­drie Yunus. Sebab, anggone nyiramake cair­an kimia iku dipenerake rai. Yen asep cairan mau kairup mlebu paru-paru, kan­dha­ne Novel, kurban bakal ngalami seseg ambegan sing doh blaine bisa njalari tinggal donya.

Andrie Yunus (nomer loro saka kiwa) ing Polda Metro Jaya, 4 Juni 2025.
(Foto Antara)

Andrie Yunus dicilakani samulihe ngisi rekaman podcast mawa tema Remiliterisme dan Judicial Review di Indonesia ing kantor Yayasan Lembaga Bantuan Hukum Indonesia (YLBHI) Jalan Pangeran Diponegoro, Pegangsaan, Jakarta Pusat. Nadyan pulisi durung mesthekake pakarti­ne pelaku magepokan karo kritike Yunus marang militerisme, nanging kanca rowang sasamane aktivis HAM yakin menawa apa sing nemahi pemudha pawakan gedhe dhuwur iku ora uwal karo aktivitas-e ing babagan sabela wong cilik.

Tanggal 15 Maret 2025 Yunus tau nrobos Hotel Faimont Jakarta, papane rapat ndhelik-ndhelik anggota DPR kang ngrembug revisi Undang-Undang TNI. Yunus nuntut rapat tinutup iku diuwisi jalaran nyidrani rakyat sing urip kecing­krangan. Ing atase DPR wis duwe kantor dhewe, yagene ra­pat ing hotel mewah. Kejaba kuwi, rapat kanthi sesi­dhem­an mau isine ora bisa dikoreksi dening masyarakat.  Petugas keamanan rerikatan ngglandhang Yunus sakanca metu saka hotel.

Rong dina sawise Andrie Yunus diteror, Kapolri Jendral Listyo Sigit Prabowo ngandharake entuk dhawuh mligi saka Presiden Prabowo Subianto amrih nglarah prekara kuwi nganti tuntas. Sapa wae pelakune, dhalang lan motif ing sa­mburine, kabeh kudu dibukak blak. Jendral Sigit pratela pulisi wis tumandang saploke tampa lapuran tindak ka­dur­janan marang Andrie Yunus mau. Nganti Panjebar Semangat munggah cetak, Selasa, 17 Maret 2026, pelaku teror durung kecekel.

Wong Papat?

Patang dina candhake, Senen, 16 Maret 2026, Direktur Reserse Kriminal Umum Polda Metro Jaya Komisaris Besar Polisi Iman Imanuddin nggelar konferensi pers mbiwarak­ake asil penyelidikane pulisi. Iman kandha pulisi wis njupuk 86 kamera pengawas kang ngrekam tindak-tanduke pelaku saka maneka sudhut. Rekaman kamera pengawas kang di­analisa penyidik mau dijupuk saka sistem ETLE, 27 duweke Diskominfotik Jakarta, 8 duweke Dinas Per­hu­bungan Jakar­ta, lan 44 duweke warga.

Adhedhasar analisis sementara, kandhane Iman, sa­du­runge Andrie Yunis disirati banyu keras, disumurupi mena­wa pelaku wis nguntit kurban wiwit sore. Pelaku sing gung­gunge wong papat mau karekam kamera pengawas wiwit saka kawasan Jakarta Selatan. Kapapate nuli nglumpuk ana ‘titik kumpul’ ing Jalan Medan Merdeka Timur sakiwa tengene Stasiun Gambir. 

Sabacute wong papat mau mandheg sangareping KFC Cikini karo ngenteni liwate Yunus. Bareng Yunus wis liwat tumuju kantor YLBHI ing Jalan Diponegoro, wong papat iku age-age ngiting saka mburi. Kabeh ngenteni ana papan lindhuk nalika Yunus isih rekaman podcast ing YLBHI. Loro ing antarane banjur methal tumuju pratelon Salemba 1 saperlu nyanggong mulihe Yunus, wondene loro liyane tetep ing panggonan sekawit kanggo ngabarake samangsa-mangsa kurban wis rampung podcast. Mulih saka YLBHI, Yunus karekam kamera pengawas kober ngisi bensin ana SPBU Cikini Raya.

Praupane pelaku teror saka rekaman CCTV.
(Foto repro)

Sawise eksekutor kasil nyirati raine Yunus, kapapate terus mlayu mencar. Loro nglawan arus ing Jalan Salemba 1 tumuju Senen. Saka Senen bablas menyang Jalan Kramat Raya banjur ngarah Tugu Tani lan Stasiun Gondangdia. Pergerakan-e uwal saka kamera pengawas sawise mban­dhang menyang wewengkon Jakarta Selatan. Dene wong loro liyane ngebut tumuju Jalan Pramuka Sari 2, Matraman lan Jatinegara. Kang pungkasan disumu­rupi ing Jalan Otto Iskandardinata, Jakar­ta Timur, sadu­rung­e uwal saka kamera pengawas.

Pakar psikologi forensik Riza Indragiri darbe panemu, ndulu urut-urutan gerake pelaku wiwit saka ‘titik kumpul’ nganti tekan lokasi tempat kejadian perkara, dhe­weke yakin upaya nyilakani Andrie Yunus mau rinancang sadurunge. Na­nging Riza durung yakin menawa pelaku­ne wong-wong kang linatih. Alesane, ing rekaman CCTV disumurupi menawa ek­se­kutor loro ora nganggo topeng satemah raine katon cetha. Pelaku uga kanthi sem­brana nggu­wang wadhahe banyu keras ngono wae ing tengah dalan sing gam­pang ditemok­ake pulisi kanggo ba­rang bukti.

“Yen rinancang pancen iya, nanging yen pelakune wis linatih, dakkira ora. Mer­ga yen wong sing wis linatih nindak­ake teror, kiraku mesthi bakal ngrukupi raine supaya ora dikenali pulisi,” kandha­ne Riza nalika talk show ing stasiun televisi swas­ta, Senen bengi 16 Maret.

Menteri Koordinator Hukum, Hak Asa­si Manusia, Imigrasi dan Pemasyarakatan Yusril Ihza Mahendra nduga penyerangan marang Andrie Yunus wis terorganisir. Kanggo ngungkap motife, penagakan hu­kum ora kena mandheg marang pelaku la­pangan. “Aktor intelektual samburining pelaku uga kudu diungkap,” ujare Yusril lumantar katrangan tinulis, Jumuah, 13 Maret 2026.

Miturut Yusril, Presiden Prabowo ndu­we­ni komitmen kuwat njunjung supre­masi hukum, dhemokrasi lan HAM. Mula pamarentah ora arep menehi toleransi marang pelaku tindak kekerasan apa wae bentuke, becik marang aktivis lan dudu aktivis. “Senadyan kurban penyerangan mau sebrangan sikepe karo pamarentah, tetep diayomi negara. Buktine Presiden Prabowo asring ngundang pihak-pihak sing beda panemu diajak dhiskusi ana Is­tana. Ora masalah,” tuture Yusril. Tumrap Yusril kasus kang nemahi An­drie Yunus mujudake serangan marang nilai-nilai dhemokrasi lan jejege HAM ing Indonesia. Merga satemene  aktivis HAM mono nyambut gawe kanggo kapen­ting­ane rakyat lan negara. “Njejegake HAM lan dhemokrasi mujudake amanat kons­titusi,” kandhane Yusril.

Panulis: Kukuh Setyo Wibowo

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 360

14 Comments

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *