Kanthi persiapan kang mepet, Hindia Belanda minangkani undangane FIFA supaya melu Piala Dunia 1938. Arepa mung paribasan timun wungkuk jaga imbuh, nanging mungguhe Indonesia Piala Dunia 1938 nggaritake kenangan endah.
Kutha Reims, Prancis, 5 Juni 1938.
Wasit nyebul sempritan tandha kick off tetandhingan ing Stadhion Velodrome Municipal diwiwiti. Sorot mripate 19 ewu penonton katujokake menyang tengah lapangan. Tim bal-balan kang lagi adhep-adhepan ing dina kuwi kaya-kaya njomplang takerane. Ing sisih kiwa, pemain-pemaine ketok kunthet. Dhuwure rata-rata 160-165 centimeter. Kulitane nyawo mateng. Diseseli dening pemain jangkung kulit putih kang mangar-mangar praene saben kena panase srengenge. Tim campuran iku ora liya Hindia Belanda, salah sijine wakil saka Benua Asia.

Kosok baline, tim ing sisih tengen para pemaine katon padha sentosa dhadha baune. Dedege lawung, pakulitane putih. Otot-otote singset, ngatonake blegere olahragawan profesional. Tim kuwi mujudake kekuwatan anyar saka Eropah iring wetan, Hungaria. Yen disawang pindhane kurcaci mungsuh raseksa. Lan kaya kang diramal sadurunge, Hindia Belanda wekasan kasoran dening Hungaria. Skore telak, 6-0 alias kebobolan setengah lusin.
Najan digundhuli mungsuhe, nanging tetandhingan kang dipimpin wasit Roger Conrie saka Prancis kuwi kuwi mujudake sejarah wigati tumrap bal-balan Hindia Belanda kang tembene dadi Indonesia. Sebab kanggo sing sepisanan Indonesia bisa melu jrone pesta bal-balan paling akbar sajagad raya: Piala Dunia. Piala Dunia 1938 ing Prancis mujudake turnamen kaping telu sawise Uruguay 1930 lan Italia 1934.
Piala Dunia 1938 kang dieloni 15 tim, mujudake turnamen pungkasan kang digelar sadurunge Prang Donya II njeblug. Sasuwene Prang Donya II campuh, Piala Dunia kepeksa vakum 12 taun lawase. Suprandene arepa mung paribasan timun wungkuk jaga imbuh, nanging mungguhe Indonesia Piala Dunia 1938 wis nggaritake kenangan endah.
Partisipasi-neIndonesia ing Piala Dunia 1938 mau sing sepisanan uga sing pungkasan. Sebab nganti seprene, negara kang kepengin banget ngambali lolos kualifikasi turmanen agung patang taunan iku durung bisa nyembadani impene. Maneka kupiya wis dileksanani, klebu ngimpun para pemain naturalisasi kang main ana klub-klub Eropah. Nanging nganti Piala Dunia 2026 digelar ing Amerika Serikat, Kanada lan Meksiko, pambudidaya iku durung nguwohake asil.
Lolose Indonesia menyang Piala Dunia 1938 kena diarani beja. Sawise wurung ngadhepi Jepang ing babak kualifikasi, Indonesia dijadwalake ganti ngadhepi Amerika Serikat ing kutha Rotterdam, Belanda. Para pemaine Indonesia teka ing Rotterdam kawit seminggu sadurunge tandhing. Adhedhasar undhiane FIFA, pemenang antarane Indonesia vs Amerika Serikat bakal ketemu Hungaria apa Yunani.
Nyedhaki tanggal tetandhingan, ujug-ujug Amerika kirim telegram kang surasane batal ngadhepi Indonesia jalaran kahanan politik global nyedhaki Prang Donya wiwit semlenget panas. Ora mung saderma murungake ngadhepi Indonesia, nanging Amerika uga mundur saka ajang Piala Dunia 1938. Indonesia sing presasat entuk duren ceblok, wekasan mlaku lembehan tumuju Prancis, lolos Piala Dunia tanpa kemringet.
Kerajaan Belanda nyengkuyung banget budhale Indonesia menyang Prancis jalaran ngiras-ngirus digunakake kanggo propagandha. Belanda kepengin nuduhake marang donya internasional menawa arepa jejere minangka negara penjajah, nanging nyatane bisa urip rukun karo negara-negara sing dadi koloni-ne, klebu Indonesia.
Kiprah Sepisan lan Pungkasan
Hindia Belanda cancut tali wanda melu babak kualifikasi Piala Dunia 1938 sawise entuk undangane FIFA. Organisasi bal-balan Hindia Belanda, Nederlandsch Indies Voetbal Unie (NIVU), rerikatan ngadani seleksi pemain. Puluhan calon pemain timnas asil saringan saka klub-klub lokal, “diperes” dadi kari 17 dening anggota Komite Teknis NIVU cacah telu, yaiku R. E. Weiss, J. C. J. Mastenbroek lan J. Koenekoop.
Pemain cacah 17 sing akhire dinyatakake lolos saringan yaiku Mo Heng (Malang), Samuels (Surabaya), Frans Hukom (Bandung), Anwar (Batavia), Van den Burg (Djokja), Faulhaber (Semarang), Pattiwael (Batavia), Soedarmadji (Surabaya), Tan See Han (Surabaya), Taihitu (Batavia), Hong Djien (Surabaya), Van Beuzekom (Batavia), Nawir (Surabaya), Zomers (Batavia), F. Meeng (Batavia), Telwe (Surabaya) lan Harting (Surabaya). Wondene posisi pelatih dipercayakake marang wong Landa, Johannes Christoffel van Mastenbroek.

Kanggo nodhi kekuwatane timnas, NIVU nganakake rerangkening uji coba menyang Solo, Yogyakarta, Bandung, Semarang, Batavia, lan Medan. Konsep-e uji coba werna loro. Konsep sepisan, timnas dipecah dadi rong tim, inti lan cadhangan. Tim cadhangan digamblokake karo pemain-pemaine klub lokal kang dadi lawan tandhinge, kanggo ngadhepi tim inti. Konsep kapindho, tim inti lan tim cadhangan digabung ngadhepi klub lokal.
Uji coba sepisanan dileksanani ing Solo, 26 Februari 1938. Ing kono timnas menang 5-3. Sedina candhake, uji coba dibacutake menyang Yogyakarta lan timnas menang telak 4-1. Sektor tengahe timnas antuk pangalembana merga bisa mitontonake permainan sing solid.
Tanggal 11 lan 12 Maret 1938 giliran klub ing Bandung kang disambangi kanggo uji coba. Kebeneran ana salah sijine klub lokal Bandung kang lagi butuh lawan tandhing tim kuwat kanggo persiapan kompetisi antar-kota. Jroning uji coba mau timnas kalah 0-4.
Para pemaine ngaku kekeselen jalaran sepur bengi sing ditumpaki saka Batavia lagi tekan Bandung jam 11.30 gara-gara telat telung jam. Nanging miturut analisane para pakar bal-balan Bandung, kekalahane timnas iku luwih disebabake dening kurange motivasi. Kejaba kuwi, tim lokal Bandung dipikuwati dening pemain-pemain kang ora lolos seleksi timnas Hindia Belanda, saengga maine luwih ngotot.
Kekalahan mau nuwuhake rasa pesimise para pengamat bal-balan. Pemain-pemaine timnas Hindia Belanda diwawas ora nduweni kemampuan teknik sing istimewa. Kejaba kuwi, maine uga kurang ngaya. Sebageyan pengamat wiwit mitakonake yagene pemain-pemain sing lolos seleksi mung didhominasi saka Jawa? Seleksi sing mung dipunjerake ing Jawa, njalari bakat-bakate pemain ing luwar Jawa ora bisa diweruhi, utamane ing Medan lan Makassar kang dikenal minangka gudhange pemain bal.
Ngrungokake kritikane para pengamat, NIVU banjur ndandani materine timas. Nalika uji coba ing Semarang, NIVU nyoba nambah materine pemain timnas sanjabane wong 17 kang lolos seleksi. Salah sijine pemain tambahan mau van Beuzekom, kiper kang manjila ing klube, Caumans saka Bandung. Ewadene seselan pemain anyar mau durung ngatonake asil kang maremake. Ngadhepi Voetbalbond Semarang en Omstreken (VSO), timnas diglontor 1-5.
