
Nalika asmane diundang pranata adicara munggah panggung kanggo nampa piagam pangaji-aji Sutasoma Balai Bahasa Jawa Timur kategori Sastrawan, Sunarko “Sodrun” Budiman (65 taun) isih bisa jumangkah kanthi sigrak, Rebo, 15 Oktober 2025. Nanging bareng didhaulat paring ‘sepatah dua patah kata’ atas pangaji-aji sing ditampa mau, dumadakan swarane Sunarko geter. Eluhe kumudu ambrol ketang ora kuwat ngampet rasa trenyuh. Ewasemono pengarang senior sing seneng guyon iku isih bisa mbanyol.
“Aku iki ora luwe, nanging kokpengin nangis,” kandhane Ketua Sanggar Triwida kuwi ing papan acara, Aula Tjut Nyak Dien Balai Bahasa Jawa Timur, Jalan Gebang Putih, Sukolilo, Surabaya.
Kang Sodrun -paraban akrabe Sunarko Budiman- pratela menawa rasa trenyuh mau teka merga dheweke eling karo swargi garwane. Miturut pensiunan guru ing wilayah Kecamatan Kauman, Kabupaten Tulungagung mau, sasuwene 46 taun mangun bebrayan, sisihane, Datiek Daryati, kanthi setya ngurupake lampu meja, nyawisake kopi lan ngresiki mesin tik manual sing arep dienggo miwiti ngarang. Lelakon-lelakon jaman kawuri mau bali tumabet.
Uwal saka swasana trenyuh sing dumadakan nglimputi, Sunarko ngrasa bombong dene bisa antuk anugrah Sutasoma mbeneri sasi Oktober 2025 iki. Sebab taun kepungkur, Oktober 2024, dheweke uga nampa pangaji-aji saka Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset dan Teknologi (Kemendikbudristek) kategori sastrawan Jawa sing wis “berkarya” luwih saka 40 taun tanpa pedhot. “Pangaji-aji sing daktampa saiki wis komplit,” tuture.
Sunarko ngakoni menawa sawernane pangaji-aji sing ditampa mau sethithik akeh brekat kalawarti Panjebar Semangat lan Jaya Baya sing asring macak karya-karyane. Kepara karyane Sunarko Budiman sing sepisanan dipacak Jaya Baya tanggal 12 Agustus 1979. Saploke 1983 dheweke total ambyur menyang donyane sastra Jawa lan aktif nganti saiki, klebu ngurusi Sanggar Triwida sing anggotane wis sumebar tekan ngendi-endi.

(Foto-foto: KSW)
Balai Bahasa Jawa Timur taun iki mbacutake ‘tradhisi’ taunane aweh pangaji-aji marang pitung kategori pelestari basa lan seni. Kejaba Sunarko “Sodrun” Budiman ing kategori Sastrawan, pangaji-aji uga ditampakake marang kategori Guru Bahasa dan Sastra Daerah (Supriyoko saka SMPN I Parang, Magetan); kategori Guru Bahasa dan Sastra Indonesia (Suwarsono saka SMPN I Puri, Mojokerto); kategori Komunitas Sastra (Kampung Jerami Sumenep); kategori Karya Sastra Indonesia (Yohan Fikri); kategori Karya Sastra Daerah (Abdullah Fauzi) lan kategori Kritik Sastra (Nanda Alifia Rahma).
Supriyoko uga ngrasa bungah sarta bombong sawise nampani piagam pangaj-aji kategori Guru Bahasa dan Sastra Jawa. Miturut dwija sing uga sregep nulis iki, salah siji sing nyemangati dheweke mulang basa Jawa yaiku Suprawoto, Bupati Magetan Periode 2019-2024. Kebeneran Suprawoto uga duwe kawigaten kang gedhe marang ajuning sastra Jawa, saengga ana kecocogan karo Supriyoko.
Nalika Suprawoto isih nglenggahi kursi Bupati Magetan, Supriyoko pinercaya nggerakake literasi abasa Jawa ing donyane pamulangan. Dheweke uga tinanggenah ngadani pelatihan ngarang basa Jawa kanggo guru-guru SMP. Ayahan-ayahan saka bupati mau bisa ditindakake kanthi becik. “Atur panuwun kula ingkang tanpa upami dhateng panjenenganipun Bapak Suprawoto ingkang sampun paring motivasi saengga kula sansaya semangat mucal,” ujare Supriyoko.
Kepala Balai Bahasa Jawa Timur Puji Retno Hardiningtyas nuturake kepengin terus mbudidaya amrih anugrah Sutasoma tetep dadi rutinitas taunan. Apamaneh, ngendikane Puji Retno, aula Balai Bahasa Jawa Timur wis ora nguciwani yen dienggo nggelar acara anugrah. Ing taun-taun sadurunge, kegiyatan Anugerah Sutasoma dileksanani ing hotel lan Gedhung Cak Durasim Taman Budaya Jawa Timur, Jalan Gentengkali, Surabaya.
“Saiki Balai Bahasa wis duwe ruwangan sing cukup representatif kanggo nggelar Anugrah Sutasoma,” pratelane Puji.
Kegiyatan Anugerah Sutasoma 2025 dirawuhi dening para akademikus, antara liya dhosen Universitas Negeri Malang Djoko Saryono, dhosen Universitas Negeri Surabaya Darni, lan dhosen Universitas PGRI Adi Buana Surabaya Soim Anwar. Kejaba kuwi pasarta kang rawuh uga saka kalangan komunitas sastrawan, yaiku Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (PSJB), Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya (PPSJS), Sanggar Triwida lan mahasiswa.
Acara wimbuh regeng awit penampilane seni kentrung remaja saka Sanggar Gedhang Godhog, Campurdarat, Tulungagung; pamacane geguritan abasa Jawa, Using lan Medura, sarta musikalisasi puisi dening komunitas seni Kampung Jerami Sumenep. (KSW)
Panulis : Kukuh Setyo Wibowo
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







