Keteg Gawai Nyobeng ing Tapel Wates Borneo

Jam 04.11 WIB swara musik Dayak Bidayuh isih keprungu saka Omah Adat Baluk, Dhusun Sebujit Baru, Desa Hli Buei, Kecamatan Siding, Kabupaten Bengkayang, Provinsi Kalimantan Barat awal Juli 2026 kepungkur. Musik tradhisional iku ditabuh wiwit bengi sadurunge, lan terus diunekake nganti parak esuk. Swara musik mau aweh pratandha marang masyarakat sakiwa tengene papan kono amrih enggal nglumpuk menyang Omah Adat Baluk jalaran sedhela maneh ritual adat kawiwitan.

Ketua Panitia Nyobeng 2026 Gregorius Gunawan nerangake, tumrap warga Dayak Bidayuh, Omah Baluk ora mung saderma bangunan adat, nanging uga ruwang spirtitual papan panggonane donga-donga diunjukake. Uga papane ngundang rohe leluhur, sarta ngreksa sesambungan antarane manungsa, alam sarta alam alus amrih tansah seimbang.

Ora gantalan suwe Kepala Adat Desa Hli Buei Amin anak Dot teka ing Omah Adat Baluk kanthi dituntun dening anake, Gregorius Gunawan, saperlu mendhegani ritual paduapm, yaiku prosesi ngundang roh lelulur amrih njangkung lakune prayaan. Amin iketan kain putih minangka simbule kasucen. Prosesi sakral iku dipungkasi unine tetabuhan alat musik tradhisional sing wis dadi perangane upacara Gawai Nyobeng turun tumurun.

Sadurunge ritual rampung, Amin anak Dot kober lungguh ana lambe jendhela Omah Adat Baluk karo undang-undang warga amrih padha nglumpuk. Amin ngajak kabeh warga mangayubagya “tekake” roh lelulur kang bangkit maneh sawise diundang. Masyarakat percaya pangundange Amin mau dirungu dening arwahe leluhur kang manggon ana gunung-gunung lan ngare-ngare wilayah Serawak, Malaysia, papane komunitas Dayak Bidayuh dumunung.

Nalika srengenge saya dhuwur, swasana kampung adat mau wimbuh kemruwek rame. Ucapan “Sugeng Gawai” keprungu saut-sautan saben warga siji lan sijine simpangan. Esem lan salaman ngiringi jangkahe masyarakat sing mara menyang Omah Adat Baluk kanggo melu puncak prayaan Gawai Nyobeng utawa kang katelah Nibakng 2026, sawijine tradhisi kanggo ngunjukake rasa syukur marang asile panen sing turah sarta pandonga supaya panen sabanjure uga becik asile.

Mungguhe masyarakat Dayak Bidayuh, Nyobeng dudu sekadhar prayaan adat. Tradhisi kasebut uga dadi srana ngraketake paseduluran, ngukuhi idhentitas budaya, sarta ngurmati warisan leluhur. Sibujit Baru entuk berkah saka rejane ritual kuwi. Sebab warga Serawak uga akeh sing mara saperlu nonton tradhisi ritual adat kang wis lumaku turun turumurun iku. 

Warga Serawak kang ngelengake nonton ritual mau ora dianggep tamu, nanging dianggep  bageyan saka krabate dhewe kang wis sesambungan kanthi rukun wiwit sadurunge Pulo Borneo disigar dadi wilayah Indonesia-Malaysia. Sebab panggunane basa komunikasi sarta adat istiadat ing antarane warga masyarakat kang kapisah garis tapel wates negara kuwi yektine padha wae.

Bupati Bengkayang Sebastianus Darwis kang ngestresi Gawai Nyobeng 2026 nuturake, tradhisi leluhur mau wis kabukten bisa ngreksa karukunan ing antarane warga tapel wates. “Tradhisi Nyobeng nggawa warisan piwulang luhur, yaiku gotong royong, kekadangan, pakurmatan marang adat budaya, sarta urip rukun ing satengahe prabedan,” kandhane Darwis.

Prayaan sangsaya regeng dening penampilane tarian Dayak Bidayuh, ditambah prosesi-prosesi budaya bacute. Lomba menek pring sing dipanjer ing tengah lapangan mimbuhi kahanan tambah semarak lan kebak rasa seneng. 

(Foto & Teks: Jessica Wuysang/ANTARA)

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 393

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *