Badan Riset lan Inovasi Daerah (BRIDA) Kutha Surabaya njurung pangecake sistem budidaya perikanan kanthi basis silvofishery ing wilayah pesisir. Langkah iki ditindakake kanthi nggabungake tanduran bakau (mangrove) karo budidaya iwak ing area tambak kanggo nguwatake ekosistem lingkungan lan nambah pengasilane masyarakat pesisir.
Kepala BRIDA Kutha Surabaya, Agus Imam Sonhaji, ngandhakake yèn pihaké bebarengan karo Dinas Ketahanan Pangan lan Pertanian (DKPP) andum peran jroning ngembangaake wilayah pesisir. DKPP fokus mbina masyarakat, dene BRIDA tanggung jawabe ngembangake riset.
“Nah, kita ndeleng sakjane ana konsep sing jenenge silvofishery. Yaiku gabungan antarane bakau ing ndhuwur tambak karo iwaké,” ujare Agus, Senen (25/5/2026).

Dheweke nerangake, asil panalitèn nuduhke yèn integrasi bakau ing wilayah tambak ora nyuda produktivitas lahan. Kosok baline, anané bakau malah bisa mbentuk ekosistem alami sing ndhukung tuwuhé biota perariran.
“Yèn tambak dicampur bakau, ora ngurangi asil (iwak) tambak, malah tambah akeh asilé,” kandhane Agus.
Senajan ngono, Agus ngakoni yèn pangecake sistem silvofishery isih perlu edukasi sing akeh marang masyarakat pesisir sing sasuwene iki kulina nganggo cara konvensional. Mula saka kuwi, BRIDA nyiapake sawatara wilayah tambak percontohan utawa pilot project. Program iki nduwèni tujuwan supaya para petambak bisa ndeleng langsung efektivitas lan ningkate asil panèn sadurunge ngecakake kanthi mandiri.
“Kita nduwèni sawenehing area sing bisa dicoba, kadhang wong bakal pracaya yèn wis ngerti asilé, oh iya (asil) bisa akeh ya,” kandhane.
Agus ngajab konsep silvofishery bisa dicakake luwih jembar supaya bisa nambah asil perikanan lan mesisan nambah jembare alas bakau ing Surabaya.
“Insyaallah iki terus kita sebaraké supaya mengko iwaké tambah akeh nanging alas bakau uga tambah amba. Asilé mengko, hawa Surabaya bakal tambah adem, akèh oksigené,” pangajabe.
Saliyane pangembangan ekosistem pesisir, BRIDA uga nyiapke inovasi menu khas pesisir kanthi bahan asil perikanan Surabaya kanthi ngajak sawenehing perguruan tinggi.
“Kita bakal nyoba gawé menu-menu spesial khas pesisir. Mesthi wae ora ijenan. Kita ngajak kolaborasi sakèhing kampus sing nduwèni kemampuan kuliner sing apik. Insyaallah ora suwe maneh, sesasi, rong sasi, iku rampung,” ujare.
Ing babagan liyané, Agus bali nandhesake yèn Kebun Raya Mangrove (KRM) nduwèni peran strategis njaga wilayah pesisir Surabaya saka abrasi segara. Saliyane kuwi, ekosistem bakau ora mung ana gandhengane karo vegetasi, nanging uga dadi papan uripe maneka biota pesisir.
“Ekosistemé ora mung tetanduran, ana kéwané uga, umpama kepithing lan liya-liyané. Kuwi uga kita kepéngin yèn bisa ngasilake luwih akèh,” ujare.

Dheweke nambahaké, kawasan mangrove Surabaya ana ing wilayah Gunung Anyar lan Wonorejo. Wilayah kuwi ora mung digunakaké kanggo konservasi, nanging uga dadi pusat edukasi lan riset.
“Kebun raya kuwi saliyané kanggo konservasi uga ana edukasine, plus riseté. Mula kuwi (Kebun Raya Mangrove) ana ing pangelolaane BRIDA, merga papan kanggo riset,” pamungkase. (d)
Editor : Donny Tunggul
Sumber : Riliss Pemkot Surabaya