Dina kapindho ing Semarang, timnas ganti ngadhepi sawijine tim kang pemain-pemaine dumadi saka kombinasi etnis Jawa lan Arab. Timnas bisa ambegan lega jalaran jrone tetandhingan iku kasil menang kanthi skor 11-1. Ewasemono kemenangan gedhe iku ditanggepi adhem dening para pengamat. Sebab, lawan uji cobane timnas kuwi dudu klub sing kulina latihan rutin. Ora mokal yen bisa dijagal kanthi skor kang telak banget.
Kekalahane Timnas Hindia Belanda ing Bandung lan Semarang dadi kawigaten seriuse NIVU lan Komisi Teknis. Luwih-luwih dina tempuke gawe Piala Dunia 1938 kari kurang sedhela. Saka asile evaluasi, dibutuhake pimpinan kang keconggah mandhegani tim ing lapangan (kapten). Tanpa kapten, maine timnas katon ora kompak. Wusana Nawir, sing kerep dadi pemain cadhangan, dipilih minangka kapten. Evaluasi liyane, NIVU ora arep nambah pemain maneh. Tim kang arep dibudhalake menyang Prancis tetep dumadi saka wong 17 asile seleksi.
Ing dina-dina pungkasan sadurunge budhal menyang Prancis, timnas kober nganakake uji coba ing Malang, Surabaya lan Batavia. Ana Malang lan Surabaya, timnas menang. Nanging ing Batavia, timnas kasoran kanthi skor 1-4 saka klub Batavia Bondeftal. Merga wis ora ana wektu maneh kanggo dandan-dandan, wekasan tim sing ana kuwi dibudhalake menyang ajang turnamen Piala Dunia 1938 liwat Pelabuhan Tanjung Priok, 27 April 1938.
Ewon penggemar nguntabake budhale ing pelabuhan. Mangkate timnas kang diangkut kapal MS Baloeran duweke Rotterdamsche Lloyd iku padha nganggo sragam NIVU. Tanggal 30 April 1938 lakuning kapal kober mampir Medan. Ing kutha kasebut timnas nglodhangake wektu uji coba mungsuh Oost Sumatra Voetbal Bond (OSVB) lan kasil menang kanthi skor 4-2.
Indonesia-Prancis ditempuh nganggo kapal laut mbutuhake wektu sesasi suwene. Kanggo ngilangi rasa bosen sasuwene ana ndhuwur kapal, para pemain digawekake jadwal kegiyatan. Tangi esuk umun-umun diwajibake langsung senam kebugaran. Sawise adus, jam 8 thit kudu wis lungguh kupeng ana ruwang makan. Sabubare sarapan, tumrap sing isih bosen, dicawisi meja pingpong lan kolam renang. Bengine sadurunge mapan turu, para pemain diwenehi materi-materi teknik ngenani bal-balan.
MS Baloeran wusana mepet ing Pelabuhan Marseille, Prancis, 17 Mei 1938. Pemain lan ofisial timnas mbacutake laku menyang kutha Den Haag, Belanda, nggunakake sepur. Udan deres tumurun nalika sepur mandheg ing Stasiun Den Haag. Najan para pemain padha ndhrodhog kadhemen, nanging swasana meriah pamapage KNVB (organisasi bal-balan Belanda) kuwawa njalari awak krasa anget.
Ing Den Haag, para pemain timnas disubya-subya lan disugata panganan enak. Ing Hotel Duinoord, Kutha Waseenaar papane pemain timnas nginep, dicawisake menu khusus panganan Hindia Belanda (Indonesia) sing kulina dikonsumsi ing tanah Jawa. Jrone wektu kang sangsaya nylepeg, pemain uga kober digawa menyang stadhion duweke klub-klub bal-balan ing kutha Den Haag. Pamrihe supaya bisa adaptasi karo swasana stadhion ing Reims, Prancis.
Najan wis disiapake kanthi cukup mateng, nyatane Timnas Hindia Belanda ora mangga pulihan lumawan Hungaria. Tetandhingan ing kutha Reims iku kiprah sepisan lan pungkasan tumrap Hindia Belanda nganti ing tembene ganti jeneng dadi Indonesia.
Panulis: Kukuh Setyo Wibowo


