Rena-Rena
Share your love
Rena-Rena

Reregen Per-Peran Tradhisi Suku Madura ing Pamekasan
Manungsa nuduhake rasa bagya lan panuwune awit kanugrahan sumber pangan padinan, werna-werna carane. Kaya kang ditindakake warga suku Madura ing Pamekasan. Ana reregeng sing dieloni dening sakabehe warga, gedhe cilik enom tuwa. Arane: per peran. Per peran mujudake tandha bungahe…

Tidore Nguri-uri Paji Nyili-Nyili
Dudu pawai arak-arakan ing wayah padhang, utawa upacara lan niges tumpeng, Suku Tidore nduwe ritual unik kanggo mahargya dina ambal warsane kutha kepuloan kasebut. Yaiku, paji nyili-nyili, kang digelar wiwit tengah wengi. Para nom-noman saka sakehing desa Tidore padha nglumpuk…

Kasiyate Si Abang Putih Rerenggan Bumbon Pawon
Brambang lan bawang dadi bumbu pawon kang meh ora bisa dipisahake saka olahan panganan saben dina. Ambune kang khas lan rasane kang gurih ndadekake kalorone kerep digunakake kanggo wimbuh nyamlenge rasane maneka warna panganan. Saliyane meh ora tau absen ing…

Kaistimewaan Shalat kang durung akeh dingerteni Wong
Shalat mujudake salah sawijining kuwajiban tumrape umat Islam. Kepara shalat mujudake pambeda antaranewong muslim lan kafir. Nanging, pranyata shalat nduweni kaistimewaan kang durung akeh dimangerteni wong, yaiku minangka sarana ngresiki dosa. Ing ngisor iki kita beberake dhahsyate saben gerakan jroning…

Kuliner Indonesia Nyocogi tumrap Ilate Warga Thailand
Sepuluh mahasiswa Universitas Negeri Surabaya (Unesa) padha kajibah ngadani program Mobilitas Akademik (MA), nedhengi wulan Budaya Nuswantara, kanthi ngenalake kaskayane budaya Indonesia marang para mahasiswa lan warga sivitas akademika Walailak University, Thailand. Wulan Budaya Nuswantara sing dimaksud kuwi yaiku kegiyatan…

Dolanan Tradhisional khas Nuswantara
Nuswantara nduweni maneka werna adat lan budaya. Ana ritual kang ajeg katindakake amarga magepokan karo kapitayan, padinan, uga panglipuran. Malah uga ana dolanan, kang adate ditindakake dening bocah. Dolanan-dolanan tradhisional kasebut saiki dadi kaskayane bangsa, warisan budaya. Dolanan apa wae…

Melukat, Tradhisi Sesuci ing Bali
Melukat, iku sesebutane. Wujude reresik kanthi srana banyu, kanthi ancas sesuci badan, ati, lan pikiran. Melukat klebu ritual adat kang wis run tumurun ing masyarakat Bali. Asale saka tembung sulukat. Su tegese apik, lukat maknane sesuci.Dene kang minangka sranane utama…

Kubur kuwi Panggonane Kabeh Umur
Kerep banget menungsa ngangen-angen yen patine isih adoh, engga dheweke kerep mati-matian anggone mburu impen donyane lan lirwa marang akerate. Mangka, wis akeh bukti yen wong kang kita temoni kang angenangene padha nanging ujug-ujug pati wis mapag dheweke. Mula bab…

Otonan Pengetan Dina lair sing Kagelar Nem Sasi Pisan
Laire ponang jabang bayi wis salumrahe nuwuhake rasa bungah ing kulawarga. Wongtuwane, uga sekabate bebarengan ngupakara amrih bayi kasebut tumangkar kanthi becik, nir ing sambekala. Kejaba bab nyukupi butuhe pangan lan sandhang, salah sijine uga kanthi nindakake tradhisi adat. Kaya…

Dhukutan lan Dhawuhan Tradhisi ing Pereng Gunung Lawu
Bebrayan Jawa nduweni sakehing adat tradhisi. Ana sing lumrah dingerteni ngakeh, mbokmenawa ya jalaran ditindakake dening meh kabeh gonggoman lan tataran. Ananging uga ana kang beda, mligi, utawa malah nyeleneh. Kang arep kaandharake ing kalodhangan iki, ritual kang adate kagelar…
Apa SejatineKhasiyate Jae? Khasiyate Jae? Khasiyate Jae?
Para maos isih kelingan ora, yen rega jae mundhak ndedel nalika wiwitane pageblug korona? Jae kang klebu empon-empon (rimpang) iku laris manis jalaran dianggep minangka tulak lelara. Malah, ana kang nggawe racikan, salah siji bahane jae, lan diwenehi tenger: jamu…

Eling Urip Eling Mati
Genti gentene kabar lelayu mujudake sunatullah, sawijining bab kang ora disumelangake maneh dening umat menungsa, apu kuwi sing mukmin apadene sing kafir. Mula kuwi, sadurunge pati kuwi ngampiri kita, perlu kita nyiapake kanthi; iman, takwa, tobat, lan sakehing amalan soleh…












