Nyengkuyung Konsep Night Zoo, KBS Ditata Maneh

Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya bakal nata maneh Kebun Binatang Surabaya (KBS). Bab iki ditindakake kanthi tujuane kanggo ningkataké daya tarik wisatawan sing teka menyang KBS.

Wali Kota Surabaya Eri Cahyadi njlentrehake, sing bakal ditata pemkot wiwit saka perangan ngarep KBS. Yaiku, lawang mlebu, lawang metu, lan plasa sing ana ing cedhake patung Sura lan Baya. Ora mung nata tampilane wae, KBS uga bakal ditambahi koleksi kewan anyar ing wektu cedhak mengko.

“Gegayutan karo lawang mlebu, lawang metu, lan plasa-plasa sing ana ing KBS. Amarga iki nyengkuyung KBS, kita uga bakal oleh kewan anyar amarga anane kerjasama karo Jepang, dadi tambahan kewan ing KBS,” ujare Walikota Eri Cahyadi nalika ditemoni ing KBS, dina Jemuwah kepungkur (24/4/2026).

Wali Kota Eri nambahake, rencanané kewan anyar sing bakal ngenggoni KBS ana pirang-pirang pasang. Nanging, Pak Eri ora ngandhakake jinis kewan apa sing bakal ditekakake menyang KBS kuwi. “Tunggu tanggal mainé ae,” ujare.

Wali Kota Surabaya sing akrab diundang Cak Eri Cahyadi iku ngandhakake, anggone nata bakal diwiwiti wulan April 2026. Rencanané, bakal rampung antarané September nganti Oktober mengko.

Cak Eri nerangké, jroning nata Pemkot duwe rencana nggabungaké lawang mlebu lan lawang metu KBS. “Dadi wong-wong iku nalika ndeleng (KBS) duwe raa kepengin mlebu. Kayangapa desainé, surprise mengko, KBS bakal ganti dadi apik banget,” tandhese.

Sauntara kuwi, Kepala Dinas Perumahan Rakyat lan Kawasan Permukiman uga Pertanahan (DPRKPP) Kota Surabaya Iman Krestian njelasake, Pemkot bakal nata KBS diwiwiti saka tampilan njabané dhisik. Rencanané, tampilan njaba KBS mengko bakal luwih terbuka lan digawe luwih nengsemake.

Iman nyebutaké, tujuan nata iki amrih tampilan ngarep KBS luwih temata rapi. Utamané ing bagean ngarep lan lawang mlebu sing tumuju menyang area njero KBS.

Iman nerangaké, anggone nandangi bakal ditindakake jroning wektu cedhak iki. Kekarone akses lawang mlebu lan plasa KBS sisih kidul lan lor bakal digarap bareng. Konsep desain sing diusung yaiku Organik, cocog karo KBS. “Paralel kabeh iki ya, kita butuh wektu nem wulan kanggo ngrampungake. Pokoke taun iki rampung, amarga sing digarap relatif cilik,” jelasé.

Iman nambahaké, kabeh iki tujuane kanggo tampilan anyar supaya KBS luwih nyenengake kanggo pengunjung. Kajaba iku, terangé, iki uga kanggo ndukung konsep night zoo, supaya luwih akeh maneh sing kesengsem menyang KBS.

“Pak Wali yo njaluk supaya nengsemake konsep night zoo-ne bisa luwih disuguhake marang warga lan warga kegodha menyang  KBS. Ya iki luwih dipromosekaké manèh,” pungkasé. (d)***

Editor : Donny Tunggul

Sumber : Rilis Pemkot Sby

Bagikan artikel ini
Donny Tunggul
Donny Tunggul
Articles: 20

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *