Kunjarakarna; saka Relief Candhi Jago menyang Panggung Ruwatan Tumpang

Swasana bengi iku ing Gedung Rakyat Tumpang krasa beda. Wulan Sura mentas wae teka, lan warga Desa Budaya Tumpang padha ngumpul jroning swasana kang khidmat nanging uga regeng. Ing panggung, kelir putih wis disiyapke kanggo mainake lakon tokoh-tokoh wayang Gagrak Malangan, sauntara kuwi gamelane wiwit keprungu lamat-lamat, nata atine penonton kanggo nenikmati sawijining crita sing kebak makna: “Kunjarakarna Ruwat.”

Kanggone warga Tumpang, ruwatan Wulan Sura Be 1960 / Muharam 1448 H iki dudu mung pagelaran seni. Iki mujudake ritual, sawijining ihtiyar bareng kanggo njaga harmoni, reresik dhiri, lan ngramut warisan budaya.

Srah-srahan tokoh wayang Kunjarakarna dening wakil saka BP Kebudayaan Jawa Timur marang ki dhalang Soleh Adi Pramono sadurunge acara ruwatan kawiwiti. (Dok. Panitia)

Bengi kuwi, prosesi Murwa Bumi mbukani acara, dipimpin dening dhalang Ki Soleh Adi Pramono. Pandonga lintas agama ora lali diucapake, nandhesake yèn budaya mujudake papan sapatemon, panggonan toleransi tuwuh bareng.

Acara iki digelar dening Lembaga Adat Desa (LAD) Tumpang bebarengan Pemerintah Desa Tumpang. LAD mujudake lembaga panggerak kabudayan sing dibentuk sawisé Desa Tumpang ditetepake minangka Desa Budaya, kang ing taun 2026 iki wis mlebu taun katelu pangembangane.

Relief sing Urip Maneh

Lakon Kunjarakarna dudu crita anyar. Crita iki asale saka relief Candhi Jago ing Malang, tinggalan abad ka 13 sing nyimpen crita-crita kebak filosofi. Relief kuwi nggambarake lelakone Kunjarakarna, sawijining raseksa sing golek dalan tumuju sesuci dhiri. Jroning lakon kuwi, dhèwèké wani nindakake lelaku spiritual, sinau bab kabecikan, lan pungkasane nemokake tegese pengabdian.

Saikine, crita sing katatah ing watu kuwi urip maneh ing panggung wayang.

Relief Kunjarakarna ing Candhi Jago

“Ruwatan Wayang Kulit kanthi lakon Kunjarakarna Ruwat iki mujudake ihtiar kita kanggo nguripake maneh crita relief Candhi Jago supaya ora mung dadi warisan watu, nanging uga dingerteni, dipentasaké, lan diwarisake marang generasi sabanjuré. Iki salah sijine wujud nguwatake identitas Desa Budaya Tumpang minangka desa sing urip bebarengan budayane,” kandhane Siti Nurvianti, Ketua Lembaga Adat Desa Tumpang.

Miturut dheweke, Kunjarakarna dudu mung saderma tokoh mitologi, nanging kaca benggala lelakone manungsa: saka peteng menyang padhang, saka srakah nuju wicaksana.

“Kita kepengin relief kuwi ora mung dadi tinggalan arkeologi, nanging uga dadi sumber inspirasi seni lan pendidikan budaya,” tambahe Siti Nurvianti.

Kanthi cara iki, warga Tumpang ora mung njaga candhi minangka situs sajarah, nanging uga nguripake ‘nilai-nilai’ sing ana ing jerone. Relief dadi lakon, lakon dadi piwulang, lan piwulang dadi identitas budaya.

Antusiasme sing Nyawiji

Sasuwene pagelaran, warga Tumpang keli jroning swasana. Bocah-bocah padha lungguh tharik-tharik ing ngarep panggung, mripate padha padhang ndeleng klebate tokoh-tokoh wayang.

Sawenehing warga Tumpang kang padha melu prosesi Murwa Bumi ing Gedung Rakyat Tumpang. (Dok. Panitia)

Kegiatan iki uga dirawuhi maneka unsur pemerintahan, kabudayan, lan masyarakat, ing antarane BP Kebudayaan Jawa Timur kang diwakili dening Bapak Firdaus Ardiansyah, jajaran Muspika Kecamatan Tumpang, Kepala Desa Tumpang Widiarto, S.E., Presidium Dewan Kesenian Jawa Timur, perangkat Desa Tumpang, Badan Permusyawaratan Desa (BPD) Tumpang, tokoh lintas agama, para seniman dan budayawan saka maneka daerah ing Malang Raya, sarta sawenehing tamu mancanegara saka Amerika Serikat. Para tamu saka Amerika Serikat ksb katon ngungun, mbuktekake yèn nilai-nilai spiritual lan estetika seni padhalangan bisa nembus wates budaya.

Rawuhe para tamu engga sponsor kaya Otoritas Jasa Keuangan (OJK) iki nuduhake yèn pelestarian budaya dudu mung saderma prakara komunitas lokal. Nanging iki tanggung jawab bebarengan, sinergi antarane pamaréntah, masyarakat, lan donyaning usaha.

Sawenehing tamu mancanegara saka Amerika Serikat kang uga melu ruwatan. (Dok. Panitia)

Lan, Tumpang minangka Desa Budaya, nandhesake komitmené: njaga tradhisi sekaligus ngembangake. Ruwatan Kunjarakarna dadi bukti yèn pelestarian budaya ora mandheg ing watu lan situs, nanging terus urip jroning seni, pendidikan, lan kauripan padinan.

Desa Budaya sing Urip

Tumpang, sing wiwit taun 2023 disengkakake minangka Desa Budaya, saikine mlebu taun katelu pangembangane. Identitas iki dudu mung saderma label, nanging praktek nyata: nguripake tradhisi, ngajarake aji, lan ndadekake budaya minangka sumber kawruh.

Ruwatan Kunjarakarna dadi salah sijining tunggak penting, negesake yèn budaya ora mung dijaga, nanging uga dikembangake supaya cocok karo jamane.

Lan bengi kuwi, Wulan Sura krasa luwih mandhes. Relief Candhi Jago sing bisu ing watu saiki micara liwat obahing wayang.

Candhi Jago

Kunjarakarna bali teka, dudu minangka mitos sing adoh, nanging minangka piwulang urip sing cedhak: yèn satemene saben manungsa, cilik utawa sing gedhe pisan, padha duwe dalan tumuju kabecikan.

Nuwun. ***

Editor : Donny Tunggul

Sumber : Rilis LAD Tumpang, Malang

Bagikan artikel ini
Donny Tunggul
Donny Tunggul
Articles: 42

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *